Cengkir, Pecel Gedhang lan Urap Gedhang

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 18 Februari 2023 11:30 WIB)
- Kuliner



Hing maido Banyuwangi bengene kesuwur minangka "kota pisang". Sakat taun 1920an ana wong Landa hang nandur gedhang. Bibite dijuwut teka Buitenzorg alias Taman Nasional Bogor. Merga subure tanahe - tanah ring pareke gunung iku akeh minerale teka peledhosane gunung - aju ditanduri wit sembarang kalir lan merujuk subur. Landa hing mung nandur gedhang, taping uga kopi, teh, karet lan soklat. Kabeh merujuk lan dirawati seperene.
   Aju taun 1926, merga gedhange ndadi sampek diekspor nang Ostrali liwat pelabuhan Boom hang disebut Boom meneng, merga hing ana ombake. Panggonane saiki dadi Marina hang ana ring ngarepe gudhang. Bengen iki gudhang gedhang lan kopra. Kopra lan gedhang sedurunge dikirim nong luar, dikelumpukaken sulung nong kene. Ekspore nang Ostrali mandheg rikala Jepang mulai melebu Indonesia, kelebu Banyuwangi.
   Julukan "kota pisang" wis hing tau dienggo merga gedhang saba utamane akeh hang diserang hama. Masiya tawis akeh jenis gedhang liyane kayata gedhang Berlin, gedhang Kayu, gedhang Srinyonya, gedhang selakat, gedhang Lempeneng, gedhang Raja, gedhang welut, gedhang Tajinan lan liyane.
   Maneka maceme gedhang iki setali tiga uang ambi akehe olah-olahan hang nganggo bahan gedhang.
   Kayata hang paling anjerah ditemoni gedhang goreng (hang gedhange wutuh mung disigar tengahe taping sing sampek tugel), aju ana lempang-lempung (gedhange diiris kothak cilik-cilik), ana uga gedhang goreng endhog (gedhange digawe bunder dawa lan adonan gelepunge rata merga cara nggorenge digiligaken nganggo suthile, dadi hing ana gerupile kaya ring gedhang goreng biyasah). Ana cengkir, perecet gedhang, keripik gedhang (ana wong Using hang ngarani cengkoweh), lempog gedhang. Ana hang dipepe sulung dadi gedhang sabun, aju keneng dipangan digu bain utawa didadekaken dhanggoreng sabun. Durung maning hang diolah kaya sumping, kolek, setup, pecel gedang, urap gedhang lan gedhang keluthuk hang digerus dadi ragine rujak.
   Jare mbok Lita Asjkari, cengkir iku mau digawe teka gedhang setengah mateng aju digoreng hing kathik lenga, utawa lengane sithik sukur dioles-oles nang wajan makene hing njangget. Aju diwolak-walik ambi rada dipenyet setengah gosong aju dideleh nong puring lan diuwur-uwuri gula pasir.
    Beda maning ambi hang aran pecel gedhang. Jare embahe mbok Mariatul Kiptiyah resepe kaya gedigi: gedhang hang wis tuwek tapi durung mateng seru dikenceti aju dibakar. Marek dibakar dipenyet lan dicemplungaken ring banyu gula, aju tepak disuguhaken diweni kokoh santen kenthel.
   Beda maning resep embah adone mbok Ermi Rosana, hang diarani urap gedhang. Gedhang tuwek hang magih atos dikukus,  aju diirisi kothak-kothak. Marek digu diurab ambi parutan kelapa enom lan diuwur-uwuri gula putih ambi diendohi uyah sithik
   Pokoke telung resep nong ndhuwur iku cocog diamik-amik tepak usum mendhung lan udan gedigi. Gancang yarawis ditandangi.

Poto: mbok Wiwik Kedhung Lewung

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor