Ceplak Dos

Dian Pratama (dipublikasikan pada Senin, 20 Januari 2025 10:46 WIB)
- Esai



Kadhung wayahe usum udan teka, ning dhaerahrika magih akeh lalare kang udan-udanan tah? Biyasahe ring pirang-pirange panggonan, udan-udanan iki diarani kecek. Kang kecek iki biyasahe ya mung lalare cilik, paling gedhe ya lare SD tahwis. Jarang ditemoni lare kang wis gedhe milu kecek.

Ngomongaken kecek, isun dadi iling bengen tepak magih cilik. Isun iki wong Bangunrejo (Garit Kulon), umahe bapak isun ring kono. Kadhung emakisun wong dusun Garit Wetan, dadi ya jejeran kampung. Dudu wong Using kadhung sing werna-werna, utawa desa mawa cara. Udan-udanan iku akeh arane, ana kang ngarani kecek, udan-udanan, uga ana kang ngarani ceplak dos.

Rika tau rungu ceplak dos? Isun bain kang wong kampung dieleti ambi lurung ya sing ngarti. Bengen tepak magih cilik, magih ana ruwahe adon, isun tukangane diejak memengan nong adon, kang umahe ring Garit Wetan. Ketepakan iku usum udan. Kaya dene lare cilik liyane, pokoke udane teka ya sakkal njaluk milu kecek.

“Maak, isun kepingin kecek”, abanisun bengen gedigu.

“Mong, aja udan-udanan, bulakane kadheman, aju pileg”, emakisun nyauri.

Tapi, wong pas nong umahe Adon mesthi bain putune dibelani. Mulane saiki akeh content creator hang nggawe pidio, gok adon utawa embah iku dadi pahlawane putune.

“Genengena poh wis Beng, wong lare kepingin kecek belokon, kana njuwuta keresek nong pawon”, jare Adon nguwel emak isun.

“Asiikk”, abanisun ambi kencal-kencal merga wis diulihi kecek.

Sing sepira suwe emak teka pawon nggawa keresek cilik. Isun bingung arep dinggo paran keresek iku mau. Temokene yara dinggo nutupi endasisun myakne sing keneng banyu udan. Jare adon makene sing pileg.

“Napuwa ditutupi keresek, Don?” isun takon nong Adon.

“Makene sing keneng banyu udan, bulakane engko pileg, aja dicoplok ya Tik”. Adonisun kadhung ngomongi ambi ngalem-ngalemi putune.

Serta isun wis siyap, durung pati metu teka lawang, ana misananisun, putune adon pisan, ngejaki isun kecek. Tapi, ngomonge dudu kecek, iyane ngomong ceplak dos.

“Dian, ayo milu ceplak dos,” ajake dulurisun.

“Emong Cak, Isun arepe udan-udanan”, jaresun nyauri.

“Heh, yaiku ayo bareng, milu ceplak dos”, abane Cak Nizar tetep ngengkel ngajak bareng.

“Emong Cak, memengana wis, isun nak udan-udanan”, isun ya milu ngengkel, wong arep udan-udanan kok dijak ceplak dos iku parane, gedigu isun mbatin.

“Lik, wong ngganteng, ceplak dos iku ya udan-udanan iku mau. Rika iki kelendi sih Tik, wong Garit sing ngarti ceplak dos iku kelendi”, adonisun nyauri ambi gemuyu-gemuyu.

Temokene ceplak dos iku ya kecek utawa udan-udanan iku mau. Embuh apuwa diarani ceplak dos isun ya tetep sing paham. Tapi, sakdurunge nulis iki isun takon nyang emakisun, apuwa gok iku diarani ceplak dos. Jare, aran iku dijuwut teka suwarane lalare kang udan-udanan, kecepakan nong banyu udan, aju mencolot pas niba bumi iku ana suwarane “dos”, dadine diarani ceplak dos.

Masaalah kadhung wis ngomongaken wong Using iki pokoke. Sugih lan ana bain budayane. Ucap isun ya ana hang ngomong ihun, isen, hun. Ndahne budaya kang apik gedigi iki arep rika tinggal? Ayo roh wis aja isin, ayo diuri-uri bareng.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gambar Meta Ai

Editor: Antariksawan Jusuf