Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 07 Mei 2023 09:29 WIB)

Cercen: Laskar Bayu


Laskar Bayu

dianggit: Moch. Nur Rofiq

     Kemeliwas kemeliwes, kelibese angin dalu dikancani suwarane godhong lan empange kayu gedhi, membat mayun milu lakune angin, katon ring bucu desa temorot temancebe oncor hang teka jajang ring dhuwure banyu hang mili santer, panggonan iku hang aran guwa Sadong, papan panggonan Ki Lembu Pasangan ngatur siyasat perang tukar ambi VOC, petenge bengi lan sintrune hawa nggawa rasa tambah wingit ring papan panggonan iku. Serta wis padha kumpul para Laskar Bayu, Ki Bekel Kebalen hang aran Sudun ngawiti gesah,.

“Mardhika... sedulur sanak lan kadangisun wong Belambangan. Welanda saya suwi saya seru karepe dhewek, iki tanahisun lan Rika, ajaa sak werane lemah Belambangan hang nak diempet, sak kil bain bisa nublekaken amuke rakyat Belambangan kabeh, mayo njaga lan bareng-bareng ngatur siyasat perang kanggone ngadhang VOC hang nak melaku nyerang Bayu, kelendi miturut Rika Ki?" Takone nyang Ki Lembu Pasangan.

    Ki Lembu Pasangan nyaut, ‘’Iya Ki, mumpung kabeh padha kumpul ring kene, Isun njaluk tulung kesuk sak durunge serngenge muntup, Rika kabeh kudu wis bisa masang sunggrak hang wis diencepakaken saket soren mauka ring juglangan hang digawe ring kulone desa Balungbang, sakwise serngenge melecer bareng-bareng Isun lan Rika mangkat nyang Bayu, makene ring panggonan hang ana sunggrake mauka dijaga Ki Kuda Kedhapan lan Ki Sumur Gemuling, sakteruse laskar paser lan tumbak ngancani Ki Kidang Selendit nyerang teka ndhuwur uwit, enggo nyuda makene sing kari akeh pasukan Welanda hang nak njujug ring Bayu.

Sak uteran para jaga bela mauka manthuk- manthuk, setuju ambi siyasate Ki Lembu Pasangan, saya bengi hawane saya njelu, kabeh para Laskar Bayu metu ngelakoni paran hang wis dadi tugase dhewek-dhewek, teka tengahe bengi hang sintru ana seliwere uwong nganggo kelambi cemeng melayu ring ndhuwure wit-witan ring parek para Jagabela hang ngersaya, Ki Sudun madhep mendhuwur ambi ndudud keris hang disengkelit ring boyoke, Ki Sudun masang kudha-kudha lan jurus kanggo ngadhepi pendhekar hang sing katon wujude mau.

 "Heh sapa Sira, aja delosap-delusup ring njerone wit-witan, meriniya Sira Sun keteg gulunira," Ki Sudun ambi mencak-mencak, aju kerise dikiwas-kiwasaken. Teka ndhuwur katon mudhun cemelorot ambi ngguser teka ndhuwure uwit, serta gadug ngisor wong mau ambi mungkruk sing endak nyaut pitakone Ki Sudun, endhase nganggo caping rada didelesepaken ring raine. Ki Sudun sekala mencolot ambi melayu sikile sing katik nemplek nyang lemah, ambi miber Ki Sudun nyuduk wong mauka, taping wong hang sing dikenal iku ngales terus serangane Ki Sudun serta wis rada suwi Ki Sudun umik njero ati,

 ‘’Using tah uwong iki, jurus juruse lan dedege kaya dudu wong adoh."

Teka parekan caping hang tememplek ring endhase dicoplok diserawataken nyang uwit, sak kal uwit mauka gempung sibrak dadi 2, Ki Sudun mara nyang uwong mauka taping sing padha nyerang lan tukar, sentore ulan bengi nyentori peraenane uwong mauka, dadi wong loro iki langsung peluk-pelukan lan nguweni gereget kanggo mateni VOC lan antheke. 

Sing weruha uwong hang nganggo caping lan tukaran ambi Ki Sudun mauka Ki Sapi Gemarang teka songgon, nguweni kabar kesuk VOC nak nyerang Bayu ambi para antheke wayah serngenge wis sak ndhuwure endhas, teka Medura senopati hang seru sektine milu nyerang bayu, kanggone ngelakoni perintahe VOC, Alap-Alap dikongkon mateni rempeg.

 Sunggrak-sunggrak wis cemepak apik, hang tugas ring Bayu melaku ngulon, hang nyegat tekane VOC wis siyap.  Ampak-ampakan teka wetan Alap-Alap ana ngarep nunggang jaran dikancani Kapten Heinrich disawang seru sagahe, ring mburine dietutaken laskare hang royak rame kaya wis karuwan menang.

Enak-enak melaku teka desa temorot ‘’Grosakkk..." abane laskar Medura hang jemeblus mengisor, kabeh padha bingung, sak liyane temeblug sing siji loro, teka VOC akeh hang mati, wayahe lengah mara-mara ana suwara ‘’amuuuuuuuk’’ , tombak, tulup, dibalang- balangaken, akeh teka laskar Medura lan Landa padha njekatang, Heinrich melayu ngulon ambi nunggang jaran, teka Bayu dicegat mas Rempeg Jagapati, pasukan Medura kawitane ngelawan naming ndeleng amuke laskar Belambangan, laskar Medura lan VOC bingung golet panggonan sengidan, padha kocar-kacir golet selamet dhewek-dhewek, Alap-Alap hang berengose mongkleng lan dedege jejeg bain weruh amuke Laskar Bayu hang kaya gedigu melayu golet selamet, Kapten Heinrich hang keweden ndudud bedhil hang disengkelit ring bangkikane, naming Ki Sudun bekel Kebalen hang weruh ambi tingkahe Heinrich sak kal mbalangaken tombak, naming luput.

“Ciyaaat! Bangka Sira Landa," abane Ki Sudun ambi mbalangaken tumbak, naming tumbake luput nyeseg sithik lengene Heinrich. Heinrich lan Alap-Alap melayu ngecir balik nyang panggonane. Laskar Bayu menang kabeh padha girang, naming sing lali ambi hang nguweni menang yaiku Gusti Hang Maha Suci, kabeh padha ngucap sukur.

HeInrich lan Alap-Alap, tukar padu dhewek, ‘’Heh?’ Kowe orang Alap-Alap, saya bayar mahal kowe untuk bunuh itu Jagapati, tapi kamu orang kecil punya nyali he, Godverdomme." Alap-Alap mung temungkul bain kemisinen, Heinrich duwe kekarepan mbalekaken mulih Alap-Alap, nyang Medura, naming van Schaar sersan Landa iki, ngenyokaken awake kanggo nyerang Bayu. Nganteni Heinrich, van schaar janji bisa menang, kelambi jirah hang diparoti Van Schaar dienggokaken Alap-Alap, makene Alap-Alap sing tedhas dikapak ura ambi Rempeg lan laskare.

Perang durung pungkas, laskar Bayu terus jaga-jaga  lan terus ngelawan Landa ambi gerilya, sing sithik hang mati bangka teka pihake VOC lan Medura, tekade rakyat Belambangan kanggo njaga sak kil lemah Belambangan sing bisa dibayar lan digambaraken nganggo paran bain hang ana ring donya iki, asih bakti kanggo pertiwi tetep dibelani sampek tumekani pati.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor