Anggitane: Andi Sep Kurniawan
(Minggu, 16 Maret 2025 08:42 WIB)

Cerita Bengen Wayah Damar Mati


Soren bengi, emak muring-muring sing karuwan merga damar mati, sakat padhang sampek dalu sing murub-murub. Gedigu udane ya sing mandheg-mandheg. Isun hang ngerungokaken sampek sing omes. Ale emak wis ngarti kadhung iyane duwe riwayat darah tinggi, magih dhemen bain celathu. Sing kakang, sing embok, kadhang milu ngengetaken.

Apak mara-mara teka ring sandhinge emak. Emak sakat mau mecucut, sapa lan paran bain keneng uwel, kayatah sandhal hang arep dienggo sing nyanthol-nyanthol ya bisa dadi sasarane iyane. Mula tah wis, pokok kudu-kudu gemuyu nulih tingkahe emak hang wis emeh dadi buyut iku. Semono uga apak wis ngarti hang wadon gedigu, ya paceke nggudha, nggeredho, pungkasane keloronan ngakak bareng. Karepe apak, emak hang duwe riwayat darah tinggi makene sing methentheng terus, pikirane makene sing tegang.

“Perasanisun kari suwi murube ya, parane endane hang rusak?” takone emak hang wis sing serantan. Embuh takone nang sapa. Emak bingung kadhung wayah damar mati gedigi matane kurang pati awas, embuh arep melaku nong kamar, utawa arep nang cedhing.

“Sulung tah emake, hang sabar, magih dibecikaken paling,” apak semaur ambi rada ngudang. Mula apak kadhung nyeluk wong wadone kaya anake, emake.

Mati lampu saiki sing kari sara kaya bengen. Magih durung akeh senter kaya saiki, uwong-uwong padha nganggo lilin, paling akeh ya telempik. Kadhung bengen, lenga gase entek kari tuku nong tukuk. Beda ambi saiki, sarane mung wayah sentere lali ngecas, batune HP uga kari sithik, paran maning saiki uwong adol lilin wis jarang, padha bingung kabeh nggolet urub-urube, kayatah hang dirasakaken saiki, memed golet lilin.

Ring wayah dalu iku, pungkase dadi enget-engeten jamane apak lan emak magih enom. Apak cerita akeh, kayatah penggaweyan paran bain hang dilakoni apak ambi emak, ngumbara merana-merene, kelendi sarane nggolet beras, sampek-sampek cerita kelendi bingunge bisa mangan, dibelani ngukus mbothe dienggo ngganjel weteng. Isun ambi wong wadon hang sakat mau ngerungokaken sampek milu kerasa-rasa, sampek sing mandheg ulihe ngucap sukur merga wis diuweni nikmat kaya saiki.

Sepine dalan hang biyasahe rame lan damar hang durung murub-murub nggarai apak lan emak saya enget-engeten jamane bengen. Apak ngangkati kelendi ulihe iyane bisa nduwe rawatan sapi sampek saiki. Iku ulihe apak lan emak mbara nyang Kaliasin (Saiki Karangrejo). Apak bengen mburuh nyang wong sugih hang ana ring dhaerah Kampung Melayu, Banyuwangi. Penggaweyan apak nganggo teter, kadhung emak hang ngancani apak megawe. Ulihe megawe dijuwut dienggo mangan taping njuwute sak cukupe, lebihe disimpen ring juragane nawi ana keperluwan liyane.

“Emake, Rika magih enget bengen leles paran dienggo ngganjel wetengrika?” takone apak ambi nggeredho emak. Emak hang weruh ya gemuyu ambi ngembung iluh.

Emak cerita kadhung bengen wayah apak lan emak melaku, iku mampir leles poh hang temeblug. Aju kadhang wayah melaku megawe apak nemu perujukane gembili iku dijuwuti aju ditandur ring pekarangane umah. “Melaku megawe masa nunggang sepidhah, ya bengen iku melaku iku wis,” jare emak nang isun. Cemeh tah, teka Pondoknongko melaku ring Karangrejo, sampek gadug Kampung Melayu.

“Pantes nggih, uwong-uwong bengen sehat-sehat. Arep sing sehat kelendi? Soale arep tandang paran bain ya tingkah. Beda ambi jaman saiki, arep melaku nang warung tanggane bain nunggang sepidhah, ya pantes akeh hang keneng asam urat,” semaurisun ambi rada nggeredho apak lan emak.

Lilin hang mulane wutuh sing kerasa wis kari sithik, emeh entek. Ulihe apak lan emak cerita nggarai sing mandheg-mandheg ngucap sukur hang gedhi. Dalu iku wis meh jam 11, taping damar sing murub-murub, anakisun hang magih umur telung taun uga sing bisa turu polae iyane biyasah turu kelawan damar murub. Isun wis lapor ring PLN nganggo aplikasi PLN Mobile hang wis ana ring HP-nisun. Nawi magih durung ketemu ring endi masalahe.

Emak magih meneng nganteni damar hang durung weruh kapan murube. Isun ambi wong wadon sing otak-atik paran-paran, merga HP-ne dienggo senter ring pirangane titik. Anak magih ebuk ring memengane. Apak aju nambahi cerita wayah njuwut picis ring juragane hang alamate ring Kampung Melayu mauka. Ceritane iku njuwut picis arep dienggo selametane emak mitoni, tepak metenge embokisun, anak penggarepe. Kadhung sing salah jare apak sekitaran taun 1982. Apak ambi emak rada tenang mergane ana hang keneng dicageraken. Aju mari megawe, apak lan emak melaku merana. Ana ring tengah-tengah dalan, apak cerita kadhung emak mara-mara mandheg ngetakaken uwong kari seru ayune, putih, langsing, ngadeg ana ring njerone tukuk. Emak hang mulane mau meneng cep, weruh dalan ceritane hang lanang gemuyu sing mari-mari. Ulihe gemuyu ketheng seru, pantese ana kedadeyan hang sing bisa dilalekaken.

“Apuwa Rika, emake?” jare apak negesi emak hang magih gemuyu. Apak uga ngongkon emak nerusaken ceritane.

Emak aju cerita, wayah melaku gadug nong ngarepe Gedung Irama (Saiki NSC), iyane nulih tukuk hang akeh uwong-uwong ayu, putih, aju manis dienggoni kudhung. Emak hang kaju mau ahire nyeluk apak, “Kang Mis, tulihen tah uwong iku kari ayu, penganggone kari apik.”

Ngarti diceluk ambi hang wadon, apak mandheg, nulih nyang hang diduduhaken ambi emak. Serta wis weruh, apak nguwati arep gemuyu ngetakaken emak. Semono uga emak, serang kajune sing melaku-melaku. Ahire apak ngajak emak melebu nginceng, taping emak hing gelem merga sing juwari. Temune apak nguweni weruh, “Emake, tulihen tah, iku patung dudu menungsa.” Emak hang weruh jawabane apak mau ahire njuwut jangkah, melaku ngadohi tukuk, sakdawane dalan iyane gemuyu sing mari-mari. Mulane apak durung mari cerita emak wis gemuyu ngabeti. Weruh pungkase kaya gedigu ahire isun ambi wong wadon ya milu gemuyu kepingkel ketheng, ulihe emak sing weruh kadhung iku patung. Endane tah wis sing weruh antarane iku meneng ambi ubah-ubah.

“Ya Allah Gusti,” ucape emak ambi nyekeli wetenge kaku sing mari-mari gemuyu.

Pungkase cerita, emak wis sing kuwat kadhung nganteni damar murub. Iyane selongoban terus. Emak sing kaya bengen awake, saiki rada suda, terus mari keneng setruk dadi kurang pati seger. Apak hang paham emak wis ngantuk, iyane ngajak emak turu. Lilin hang magih kari siji digawa apak memburi ring kamare. Isun lan wong wadon nganteni anak hang durung bisa turu, dikeloni tetep bain iyane keweden. Pungkasane anak turu dhewek merga kekeselen memengan.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor