Anggitane: Hasan Sentot
(Minggu, 19 April 2020 10:01 WIB)

(Cerita Cendhek)


Serngenge mangkat merambat munggah. Panase nyebar nyerambahi uwite-uwitan lan sekehe tanduran. Isun milih ngopi nung warunge Bik Anjarah, ambi ngilangi rasa ngantuk. Sega Cawuk hang ditawakaken Bik Anjarah sun tulak alus, merga weteng sing pati elom seru. Orog-orog ambi kopi, iku pilihan kanggo isuk iki. Ambi ngenteni wong wadon mulih teka dodolan janganan, uga anak wadon hang mesti angger dina Minggu isuk metu sak  kanca.

Warunge Bik Anjarah iki mulai rame. Dodolan terima sega cawuk kanggo sarapan isuk lan jajan-jajanan kuna wong jaman bengen. Mulai orog-orog, puthu, apem lan ketan kirip. Paran maning dina Minggu kaya saiki, hang tuku mulai marek mudhun sembayang subuh wis padha antri. Panggonan warunge Bik Anjarah hang mung pirang meter teka Ruang Terbuka Hijau (RTH), ndadekaken wong-wong hang marek olahraga utawa terima momong anake, aju mampir merene. Angger isuk sing terima wong desa kene, malah wong desa liya kerep ndadekaken jujugan.

Enak-enak nguyup kopi, kaya ana hang ngagetaken penyawang isun. Ya, lare wadon hang wis munggah perawan kerungu cecikikan sak kanca. Katon seneng ambi nganggo kelambi olahraga lan sepatu kets. Mata hang rada ngantuk, katon mbelawur nyawang lare-lare wadon hang pelayonan ring RTH mau. Ndeleng penganggone, kaya wis sing ana bedane antarane lare desa ambi kutha. Masiya tah hang dienggo penganggone rega murahan, naming model wis padha ambi lare-lare enom hang kaya ring tipi.

Mata kaya sing bisa kethip, antarane percaya ambi sing. Lare wadon hang cekikikan ambi kancane mau temekaken salah sijine anakisun. Ya, anak untang-anting hang saiki wis kelas 2 SMP.  Pikiranisun mangkat iling jaman laire jebeng, tepak iku isun durung megawe. Aran bingung kedhungsang-dhungsang nggolet silihan kanggo biaya nang bidan aja ditakoni. Emane urip ning desa, sekehe dulur lan tangga padha rukun mbantu.

Lare iku sunweni aran Puspa Sukmawati, ya ngemu karep mane dadi kembange ati. Bisa nyenengaken wong tuwek sak keloron. Serta wis arep umur setaun, Puspa sun tinggal megawe nang Surabaya. Kepeksa isun ninggalaken anak wadon diemong emake dhewek, merga pegaweyan hang ana lan mejaji asile waktu iku anane ning Surabaya. Isun mulih rong minggu sepisan, kadhang dhung repot ya sak ulan sepisan. Butuhe urip sedina-dina lan susu kaya sing tau kasep, pantese iki wis rejekine bayi.

Serta arep melebu SMP, kantor ring Surabaya mulai oleng. Bayaran kerep kesandhet, merga bisnise kantorisun arep bangkrut. Isun mulai kepikiran golet pegaweyan liyane kanggo gantine, naming sampek suwe durung nemu pungkasane isun di-PHK teka kantor. Pesangon mung sithik, sun gawa mulih keneng dienggo daptar anak wadon melebu nang SMP ambi karine dienggo urip sak durunge ulih pegaweyan mugen.

Sing kerasa, iluh mili deredesan ngiling-iling jaman bengen. Paran maning serta weruh anakisun wis munggah perawan. Taping aran pegaweyan durung nemu, malah sedina-dinane isun akeh nuruti ajakane kanca memengan. Kerep uga kepilu kanca totohan picis kelawan main dom, masiya sing duwe penghasilan. Emane duwe wong wadon sabar, sing kathik mbantah lan sing nukari nyang wong lanang. Malah wong wadonisun aju nduwe kerentek dodol janganan lan sayur-sayuran keliling kampung, ambi sepidhah montor ulihe ditukokaken kakange hang megawe ring Kalimantan.

“Horah kono...!”, berake Soleman ambi ngoyag awakisun hang ngelamun.

“Halah, asem Rika iki. Sampek kaget meh tebluk yah," ujar isun ambi gage ngusapi iluh mane sing diweruhi Soleman kadhung isun marek nangis.

“Mikir paran Rika iku, sampek metenggengen sakat mau Sunsawang teka kadohan?” pitakone Soleman.

“Ya sing mikir paran-paran Man. Iku Isun ndeleng anak wadon katon wis gedhe," jawabisun ambi nuding lare wadon sak kancaan hang magih katon seneng guyonan.

“Oh, Puspa tah? Iku memengan ambi Tantri anakisun. Biyasahe kadhung sing nang RTH ya memengan nang umah, pancen kanca sakat SD sampek SMP," jare Soleman.

“Oh.. iya tah Man. Bek Isun sing ngerti yah."

“Mangkane tah, kadhung ninggal megawe adoh nang anak iku aja sampek dilalakekan," ujare Soleman kaya nyodhok nang dhadha.

Marek omong kalamong ambi Soleman, isun aju pamit mulih. Merga wayahe wong wadon teka dodolan. Paran maning anak isun katone arep mungkasi memengane, isun selak sing serantan kepingin ngomong ambi anak wadon.

                               *****

Gadug umah magih sepi, wangune wong wadon durung teka. Isun gage melebu ambi nyapu lan singkrih. Sing sepira suwe, anak wadon katon wis teka.

“Assalamu’alaikum..,”ujare uluk salam.

“Walaikumsalam ...” jawabisun

“Emak dereng dugi tah Pak?”

“Durung ya Beng, paling sedilut maning. Ya wis gage adus, aju sarapan iku sun tukokaken Sega Cawuk ning Bik Anjarah senenganira."

Anak wadon aju telikas adus. Isun gage melebu nang kamare, merga ana hang nggarahi isun kepingin weruh handphone hang digawa, katone apik lan ana headphone pisan. Alae isun sing rumangsa tau nukokaken, apa tah diketokaken pamane? Isun tambah kemesar, serta sun deleng temekaken hape apus-apusan. “Ya Allah, sampek gedigune anakisun”. Isun rumangsa salah lan kedosan, sing bisa nuruti kepingine anak. Sampek rikadaya, serang mane sing ketinggalan.

Isun api-api sing weruh, aju sun takoni anakisun sak  uwise adus.

“Beng, hapenira anyar tah? Apak kok buru weruh mau."

“Alah, anyar napa Pak, niku hape-hapenan," jare Puspa entheng.

“Terus, apuwa Sir enggo memangan sak kanca mau. Weruh tah kancanira kadhung iku palsu”

“Ya mboten semerep Pak. Kersane nyenengaken kanca mawon nggih Pak. Kadung kula nedi hang kaya tunggile kanca-kanca wau, aju nedi teng sinten? Apak nggih dereng medamel. Kula mboten napa-napa kok Pak, kersane rukun sak rencang mawon."

Iluh mata rasane kaya kutah, weruh lan rungu dhewek teka anak wadon hang teges. Sing kathik tedheng aling-aling, ngomong paran anane. Mula gedigu sipate Puspa, makane akeh kancane hang seneng. Dhadha rasane kaya sesek, sing kerasa isun nangis mesesegen.

“Empun Pak, mboten usah dipikir seru-seru. Kula mboten napa-napa kok. Kula nggih nerami, pancen keadaan Apak kaya ngeten. Hang penting kula tasih saged sekolah, emak nggih saged mbantu biyayane. Sengen kula nggih empun natos nerasaken seneng, wayah Apak pedamelane rame. Pantese mawon niki cobaan urip kula kalih Apak lan Emak. Mugi mawon gage udar, kula nggih ndonga mekaten angger tahajud," ujare anak wadon hang sing kerasa milu mbesegen.

“Iya wis Beng, dungakena yoh Apak gage olih pegawean. Rebo ngarep apak arep nang Bali, sabene oleh WA teka Om Saleh kancane Apak hang ning Jember, saiki usahane maju lan butuh tenagane Apak. Sepurane hang akeh ya Beng, Apak sing kaibukan nyang Sira. Apak sing nggatekaken ambi butuhira. Malah Emakira golet pangan dhewek, sing tau sambat. Sing tau mangluh nang Apak hang nganggur lan dhemen main. Sepurane ya Beng. Apak akeh dosane nang sira lan emak sira. Muga kadhung wis duwe pengasilan mugen, Apak bisa netepi kewajiban," isun ngomong dawa ambi ngusap iluh hang derewesan.

“Muga-muga Gusti Alloh ngijabahi pendunganrika Kang. Niyat rika muga kasembadan, aja rumangsa kaboten nang isun lan jebeng Kang. Kabeh wis ngerumasani lan terus ikhtiar sing mandheg-mandeg," jare rabinisun teka mburi. Temekaken iyane sakat mau ngerungokaken omongansiun ambi Puspa.

“Ya Allah, muga-muga bisa nggatekaken kabeh. Muga-muga sing ana ana hang kelalen, muga bisa kaibukan nang kabeh kewajiban."

Wong telu sing kerasa nangis bareng, ambi terus ndonga. Kedadean gedigi iki ya sing tau tumon, merga ewuh lan repot dhewek-dhewek.

“Kang, iku wis ana picis kadhung rika paca berangkat nang Bali," jare rabinisun.

“Kesuwun ya Dhik. Bismillah, Isun emben paca berangkat. Iki mau Mas Sholeh WA maning nakonken kesanggupansiun," pungkas isun.

                                      *** 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf