Anggitane: Andi Sep Kurniawan
(Minggu, 10 Januari 2021 08:42 WIB)

(Cerita Cendhek) Anak Emas


Wis kaitung petang taun lawase lare iki urip ana ring donya hang seru werane iki. Hing kerasa ulihe makani uga wis suwi merga petang taun dudu mung itungan deriji. Petang taun nduweni akeh cerita hang gawe isun kuwat, ihlas, lan sabar. Lare iki hang nduduhaken nyang isun maknane donya.

Hang aran rodha mesthi bain kudu tetep di pancat masiya tah wis rujine kembor, sadhele geleyotan. Ulihe mandheg ya dienggo mbecikaken, sepidhah tetep kudu melaku kelawan dipancat. Bisa ngartekaken ulihe urip nggawa seneng susahe lakon, paran bain hang teka kudu diterima.

***

"Lik, Rus! Gedhang kukusane wis mateng. Wis Hun entas ana ring irig pareke kompor. Acake Putra wenana. Kepingin weruh gelem tah sing," abane emak nawani kukusan gedhang ulihe ngimbu sabene.

"Iya Mak, terima hang gedhi ya. Nak Sun cacak, nawi tah gelem."

"Mak, hing arep ya. Kelendi yuh Mak carane makene lare iki dhemen mangan. Akeh maceme hang di uwakaken, naming ya sing melebu ring cangkeme," abanisun kecut merga anak hang sing pati doyan mangan. Sing kaget ndileng larene ngelepeh ana ring ngarepisun, wis tuwuk. Sembarang kalir hang didulangaken ring cangkeme kayatah sega, iwak maneka werna, ya sing arep. Anak mung siji, seru sara mangane naming ya welas. Paran maning ulihe njaluk tuku memengan meh saben dalu, sekali njaluk kudu melaku. Ambek-ambekane anak yuh, kadhang mikir gedigu.

Lare gawanane mula beda-beda. Mula akeh hang doyan mangan ana pisan hang sing. Awak dhewek hang wis tau gilig, ya kudu mahami kadhung lare cilik mula kudu dimanja, njaluk disayang.

"Pak, aterena mulih ring umahe Embah!"

Mentala mbentak, naming ya eman-eman. Jam wis ana ring angka sewelas, Putra njaluk ring apake kudu ngateraken iyane nong umahe embahe. Ana ambu paran endane, mara-mara ngajaki merana. Hang biyasahe hing tau menga gedigu, malah karep-karepe aja sampe digawa embahe mulih.

***

Ebun ring wayah isuk magih kandel, hawa isuk saya adhem. Kaca cendhela kaya kemulan banyu ebun. Putra lan apake magih melungker keloronan. Hang aran cangkeme padha mangape. Mula wis biyasah gedigu.

Rada suwi, Putra tangi dhewek. Nggugah apake ngajaki adus, hing katik ngomong paran-paran apake Putra agage nggotong iyane melaku nyang cedhing. Teka njero kana, rungu ulihe wong loro mauka gesah-gesahan, guyonan sampek marek ulihe adus.

Putra dipuket nganggo andhuk, digendhong metu nong pelanca ngarepe TV. Awake cindhilen, lambene biru. Naming eseme sing ilang, saben ndileng apake eseme metu. Rusdi apake Putra njangkah njuwut keperluane anake kayatah minyak kayu putih, wedhak, lenga wangi, uga garune.

Embahe Putra teka apake, ngetakaken ulihe wong loro hang rukun. Kadhung miturut tasemakisun, sara kanggone wong lanang bisa tandang sekabehane kayatah ngadusi, nyalini popoke, ngganteni kelambine, lan sepiturute. Biyasahe lare cilik lanang, umeke ambi emake. Kadhung diparekaken ambi apake, akeh bengkerengane. Bapake Putra mula seru welase ring anake.

"Dhuh Gusti, emane apake wis polah ulihe ngerawat anake sakat cilik. Sapa hang weruh, kadhung emake melaku sulung ngadhep Ndika. Putra ya sing tau rewel, Ndika kabeh Hang Maha Weruh ring dalan lakune urip."

***

"Mayo Pak, aterena saiki," jaluke Putra ambi nangis mesesegen. Bapake ya magih heran apuwa gok mara-mara ngajaki ngalor.

Apake aju ngetokaken sepidhah montor, njaglang lan nyetater. Sedhilut iyane meneng, ngenget-enget kedadeyan mauka soren. Putra disusul apake arep diajak cukur, merga rambute wis kaya alang-alang. Naming Putra sing gelem, ahire apake mulih. Dhonge wis soren, ana montor sedhan mandheg ring ngarep umahe, jumbul Putra ambi embahe. Gok, saiki ngejaki balik ring umahe embahe, dalu wis peteng dhedhet.

Kepaksa nunggang sepidhah montor melaku ngalor ambi mata melek merem. Rada suwi rungu abane sepidhah montor, nak weruh wis ring umahe embahe tah durung. Cumpune durung, temakaken Putra njumbul nggawa menganan bedhil-bedhilan banyu ambi meringis girang, menganan hang dituku ring desa sebelah.

"Ngajaki nyang embahe merga ana karepe, alihe sak dawane dalan matane ambi ngelirik, gadug ngarep tukuk nangis njaluk menganan. Ulihe bedhil-bedhilan."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf