Anggitane: Andi Sep Kurniawan
(Minggu, 02 Mei 2021 05:55 WIB)

(Cerita Cendhek) Apak Bain, Anake Aja


Arane uwong tani ya saban dinane ana ring kedhokan, hang mesthi kesiksa ya tangane hang dienggo megawe. Acaketah uwong hang pegaweyane ring njero kantor, kesiksane ya merga mangsi. Mulane wong tuwek bain hang megawe sara, anak-anake aja.

***
Pelasan uling, jangan kelor uga sambel orek wis semandhing ana ring ngarepe mata. Abane selawat wis ana ring tengahe lakon, kari nganteni abane hang mengung tandha gok panganan mauka wis bisa dientekaken. Apak, emak, kakang lan wong wadonisun wis ngubengi panganan. Sing luput banyu es serbet kerai campurane setrup hang diampek sulung. Niung .....

"Kari seger temenan aran gorokanisun ngombe banyu es, sedinaan ana ring panasan kaya wis ketebus ulihe butuh wedang," abane Apak.

"Embuh wis Pak, dina iki serngene kaya morang-moring ulihe nyentori donya. Padha bain kaya Kula, gorokan rasane asat. Ulih bain megawe ngateraken banyu galon ring tukuk-tukuk naming padha bain sing bisa diombe," semaure Kakang.

Mula apak lan kakang megawe ana ring lapangan. Apak saban dinane megawe ana ring tengahe sawah, kakang megawe ring galonan perusahaane ring dhaerah Kalipuro. Beda kaya isun megawe ring kantor, asate gorokan dudu merga ana ring panasan naming merga AC hang dienggo. Megawene sing kari abot kaya apak lan kakang.

Emak milu melebu ring njeru omongan,
"Ya muga bain, ulihe kabeh megawe bisa dadi barokahe keluwarga. Muga bain padha seger, waras kabeh, makene tutug puwasane."

Pelasan, jangan kelor lan sambel orek sakkalan memed merga dipangan wong lima. Mula kombinasi panganan hang tepak, paran maning kadhung ana gimbal asine paling isine  magic com hing ana intipe.

****

Wektu buka kurang limang menit. Kakang hang biyasahe wis teka milu buka bareng hing ana jumbule, pantese ngateraken banyu galon akeh mangkane mulihe radha kasep. Temenan sampek buka puwasa kakang magih durung teka. Wong wadon hang biyasah ngedhemaken sega limang piring pungkasane mung nyukupaken uwonge hang ana yaiku petang piring.

Ana ring jero bukaan, apak mari sulung madhange. Kari isun hang magih telung pulukan, wong wadon lan emak kira-kira kari lima utawa eneman digu. Mari madhang apak mara- mara njuwut kothak P3K hang wis disedhiyakaken ring umah. Nepaki apak mbukak kothak, kakang uluk salam teka njaba.

"Assalamualaikum..." ambi ngengekaken lawang.

"Napuwa Pak, gok tangane didelehi betadin?" Pitakone acak.
"Keneng arit," jare apak.
Isun hang nepak muluk sega sakkal semaur.
"Mesthi Apak sing tahu-tahuwa keneng arit. Hang ati-atitah Pak kadhung megawe. Pungkase tangan hang keerit."

"Ya iki wis Lik, kabeh pegaweyan wis ana resikone dhewek-dhewek. Mulane yara Apak ambi Emake megawe dipathengi makene bisa nyekolahaken anak. Anake makene bisa megawe enak, aja sampek kayak wong tuweke. Endane cekelane apake pacul, anake milu nyekel pacul? Ya aja sampek, kudune anake nyekel pulpen."

Isun lan kakang meneng, kabeh meneng. Kerasa-rasa ngerungokaken ulihe apak menga. Arit wis biyasah natoni tangane, tangane cawil paling ngenes weruh sampek kukune ilang. Ya hing tau sambat jare wis biyasah, merga nduwe tanggungjawab ring anake.

"Ya iki hang aran resikone uwong megawe. Apak emake dipatengi megawe, mung ngarep-arep makene anake bisa sekolah dhuwur. Nduwe ilmu hang akeh, bisa megawe enak. Aja sampek sara kaya apak lan emake. Aja sampek nyekel senjata tempur hang padha, apake wis biyasah kececeran getih naming anake hang diarepaken muga kececeran mangsine pulpen. Apak ambi emake wis bungah."

Kakang njuwut piring ngedhuk sega ring kemarang. Hun wurungaken arep imbal. Nawi hang buru ngawiti buka merga marek ngateraken galonan sak pirang-pirang elome ping pindhonisun. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor