Anggitane: Wahyu Rizki Kurnaini
(Minggu, 21 April 2024 08:23 WIB)

(Cerita Cendhek) Apuwa Rika Ban?


Lebaran wis ulih limang dina. Sing kerasa, Sak ulan empet ngelakoni puwasa sampek kaya katon nyang adheme angin pinggir segara.

Isuk iki serngenge katon padhang. Percis esemisun tepak nyawang banyu segara nang pesisir Marina Boom.

“Ayo wis aja kari suwi nyawangi laut. Iki wis mangkat panas serngengene," jare Sulik, rewang akrab isun.

“Lik, sakat mabengi Isun mung gesah ambi Sira, saiki nyang pesisir ambi Sira maning. Kapan ana hang ngajak melaku-melaku ambi geredhoan ya.”

“Heem, wis aja pati ngayal, mbesok dhung wis ketemu jodhone mesthi sing kira mungkir!.” Omonge Sulik rada ngegas.

“Iya  wis ayok mulih, endi sepedhahe, juwuten gancang!”

“Dhung gegidi kon cepet-cepetan," omonge Sulik ambi nggeremeng.

Angin semilir kari adhem sun rasakakaken. Nunggang sepidhah montor rada digancangi makene gancang gaduk umah.

Bangete enak gesah. Lakune sepidhah mara-mara oleng. Isun kang nunggang ana buri milu lakune ban kang nyeleret ngiwa nengen.

“ Lik … Lik…! Apuwa iki Lik ! Mandhega mandhega.”

Percis ring perapatan Lateng, isun lan Sulik nyurung sepidhah ngaloraken. Temune tepak  nyang emperane dalan ngarepe SD Lateng ana panggonan tambal ban.

“Ngetan Lik tulihen, ana tambal ban.”

“Alhamdulillah," ucape Sulik kang nuntun sepidhah sampek raine abang cemeng, keringet derodosan nang bathuke.

Tukang tambal ban Man Ahim kewaca tulisan hang ana ring ban gede kang gemantung ring wit trembesi pinggir dalan.

“Man nembel ban!” ucap isun.

“Iyo, delehen wis," semaure Man Ahim.

Sepidhah dijaglang tengah, ban jaba dibukak,  ban njero dijuwut aju dikumpa, dicelepaken banyu ana ring bak. Diputer sampek ketemu hang ngowos ngetokaken angin.

“Siji loro," omonge Man Ahim.

“Haa loro Man, keneng paran endane sampek kari loroan bocore?”jare Sulik.

Geni diselomot nyang sepirtus kang wis diwadhahi nyang panggonane, ban dijepit lan dipanasi ambi geni kono mau. Nganteni sampek matine geni.

Ambi ngelamun Isun madhep ngidulaken, nyawang sepidhah, montor, uwong melaku wira wiri sing ana enteke. Katon saka kadohan lare lanang seumuran isun nunggang sepidhah pancat edheng-edheng merepet nyang wetan lurung ngelawan aruse dalan. Perainane ganteng, rambut kelimis, nganggo kelambi lan celana jeans, gawa tas ransel, sepatuan. Kaya ana hang dipikiraken. Liwat nyang ngarep isun, sing nyeja nulih. Sun esemi, yane milu mesem. Kemesud rasane ati.

“Man, nyilih kumpane," jare iyane.

“Iya, Wan juwuten dhewek," semaure Man Ahim.

Ning jero ati, isun mbatin, diceluk Wan, berarti arane dhung sing Iwan ya Wawan. Isun usik dhewek jero ati. Sing kerasa isun nulihi bain nyang lakune lare iku, sakat juwut kumpa aju masang nyang ban buri. Ditaarik kumpa digenjot edheng-edheng,  ban ketara kelebon angin teka kumpa. Sitik, sitik ban rada melembung. Dipites magih kurang angin. Digenjot maning. Suwi-suwi ana suwara rada samar “Bluuud”. Isun rungu, ya milu usik ring ati. Taping kang sun tulih mung ban buri kang dikumpa uni mau. Sing paran-paran. Iyane langsung nguncalaken kumpa kang dicekel, aju melencat mengarep. Mbukak cop kumpaan ban ngarep taping….”Dhoooor”.

Isun lan Sulik kaget adhep-adhepan. Tuli-tulian. Pada bingunge kang meledhos kang endi. Kang disawang sakat mau ban buri sing paran-paran. Kalingana nulih ban ngarep engkono mau, bane suwek, ana bolongane, dadi kerana keneng panas anter ban jero melendhong ana ring njaba liwat bolongan engkono mau, kerana kasep ngempesaken meledos wis.

Serta paham nyang lakune cerita iki mau, sing kerasa Isun lan Sulik gemuyu cekikikan sing keneng diempet. Serta nyawang hang duwe sepidhah cangkeme Sulik sun perekes makene mandheg gemuyune.

“Apuwa Wan?" takone Man Ahim.

“Heem, meledhos ya Man” semaure yane ambi ndhenguh.

Sing katik ngerasakaken gemuyu, Isun lan Sulik kang magih lungguh nganteni ban kang durung mari ditembel. Lare ganteng iku aju nuntun sepedhahe ngaloraken embuh nyang endi. Temune Isun lan Sulik duwe bahan omongan iki.

“Lik, isun magih heran, kok bisa kang dikumpa kang buri kang meledhos kang ngarep," ucap isun.

“Iya iku, terus apuwa wis ngerti meledhos kok sing dibecikaken pisan, gok malah dituntun nyang endi iku mau.”

“Uwis Lik urusane dhewek-dhewek, ayuk mulih, kok bane wis mari ditembel”.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf