Anggitane: Andi Sep Kurniawan
(Minggu, 25 Juli 2021 12:27 WIB)
(Cerita Cendhek) Beda Bengene
Ngenget-enget jaman bengen wayah cilik ana bain hang nggawe awak iki kudu mesem, ngatonaken seru pethakalane. Bengen iwuhe lalare merga menganan kayatah temekeran, kasti kereweng, pal-palan, jet-jetan, dhor-dhoran lan sepiturute. Umpamane dibandhingaken lare saiki hang diuweni barang teka HP, nggarai adoh teka kancane, mung umek ring HPne dhewek-dhewek.
Kopi hang ana ring sandhingan sun uyub, pait-pait manis kaya seleranisun. Rudi hang teka kulon abete kaya bingung sun awe teka ngarep umah, iyane mara. Seja hun takoni teka endi lan ana paran, cumpu tujuwane nggoleti anake hang sedinaan sing ana mulih, sakliyane iku iyane ya nggoleti HPne.
"Alah Rud, Rika kaya hing tau cilik bain. Makene apuwa wis lare memengan kathik digoleti," abanisun ambi nggeredho.
"Ya hing bisa gedigu pisan Min, Isun ya tau cilik naming yara menganane Isun ya hing nggawa HP pisan. Memengan ya memengane bain kaya awak dhewek bengen," saute Rudi ngericus ngetakaken anake hang beda ambi kala iyane magih cilik.
"Eh nagud, temakaken merga HP tah Rika nggoleti anake. Iku larene ring njero, intepen memengan ambi anakisun."
Sarta weruh anake anak ring umahisun, Rudi sakkalan melebu mastekaken. Sing weruh paran hang diomongaken, sedhilut balik maning lungguh ring pelatarane umah. Wong wadon hang lungguh-lungguhan ambi lalare ring njerumah sun jaluki tulung nggawekaken kopi makene pernah Rudi manggon ring kene. Kopi teka, Rudi ngangkati omongan.
"HP iki mula nggarai anakisun kadhang pernah ring umah, kadhang malah hing mulih-mulih sakat isuk sampek soren. Enget bengen mula wayah cilikane awak dhewek, mulih sekolah memengan kasti, memengan tepil karet. Sing ana lare hang nyekel HP."
"Mari memengan langsung adus ring banyu. Keli-kelian, jethek-jethekan teka gedeboge gedhang, kintir teka ndhuwur mengingsor. Kadhung durung ulih sampat teka wong tuwek durung kelebu lare nambeng."
"Sara mula wis Rud, jaman bengen teknologi durung anjerah. Ana naming mung sithik uwong hang nduwe, awak-awak durung bisa tuku. Jarene, teknologi hang saben dinane saya canggih kudu dipiloni, kadhung sing ya ketinggalan jaman," jawabisun rada mbelani nyang Rudi, merga ring umah ana wifi dadi panggonane lalare memengan.
"Hang penting kelendi carane, awak dhewek dadi wong tuwek kudu pinter ngajari lan mbatesi lalare kapan wayah sinau kapan wayahe memengan. Saiki bain sara mbedakaken lare sinau ambi lare menganan HP, sekolah sinaune wis nganggo cara njero kawat aliyas daring. Acake tah intepen teka cendhela, HPne Rika cekel. Kanca-kancane padha nyekel HP, ngomplong dhewek tulah-tulih ndeleng kancane menganan. Hang penting mauka wis, tergantung awak dhewek ngajari nong lare."
Durung tutug ngomong, Rudi nyeluk anake "Nang, HPne cekelen kek. Jam 1 muliha, wayahe sembayang lan turu. Engko asar wayah ngaji TPQ. Rungokena temenan," ujare ring anake.
Mula kelendi maning anane kaya gedigi, lalare wis padha pinter menganan teknologi. Satemene ya mula ana benere ngajari lalare menganan tradhisional hang bengen seru ramene, naming diethukaken saikine wis sing bisa maning. Bisane ya mung dienggo selingan makene lalare mauka sing mendelik terus nyekeli HP.
Rudi pamit mulih, ngentekaken kopine. Anake melebu maning ring njerumah kumpul bareng kanca-kancane. Isun hang nduwe umah ya pastine milu ngengetaken ring lalare mauka wayah sinau, sembayang lan ngaji.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)