Anggitane: Urip Limartono Aris
(Minggu, 22 Agustus 2021 07:37 WIB)

(Cerita Cendhek) Bukak-an Siji


Suwarane adan Magrib lamat-lamat rungu teka langgar wetan umahe Mujaki. Wangune Man Usik wis nong langgar. Lemah hang diedegi langgar iku, bengene lemah keluwargane apake Man Usik. Apake Man Usik kelebu wong sugih ring desa iku. Lemahe sak weran-weran. Durung sawah ambi kebonane. Masiya kelebu wong sugih, naming iyane sing melid. Iyane awehan ring wong hang mbutuhaken pitulungan. Sing sithik wong-wong desa hang sambat ring apake Man Usik kadhung butuh picis. Gedigu, apake Man Usik ya sing tau nagih kadhung ana wong hang sing bisa mbayar.

Lemah hang diedegi langgar iku, lemah hang wis diwakapaken ambi apake Man Usik kanggo langgare wong desa. Masiya ukurane ciyut, naming cukup kanggo sembayang wong-wong desa lan lalare cilik ngaji. Kawitane langgare mung ngadeg sak anane, cagake teka jajang petung, temboke gedhek mung dilabur kapur. Saking rukune wong-wong desa, langgar iku sithik-sithik dibecikaken rame-rame dadi saya rumang, sing gedheg maning, taping gedhung separo lan wis ana listrike.

Saiki apake lan emake Man Usik wis sing ana. Mula saiki Man Usik hang dipercaya ambi wong desa ngerumat lan muruk ngaji lalare cilik desa kana. Mulane saben Asar, Man Usik muruk ngaji lalare cilik. Ana kira-kira limolas lare, kabeh anake wong-wong desa kene.

Suwarane wong sembahyang ring lospeker langgar wis sing kerungu maning. Tengeran kadhung sembahyang Magrib wis mari. Mung warung-warung panganan ring pinggir-pinggir dalan, siji-siji mulai bukak. Sing sepira suwi, mulai katon siji loro wong mudhun langgar. Teka kadohan katon rabine Onah, Saipul ketebang-tebang ambi mbecikaken sarunge hang kaya-kaya arep melorot.

“Kang wis mulih Magriban?” takone Onah nyang lakine.

“Uwis, Dhik. Apuwa?”

“Teraken Isun nyang bidhan. Emak ya milu jare,” ucape Onah nyang lakine hang buru bain teka langgar. Mansur uga wis teka langgar, nututi ring mburine Saipul runtang-runtung ambi kancan-kancane.

“Kadhung Emak milu, Apak ambi sapa Dhik. Rika yara weruh, Apak sing bisa tangi teka pelanca. Kadhung njaluk paran-paran kelendi?” takone Saipul nyang rabine.

“Hang ngongkon Emak milu ya Apak dhewek Kang. Maning ring umah yara ana Mansur, geningena Mansur sulung hang njaga Apak,” jawabe Onah.

Mansur hang buru melebu umah kerungu emboke ngomong gedigu, iyane sakkal semaur, “Geningena Isun hang njaga Apak. Rika kabeh gancanga mangkat wih, geningena sing kedalon mulihe,” saute Mansur ambi cepak-cepak buku arep sinau ring meja ngarep.

Lampu dalan wis mulai murub. Bengi iku dalan katon padhang. Dalan ring ngarepan umahe Mujaki katon rame wong adol panganan. Lampu-lampu warung kelap-kelip katon moncer. Suwarane sepidhah montor sing mandheg-mandheg. Ana hang ngebut ring dalan iku, dicelathu ambi Mbok Ipah hang dodol sega tempong.

“He ... iki dalan kakikira tah? Kari sing gelem edheng kadhung nunggang sepidhah montor. Nawi ana lare cilik nyabrang. Nabrak ring kene, sing kira selamet Rika Lik!” celathune Mbok Ipah. Hang dicelathu sing ngerewes, nerusaken pelayune sepidhah montor ambi digas-gas kaya niyat nggudha.

Sedurunge Mujaki mathang-mathang ring pelanca, Rohayah ambi Onah adol tahuk lonthong ring terotoar ngarep umahe. Taping wis telung ulan iki, tahuk lonthonge sing tau bukak. Rohayah wis kudu ngerumat hang lanang kerana larane, ambi megawe sak anane, hang penting sing ninggal umah. Onah dhewek wis umah-umah ambi Saipul.

Wong telu melaku ngulonaken nuruti warung-warung panganan hang ana sak dalan-dalan. Umahe bidhan Ami sing patiya adoh ambi umahe Mujaki. Kira-kira mung kalingan limang umah bain. Sing butuh wektu suwi, wong telu teka ring ngarepan umahe bidhan Ami.

Onah melebu ring kamar periksa dikancani ambi emake. Bidhan Ami hang asli Jogya iku warah ring Onah ambi emake sakwise meriksa bobotane Onah. “Mbak Onah, Alhamdulillah bayine sehat. Insya allah wis meh lahiran, tapi iki isih bukaan siji. Mengko yen wis kerasa mules kerep-kerep, jarake limang menit sepuluh menit, endang-endang digawa rene maneh,” jare bidan Ami nganggo logat Jogja.

Pungkasane wong telu mulih maning ambi ati hang lega. Rohayah angen-angen arep ngomong ambi lakine kadhung jabang bayine Onah hing kurang paran-paran, bara diwarahi sehat-sehat bain.

Supaya lakine sing nganten-nganteni, Rohayah gancang melebu ring kamar. Sing kathik ditakoni, Rohayah nyerocos cerita.

“Kang ... jare bidhan Ami, bobotane Onah sing ana kurange paran-paran. Bara diwarah sehat-sehat. Naming saiki magih durung wayahe lairan, magih bukaan siji. Hang sabar sulung ya Kang,” jare Rohayah.

“Iya ... Dhik, mandar muga Isun bisa nututi laire putu,” jare Mujaki.

“Aja ngucap digu tah Kang. Ndonga bain nyang Pengeran ... aja kaya wong hang wis hing duwe pengarepan,” jawab Rohayah maning.

Warung-warung ring dalanan umahe Mujaki sangsaya wengi sangsaya rumang. Tunggangan pating seliweran ring dalan. Suwarane saut-sautan ambi suwarane gendhing-gendhing banyuwangen hang ana ring warung-warung.

Bengi iku hawane sing kaya adate. Angin silir-silir nggawa adhem ring belung. Mujaki ring kamare katon turu melungker kerukuban kemul. Wangune rada sing kuwat nahan adhem. Iyane sedhakep meluk guling, ambi sithik-sithik ndelengi infuse kang ring tangan.

Suwarane manuk gagak kaok-kaok ring kadohan. Mujaki saya enget kedadeyan apake ninggal pirangane taun kepungkur.

“Dhik ... Rika rungu suwarane gagak ika tah?” takone Mujaki ambi nggugah rabine hang wis kesirep ring sandhinge.

Rohayah tangi ambi ngucek-ucek matane. “Ana paran maning Kang, wis dalu iki yah”.

Mujaki sing langsung semaur. Iyane magih ngerungokaken suwarane manuk gagak hang kaok-kaok ring kadohan. Jare wong bengen, kadhung dalu ana suwarane manuk gagak, pertandha arep ana wong mati. Mujaki sangsaya wedi, merga iyane saiki tepak lara sing aron-aron.

“Dhik ... sapa kira-kira hang mati ya. Iku manuk gagak terus kaok-kaok bain. Aja-aja ...” Mujaki sing nerusaken omongane.

“Aja-aja paran Kang. Wis aja percaya ambi hang kaya gedigu. Gagak iku kaok-kaok, paling-paling nyeluki kancane,” jare Rohayah.

Lamat-lamat suwarane manuk Gagak ngilang. Rohayah nutugaken turune, adu boyok ambi lakine. Mujaki magih terus kepikiran ambi suwarane manuk gagak. Iyane sing bisa turu, kethap-kethip dhewekan. Ring mburine, Rohayah ngenak-ngenakaken turune ambi meluk guling.

 

Banyuwangi 11 Juli 2021

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf