Anggitane: Moh. Syaiful
(Minggu, 06 Februari 2022 08:42 WIB)
(Cerita Cendhek) Dalane Dadi Guru
Serngenge wis munggah. Dunyane wis katon padhang . Lawang kaca gedhe katon kesentor sunare kadhung disawang ndadekaken ulap nyang mata. Lurung wis rame seliweran montor lan sepidhah montor. Gambar seliwerane montor katon gancang ana ring lawang kaca. Lawang kaca bank pemerintah iki magih durung mbukak. Naming wis akeh wong hang nganteni bukake padha ngadeg nong njabane lawang. Isun milu ngadeg ana ring urut-urutan antriane wong-wong hang wis katon sing kanti arep melebu.
Jam setengah wolu wong-wong pada kumpul ana ring ngarepane BRI. Lawange magih tutup naming wong-wong wis ngadeg urut-urutan. Arane bank negeri kadhung ring wayah-wayah gediki pancen rame-ramene. Ring pinggire lurung parkirane ya wis ebek sepidhah montor ditata apik madhep ngetan nong ngarepane kembang-kembangan. Maklum bain iki tanggal enom akeh wong hang duwe kepentingan ana ring urusan bank.
"Antrian nomer telu, luthung wis sing kariya entek-entekan," pikirisun ambi mesem-mesem nyang wong-wong hang mangkat milu antri buru teka. Katon kemeriyek padha esem-eseman serta adu rai ambi nganteni lawang bukak.
Sing patiya suwe satpam ngengekaken lawange.
"Silakan masuk,” omonge ambi mbukak telikas lawang kaca. Isun melebu milu bareng ambi wong-wong hang sakat mau wis antri iku. Isun lungguh nong kursi abang pinggir mburi. Hang antrian nomer siji wis ana ring ngarepe teller.
Ana wong tuwek melebu nyang kantor bank hang lawange terus dieneb iki. Ambi gupuh iyane kasep milu antrian. Satpam bank ngiringi nuju nyang meja panggonan njuput kertas antrian. Dedege gedhe dhuwur masiya wis rada wungkuk iyane nggape kertas cilik kartu antrian nong meja dhuwur.
"Masya Alloh nomer suwidak,” suwarane rungu anter sampek wong-wong hang ana ring panggonan antri meh bareng nyawang nyang wong iku.
“Kira-kira iki jam pira pelayanane, Kang?” takone nyang satpam. Satpam katon dileg-dileg sing wani njawab merga sing weruh kapan pastine nomer antrian iku diceluk.
“Ditenggo mawon, Pak,” saure Pak Satpam ambi nduduhaken lungguhan hang kothong ring parek isun lungguh.
“Wong iki gurunisun SMA bengen,” usikisun ana ring njero ati. Naming isun durung nyapa. Sun genengaken iyane lungguh ana ring iringanisun. Mestine iyane wis lali ambi isun. Wis lawas 15 tahun kepungkur mestine dudu wektu hang sithik kanggone ngengeti siji-sijine muride. Paran maning saban taun ganti hang aran muride. Gediku iku wis hang aran guru sekolah SMA. Muride mung telung taun bain manggon ana ring sekolahan sakteruse ganti maning ganti maning. Isun paham iku merga isun ya uga guru saiki iki.
“Pak, mangga,” ucapisun ambi mesem nduduhaken panggonan lungguh ring iringanisun.
“Iya.. Terimakasih,” saure entheng sing kathik esem. Ambi lungguh iyane magih nggetuni nomer antrian. Ambi nyawangi kertas kartu cilik nomer antrian hang pungkasane kudu iyane terima paran anane.
"Kelendi maning iyane ya tekane ana ring karen-karen,” gediku kira-kira hang ana ring pikirane.
Pak Sodik arane gurunisun iki. Dedege gedhe dhuwur tangane katon ngepir seporet, nduduhaken kadhung sakat cilik urip sara ana ring kedhokan. Pancen milu urip ambi wong tuweke bengen ndadekaken iayane wong lanang temenan. Urip dadi wong tani jaman bengen ndadekaken iyane gothot. Macul, ngemes, ndangir lan matun ana ring sawahan nggawe awake jaya lan kuwat.
Delamakane tangan katon kandel sampek emeh ngapal umpamane nempiling uwong kira-kira ya bisa semaput.
Bengen isun tau ditempiling kiwa tengen ana ring pipi. Byek rasane kemuwing ana ring kuping. Sakkalan mberanang hang aran pipi. Maklum bain isun bengen tambeng lan rada angel diwarahi cangkem. Sing serantan lan sing sabar tangane mara nyang pelenganisun. Dadi murid jaman bengen hang gediku iku wis biyasah.
Pak Sodik katone saiki ngurus pengsiunane ana ring bank iki. Ring sandhinge iyane lungguh katon map hang akeh surat-surat ana ring njerone.
“Nomer antrian tiga segera menuju ke loket satu” suwarane speker katon anter teka ndhuwuran panggonisun lungguh. Gage sun geroh teka sak kelambi dines isun kartu antrianisun. Sun kethem kertas kartu cilik iku. Mari gediku isun ngadep nyang wong hang manggon ana ring iringanisun iku.
Gage sun salami tangane uwong iku ambi sun ambung delamakan tangane hang magih kerasa kukuh iku. Sun ambung ping pindho tangane hang wis tau bengen nempiling pipinisun sampek abang mberanang.
“Iki tangan hang wis nduduhaken dalan hang bener nyang isun,” pikirisun nerima iklas.
Pak Sodik magih katon perdang-perding nyang pokal gawenisun. Heran kecampur bingung nyang parang hang sun lakoni. Ambi nulih rupanisun pungkasane iyane mesem. Mari mesem isun aju gage ngomong.
"Pak, nomer njenengan dipanggil ke loket satu,” omongisun ambi sun ampret tanganisun teka tangane iyane. Kertas cilik nomer antrianisun sun kethemaken nyang tangane. Mari gediku sun jerabut nomer antriane yane hang nomer suwidak iku. Katone kesuwen suwara teka speker dibaleni maning,
“Nomer antrian tiga segera menuju ke loket satu," suwarane nambah anter kerungu nang kupingisun.
“Nggih siyap,” saurisun ambi madep nyang wong hang nyekel mik teka balike kaca. Sun tarik tangane pak Sodik aju rada sun surung nuju nyang loket satu. Sun juput maning kertas cilik kartu antrian hang sakat mau durung dikethem-kethem ambi pak Sodik.
“Nomer antrian tiga, Bu!” ucapisun nyang petugas teller
“Ada yang bisa saya bantu?” takone petugas teller iku ambi mesem ayu.
“Pak.. Pak.. ditangledi petugas,” omonganisun nyang Pak Sodik hang magih katon bingung durung ngarti nyang karepisun.
Oh.. Nggih, nama Sodik mau buat buku bank Bu, maksudnya buat rekening baru untuk pembayaran gaji pengsiunan.” Pak Sodik katon rada celamutan omongane.
"Oh.. Ya, mana berkasnya pak?’” takone petugas teller
Pak Sodik aju ngelungaken berkas-berkas hang wis dicepakaken ana ring njerone map. Ambi nganteni petugas teller ngurus-urus iyane madhep nyang isun hang magih ana ring ngarepe loket satu. Iyane katon nenger-nenger sapa sakbenere isun. Matane katon nulih temenanan nyang lebel aran hang ana ring dhadhanisun cemanthol ning kelambi dhines pareke sak. Katone kewaca sithik ana ring aran ngarepe thok,
“Mohamad… , sapa yuh?” suwarane getun ring jero atine merga sing kewaca kabeh. Isun gage-gage balik maning nyang panggonan lungguh mula. Pak Sodik magih thenger-thenger ambi omong-omongan ngurus buku bank nong loket satu.
“Sapa yuh.. Endane muridisun hang endi?" Takone ana ring njero atine sing mari-mari.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : cercen
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)