Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 01 Maret 2020 08:16 WIB)

(Cerita Cendhek) Dijaluk


Kadhung rika saiki umure wis puluhan tahun, paran hang magih jangget ring pikiran, kala rika magih umur enem, pitu, utawa wolung taun? Umur semunu ring pikiran sing adoh-adoh teka memengan, sewo ambi kanca, yara?

Bengen magih cilikanisun, isun kerep muputi godhong nangka hang wis tebluk-tebluk nyang lemah. Dikelumpukaken, enggo gawe makuta. Godhong hang wis abang-abang, setengah kaya nak garing ditekuk dadi loro, bongkot ketemu pucuk. Terus dienam, disemati melibeng sampek cukup dienggo ring endhas. Kala semana, isun ambi Mbok Kom apen-apen dadi anake raja. Aju isun hang golet lothek utawa bongkote suket kaya lamtoro, warah-warahe duwe tongkat ajaib.  

Liya dina, isun ambi Mbok Kom memengan pasar-pasaran. Ngelumpukaken suket teki, suket perujukan warahe dadi sayur kaya ana ring welija ika. Godhonge santenan sing luput sun pungglengi dienggo picis-picisan. Kadhung godhonge wera, iku picis rada larang. Regane kaya seket ewu. Kadhung kencenge pupuse, iku direken sewu. Mergane yara godhonge, cilik lan ciyut. Uga ana hang sun irisi alus, aju dadi emi-emian. Seru dhemene kadhung wis nemu ontonge gedhang hang seja dibuwang. Kulite ontong hang kelir abang iku sun irisi, warahe dadi daging sapi. Empange lamtoro diuntingi, kaya kelor. Gagange godhong sawi hang peleret abang paceke sun irisi dadi cilik-cilik, warahe lobok litik. Lobok ijo teka wijine pelethekan. Tahuk ambi tempe, digawe teka gedeboge gedhang. Uwohe katu hang putih bunder-bunder sun undhuhi, apen-apen dadi penthol. Kadhung wis ana pucile apokat ring kulon umahe Wak Haulik pating cicir, uga sun puputi. Seru girange pisan, tepak nemu beluluk. Diirisi kothak-kothak, didadekaken isine es buah, warahe. 

Liya dina maning, isun dijak mengan engklek. Kadhange ya memengan bekel ring langgar. Kala-kala isun iri nyang Mbok Kom, merga iyane seru lancare memengan engklek. Paran maning kadhung wis memengan bekel, tangane seru lanyahe nangkep tembung bekele.

Umure Mbok Kom, pirang taun lebih tuwek teka isun. Mung Mbok Kom kancanisun memengan ana ring umah, merga isun sing duwe kanca maning. Umah medhok tengah sawah, ya mung Mbok Kom bain kanca memengan sak tekanhun sekolah lan sak mulihisun ngaji.

Kulitane Mbok Kom rada cemeng merga patheng nyebur kedhokan. Kadhung sing milu matun, tandur, ya nggetaki manuk sakat parine melecuti. Dhung wis mari nggebros, ya milu nggagas. Kadhung tepak hing nyawah, kala-kala ya milu nyulami jagung. Tepak nandur sabrang utawa kacang brol, paceke milu bedhol-bedhol aju sing lali ngejak isun enggo muputi karin-karine.

Hun enget kadhung wis teka wayah panenan bako, Mbok Kom milu toklek-toklek godhong bakone. Bengen, hang dhemen nandur bako ya mung Wak Haulik ambi Wak Janapah—wong tuweke Mbok Kom. Sawah wetan umahe, ngalor lan sepengidul wates jurang, jajang-jajangan. Alihe ngerumat bako iku sara, jare. Tanduran bako sing bisa dikembungi banyu kaya wong nandur pari. Bako kudu disirami siji-sji. Kadhung wis rada dhuwur, kudu tangar temenan mungglengi bunggele perujukane hang mecungul ring sela-sela godhonge. Maningan, wong nandur bako sing kaup kadhung wis usum udan. Bisa-bisa tanduran bakone bosok, suwi-suwi mati. Aju ya kudu didhangiri sipat pirang ulan sepisan, makene sing akeh suket perujukan.

Godhong bako hang dipethik, dikelumpukaken miturut tingkatane. Hang paling parek bongkot, iku jare kualitase hang paling apik. Gedigu seteruse sampe meh nggadug pucuke. Godhong hang wis dikelumpukaken iku, diinepaken sulung sewengi, aju kadhung wis dikesrik ya kudu dipepe maning nung ebeg, sampek garing.

Mulane sing kariya kaju gok kulitane Mbok Kom rada petheng. Taping masiya digu, Mbok Kom iki patheng. Sing tau aran genthong pawone Wak Janapah kothong. Angger mulih sekolah, sedurunge memengan, iyane ngangsu sulung. Tangane ambi nyangking timba, seru jayane. Kethel lan kendhine wis diebeki pisan. Durung maning kadhung wis nyuwun kayu rencek utawa bongkok. Masiya liwat galengan ciyut, lagis bain lakune.

Mbok Kom disekolahaken sampe tamat SD, aju dipondhokaken. Sakat iku, Mbok Kom wis sing tau ana ring umahe. Sing tau katon nulungi Wak Janapah lan Wak Haulik mungglengi godhong bako kala panenan. Sing tau katon ketebang-tebang ring tengah kedhokan. Sing tau katon mepe kumbahan kala dina Minggu isuk. Isun buru bisa kecaruk iyane tepak lebaran. Iku bain ya sing suwi, merga iyane kudu gage balik nyang pondjok. Sak umur-umur, isun emong kadhung dipondhokaken. Merga saben Mbok Kom mulih, rambute tepak dipetani ambune amis ketang akeh tumone. Hih, suker isun. Tumone cemeng-cemeng melaku-melaku ring pathake, kadhung tepak kudhunge dicoplok.

Terus, ulih pirang-pirangane taun, isun lali kapan, Mbok Kom tau ngomong iyane mulih lan sing ape balik maning nyang pondhok. Jare wis cukup ulihe ngaji ring pondoke. Isun girang, merga isun duwe kanca maning. Isun ya girang, sebabe emak ngongkon Mbok Kom nguruki isun maca Qur’an makene saya lancar.

Sampe ring salah sijine soren, Mbok Kom sing teka nyang umah. Durung ulih sak ulan ulihe nguruk ngaji, Mbok Kom ngepos. Soren iku, isun sing belajar ngaji, malah emak ngejak mara nyang umahe Wak Janapah. Merga Mbok Kom jare emak ape ditekani dhayoh. Mula tepak bengine, damar ring umahe Mbok Kom katon mencorong. Katon barak. Akeh uwong hang teka, penganggone apik-apik. Mbok Kom ya katon sing kari ludhes kaya biasahe. Maning katon ayu, merga lambene dilipeni. Umahe Mbok Kom rame kaya ana pengajian. Kabeh dhayohe lungguh sila ring karpet hang digelar ring bale umahe Wak Janapah.

Engkisuke, buru emak cerita gok Mbok Kom iku wis dijaluk uwong. Ape munggah kawin pirang ulan engkas, jare. Gawanan teka dhayohe, akeh maceme. Jajan-jajan ring talam. Uwoh-uwohan, diwadhahi keranjang kaya ring tipi-tipi. Kain brokat merdep-merdep, diwadhahi kotak hang dilapisi pelastik kening. Mulane katon kewela-wela. Jare emak, iku arane peningset.

Isun bengen lara ati kala rungu Mbok Kom dijaluk uwong. Bangkel merga angger arep sun ejak memengan, Wak Janapah menging lagotane Mbok Kom wis arep munggah kawin. Isun seru kelangan kanca memengan, sakjege Mbok Kom umah-umah. 

Kethip-kethip, sun tulihi piyan umah. Sing gage merem, alihe wis ping kaping sun itungi erenge gentheng. Sun tulihi pisan umahe tawon hang wis nana babuhe. Pantese gedigi iki hang dirasa Mbok Kom kala semana.

Buru mari isya mau, umahisun ditekani dhayoh. Ali-ali tengeran wis melungker ring deriji. Yadhuh, taun iki isun umah-umah, laki-rabi!

 

Banyuwangi, April 2019

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf