Anggitane: Dian Pratama
(Minggu, 25 Mei 2025 08:04 WIB)
(CERITA CENDHEK) Dipangan Barong
“Uwis, angkatana wis..” abane Mudin Kawin kauk-kauk nyang tukang tip.
Gendhinge Penganten Anyar, Emaan. Pikire using serantan. Lungguh kuwade umek sing karuan, mung ngenget bengi kawitan, gedigu abane tip kang nyetel gendhing penganten anyar. Suwarane hang has, alus, iku suwarane ruwahe Gandrung Supinah. Teko ngarepe terob, isun ambi dulurisun kang arane Mia nduweni tugas nggawa tebu kang diselempangi selendhang werna abang ambi kuning. Kauk lan surake lalare cilik, ambi tangga-tangga uga milu ngiring lakune penganten.
Kang penganten iki, ya dulurisun arane Cak Rastiko, naming sakat bengen sakduluran diceluki Cak Ebung. Iyane iku dulur teka Bapak, miturut urute kudune isun nyeluk paman, mergane Cak Ebung iku anake bibike bapak. Naming kerana magih enom, isun nyeluke acak.
Soren iku, isun lan sakduluran pating teka ring pengantene Cak Ebung, kerana wong tuwek ya nulungi ring kana. Sakmarine nggawa tebu kanggo arak-arakan penganten, selendhange sun coplok aju nggawa melayu nyang pawone wong duwe gawe.
“Mak, Mak, kencetena tebu niki mak, ajenge kula pangan kalih Mia”, abanisun njaluk tulung nyang emakisun kanggo ngenceti tebu pecake arak-arakan kemanten mau.
Sakmarine dikenceti, tebune disigari aju sun gawa lan sun pangan bareng ambi dulurisun kang arane Mia.
“Mia, iku cak Ebung ulih wong endi sih?”, isun ngajak gesah ambi mangan tebu.
“Ulih wong Cantuk”, jawabe Mia.
Mia iki sun takoni, mergane mula Mia iki keponakane Cak Ebung. Emake Mia iku Emboke Cak Ebung kang mbarep. Kadine isun takoni, mergane mestine Mia ya weruh Bibike iku asale teka ngendi.
“Cantuk iku kang Stasiun SIngojuruh ngulon ika tah?” isun takon maning
“Iya Cak, kang sabane awak dhewek liwat ika yah, dalan arep ring Wiyayu, ika awak dewek liwat Cantuk” Mia nyauri.
“Ayo kesuk memengan ring umahe Cak Ebung, isun kari kepingin kenal ning rabine” isun ngajaki Mia.
“Yo ayo, mumpung kesuk perei sekolah”. Mia ngiyani.
###
“Mak, isun memengan yah, arep ning umahe Cak Ebung ambi Mia” isun pamit nyang emak.
“Aja ngelithis tangane yah ning umahe uwong, masiya tah wis dulure dhewek” Maki sun nguwani wewarah.
“Enggeh Mak”, isun nyauri ambi nganggo sandhal, aju melaku nyang umahe Mia.
###
“Miaa, Miii, wis tangi tah ?” Isun celuk-celuk.
“Uwis Cak, sulung isun arep ngombe” saure Mia teka njero umahe.
“Eh, iki temenan sing paran-paran tah memengan ning Cak Ebung ?” abanisun.
“Ya masa paran-paran, engko yara malah disuguhi panganan” jare Mia ngguyoni isun.
Sing sepira suwi, Isun lan Mia wis gadug nong umahe Cak Ebung. Uluk salam, aju dikongkon melebu. Cumpune rabine Cak Ebung kang arane Mbok Imah iki uwonge apikan seru. Geromyoh, nduluri. Isun lan Mia dijak omong akeh, ditakoni sembarang kalir. Naming ana kang beda, logate sing pada kaya Isun lan Mia.
“Dek ning kene wong dodol pecelan ning ndoi ?” Abane Mbok Imah ambi logat Cantuke. Pancen wong Using iki akeh budayane. Saben desa nduweni logat dhewek-dhewek. Isun wong Alasmalang, logate beda ambi wong Gambor, Aliyan, lan liyan-liyane.
“Alak, kok ning endoi?” abanisun ning njero ati.
“Ana iku Mbok, ring Mak Mus, kene parek” saure Mia.
“Tukokena poh Dek, nyak picise, aja kari pedes ya, ngko dipangan barong” jare Mbok Imah.
Sakal isun bingung, “Gok dipangan barong? Endane tah wis kadhung kepedesen dipangan barong? Ning endi ana barong tah wis” kertege atinisun ambi bingung mikiraken omongane Mbok Imah iku mau. Sakjane sakliyane bingung isun ya wedi, wedi nawi dipangan barong nong dalan.
Serta wis mari, isun ambi Mia ngeteraken pecelan mau nong umahe Cak Ebung, persis kaya kang diomongaken Mbok Imah, sing kari pedes. Mergane kadhung pedes isun wedi nawi dipangan barong ning dalan.
“Ayo merinia mangan barong”, Mbok Imah ngajaki Isun lan Mia mangan.
“Emong Mbok wedi.” Isun lan Mia njawab meh barengan.
“Endiyana wedi paran, iki yah pecelane dipangan barong” Mbok Imah ngengkel.
Sakal isun ambi Mia tulih-tulihan, cumpune “barong” iku karepe “Bareng”. Ayo mangan bareng.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Sumber Gambar : pariwisatabanyuwangi.com
Editor: Nur Holipah-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)