Anggitane: Asri Rindang
(Minggu, 05 April 2020 13:19 WIB)

(Cerita Cendhek) Dulit


"Munggone temenan wong iku dulit?" Ikah mempeng sangsi.

***

Kelawan rasa kuwatir isun melaku ngeliwati dalan hang sepi iki. Rumangsanisun kaya ana hang milu nang mburinisun. 

Srek! Suwara iku nambahi kemesude ati, kemeretek tambah anter.

Sun gelisaken ulihe melaku ambi sepisan pindho nulih memburi. Kaya ana ayang-ayangan nang mburinisun. Rasa wedi hang sunrasa saya gedhi ditambah maning ambi cerita dulit lan wong-wong hang jare adol lare wadon sawetara iki. Hing sadar isun melayu ngetepeng. Ketepekan, abane sandal ngantem dalan. Suwara wong melayu nang mburinisun sansaya anter pisan, ngewedeni saya marek, marek lan… 

Gubrak! Isun tiba kesereb mengarep. Emane ana lancing perawan hang liwat. Isun selamet. Wong hang nututi isun, mandheg.

Setemene masiya wedi isun uga penasaran ambi uwong hang  angger ngetutaken isun pirangane dina iki. Hang sun kajokaken, iyane mung nututi bain lan hing nyalah-nyalah. Yara aneh! 

"Ikah, kelendi iki?" Takonisun nyang Ikah, sakwise namataken cerita kedadeyane.

"Isun penasaran pisan sih, ayo engko Hun kancani Sira mulih!" Jawabe entheng. 

"Hah! Serius! Wadon-wadon keloron,  melaku mung keloron, cumpune didelekep, hing bisa melung njaluk tulung!" abanisun.

"Malah iyane ulih bonus wong wadon siji maning yara?" Jawabisun susah.

"...."

***

Bengi iki sunputusaken milu penemune Ikah. Ikah ngacani isun mulih. Aperuh uwong lanang hang menurut isun dulit alias uwong hang dhemen nyulik uwong. Ikah pinter silat, sore ambi tegel iyane ngeyakinaken isun supaya milu ambi seterategine kanggo nangkep dulit. 

"Siap? " Ikah takon. 

Isun semaur ambi nguweni tanda OK masiya atinisun mangkat dheg-dhegan .

Perjalanan hang menegangkan diangkati.

Pas gadug nang dalan hang sun warah nang Ikah jantungisun mangkat dheg-dhegan maning. 

"Iku wonge!"

Tangan Isun hang nyekel tangane Ikah saya nyengkerem. Ikah nulih nang isun lan ndeleng sakubenge dalan. Kahanan saya medeni bain. Ditambah udan alus,  jangkep wis. Sak ketipan sun deleng rupane Ikah. Meneng singana ekspresine. Sun orag tangane. Isun lan Ikah magih padha cekelan. Ikah nolih nang isun kaya takon hang endi uwonge? 

Ya Allah! Ikah hing katon! 

Uwong iku saiki ngadheg nang bucu dalan. Kelambine sarwa cemeng, nulih nang isun. Isun mejegrek. Kadung Ikah heng katon berarti….

Isun endhegaken ulihisun  melaku. Ikah uga milu mandheg. 

Isun saiki ngerti. Apuwa uwong iku cuma meneng bain  

"Hang endi uwonge? " Ikah takon ambi tulah tulih nang dalan. 

"Iyane ngadeg nang bucu dalan" isun njawab. 

"Hang endi, hing ana uwong! " jawab Ikah.

Wong iku mageh nulihi isun lan Ikah. Meneng. Buru isun sadhar kadung rupane pucet. Mara-mara bain isun paham. Ikah nulih isun hing paham ambi kahanan iki. 

Isun magih nulih nang wong lanang ning bucu dalan. Isun Indigo.

 

Banyuwangi, 23 Pebruari 2020

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Gurusiana. Id

Editor: Antariksawan Jusuf