Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 14 April 2024 08:22 WIB)
(Cerita Cendhek) Durung Bisa Mulih Lebaran
Serngenge rantag. Kanggone wong-wong hang nginep ring homestay Wuluh rasane dalune kaya magih kurang dawa. Kemule saya dijejeg.
Andi, pegawe ring homestay kono, wis sakat Subuh tangi. Gancang marek subuhan, iyane singkrih. Teras-teras disaponi, dhekete dikelumpukaken. Manajere hang aran Mbok Tutik ngewekasi aja sampek dheket iki mateni penguripane dhewek.
Mula cara uripe wong kutha hang manggon ring homestay-ne lan wong desa ana bedane sithik. Masiya padha-padha dhemen rijig, wong kutha lebih dhemen rijigan timbang wong desa. Nawi mula uripe nong umahe kana mula gedigu.
Homestay-ne nyedhiyani rong wadhah kanggo mbuwang dheket. Hang siji wernane abang dienggo barang bangsane pelastik-pelastikan, hang sijine werna ijo dienggo sisa panganan.
Hang sisa panganan aju dikelumpukaken maning ring wadhah hang engko keneng dienggo emes tanduran kembang-kembang lan pirang macem wit janganan ring kebonan.
"Kadhung panggonane kothor, dhayohe hing gelem balik maning. Iku padha ambi mateni penguripane awak dhewek," gedigu abane Mbok Tutik hang uga ponakane hang duwe.
Paran maning homestay Wuluh iki kelebu aneh kanggone Andi. Ya gelem bain wong-wong kutha iku mbayar larang, diejak nyang kebonan.
Saben isuk, diejak ngundhuh rambanan sayur hang ana ring kebonan mburine homestay kayata kangkung, bayem, terong welut, manisah, lobok, ranti. Terong welut iku jare hing ana ning kutha liya. Cilik-cilik naming lebih manis timbang terong gedhi-gedhi hang ana ring kutha. Sambel ranti rasane jare ya enakan timbang hang nggawe tomat. Rada ana rasa kecute.
Hang nggawe kaju wong-wong iku hing ana maning seliyane belencong. Paran maning tepak dijelasaken gok uwite biyasahe dienggo panggonan ula ijo. Kabeh padha mundur ambi ana hang mberak lan sakkal balik maning nong homestay. Mangkane ngundhuhe, uwite kudu digoyang-goyang sulung nawi mula ana hang temingkring nong uwite.
Aju engko tepak sarapan utawa mangan dalu-dalu, dhayohe padha diejak nong pawon diajari olah-olah panenane mauka.
Kadhung sega tempongan sasate saben dina ana.
Marek sarapan, biyasahe digawa nang pasar utawa diejak keliling desa parek kono.
Taping wayah lebaran iki mula sak repotan dhewek.
Hang ngiseni homestay-ne dudu wong-wong adoh hang gelem diejak nang kebonan.
Wong-wong iki mung nginep sakperlu sungkem nang wong tuweke taping hing gelem nggawe repot wong tuweke. Ana pisan merga umahe cilik dadi hing cukup diinepi anak-anake hang saiki wis digelandhoti putu-putu.
Kelendi-kelendiya, lebaran ya tetep lebaran. Enom tuwek kabeh padha sungkem nang wong tuweke. Andi bain hang asale teka Kedhung Lewung durung kober mulih merga ngganteni kanca-kancane hang cuti. Lumayan ana picis lebihan dienggo nambahi picis lebaran kanggo emake. Engko marek lebaran seminggu tepak lebaran kupat iyane bisa sungkem nong emake.
Setemene Andi ya ngerasa kudune lebaran ya mulih sungkem. Taping kadhung gembolane hing ana ya sekaken emake pisan hang urip dhewek ring desa. Kakange hang urip lan golet upa ring Surabaya wis hing tau mulih ana limang taun iki. Hing paran-paran, nambahi wektu megawe kanggo nambahi sangu, gedigu batine Andi.
Teka lawang korine homestay katon ana montor kijang biru. Edheng-edheng melebu ring parkiran. Endane dhayoh anyar? Taping Mbok Tutik hing wekas paran-paran sedurunge. Biyasahe kapan ana dhayoh hang arep nginep Mbok Tutik wekas sulung arep diendoh kamar hang endi.
Taping Andi ya tetep bain mbantu montore parkir. Hang nyetir munyik-munyik.
Sarta lawange dibukak, ana wong wadon nganggo tapih lan kudhung. Kaya iya kaya using, batine Andi. Cumpu temenan.
"Emaaaaaak," Andi sakkal ndheprok ngerangkul sikile emake. Nangis gero-gero.
Alhamdulillah, kakange hang ring Surabaya teka aju nyewa montor ngejak emake nyambangi adhike hang durung bisa mulih lebaran.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.