Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 06 Juni 2021 07:11 WIB)

(Cerita Cendhek) Gati


“Iki cekelen ya, dipersekoti sulung wis," abane Niyah ambi ngangsuraken picis abang-abang telung lembar teka dompete.

“Mbok Tik, bergedele aja kathik dicampuri sabrang wis ya,” Niyah menga maning. Iyane pesen tumpeng sega kuning, kanggone selametan ring sekolahan papane mulang.

“Temune kenthang nyel, Dhik?”

“Iya. Aja kari wungkul yah, gawenen rada ceper bain!” Jaluke Niyah nambahi daptar cathetan. Tik ngurek-urek maning kertas ijirane. Ping kuncar-kancir nduleki kalkulator.

Katone Niyah magih durung lega, magih ngeronce-ronce lan meritung. “Mbok Tik, endane mesisan langsung diwadhahi kothakan bain ya?”

“Ya kadhung langsung diwadhahi kothakan arane dudu tumpeng maning...”

Niyah magih mikir-mikir maning. “Digi bain wis, hang sijian langsung wadhahan ring mika ya Mbok Tik...”

“Iyarawis. Beres!” saure Tik ambi nduduhaken itung-itunganan belanjane nyang Niyah. Mula iyane sing tau nulak kala ana hang ngongkon olah-olah. Sapa-sapaa wis. Masiya penjalukane ruwede setengah impur. Akeh-akehe ya mula digu iku. Sing paran-paran, yong arep nyang picise makene pawon sing mandeg weleke. Pira-pira ulihe, hang penting keneng dioperaken babuhe menir.

Serta wis jelas kabeh akad-akadane, picis teka Niyah muka buru ditampa terus disaki nyang dastere Tik hang gobot pecithatane sambel, serangne pathenge.

***

Arane Istianah. Celukane Tik. Asline Bades Karangbendo. Sangking dirabi Mawardik, terusane netep ring Payaman kene sampek saiki. Sakdurunge umah-umah, Tik mung milu buruh nyithak lan ngesrik bata. Liya dina milu buruh nguntingi bawang. Kala-kala ya milu dondom monte.

Sakat ngalih nyang Payaman, Tik mentas teka belethokan. Sing tau nyang bata-an maning. Sing tau milu buruh bawang utawa dondom monte. Lakine ya duduk wong tani.  Lakine kerep dikongkoni ngecet ning wong-wong parek umahe kunu, ya kerep diceluk enggo mapag lare sekolah—ojeg.

Masiya arane ngalih teka kampunge, Tik tetep golet pegawean masiya sing sepira taping seketheng bisa nulungi hang lanang. Ya paling sing, bisa enggo tuku uyahe. Maune, sakat cilike anake, Tik megawe milu uwong. Milu buruh masak, kala semana wis ana aran catering. Serta hang duwe catering sampek umur, Tik leren. Terus  Tik buka dhasar peracangan ring ngarepe umahe, saben isuk. Upamane paran-parane magih, sing digeningaken garing. Tik ngolah dadi matengan, ambi ngengeti ragi-ragi masakan magih ana ring catering, ya kuwasane Allah, payu. Keneng enggo tambah sangune anake.

Magih ring Badhes, Tik masa dhuweg olah-olah hang maneka rupa. Olah iwak pithik, paling wanter ya digerusaken uyah, bawang putih ambi ketumbar lan kunir terus digoreng. Serta mari milu megawe ring catering, ngolah pithik bisa diukeb sulung, diweni ragi panggang utawa ragi iwak bakar, pithik saos inggris, diragi plecing, lan liyane. Kadhung bengene, olah pakis paling mung digerusaken ragi sambel, uwis. Semasa ngalih nyang Payaman, Tik kenal pakis jeruk bali.

Sing iku bain, angger puwasaan, Tik uga akeh ulih pesenan olah-olah jajan. Ting-ting Kacang lan tingting jahe hang paling akeh dipesen. Sing gedigu, ya ulih pesenan jajan bakaran, jajan gelenderan hang dicithak kaya mawaran, sepur mundur lan liyane. Ulihe nggelender lan nyithak ditap ring lengser-lengser hang wis dipoledi mentega, terus siap dibakar ring open. Bisa ditengeri kadhung bangete mari adzan bedhug sampek kira-kira ngarepaken Ashar, mubal-mabul ambune jajan bakaran, iku mesthi asale teka pawone Tik. Paran maning dhung lebaran wis kari itungan deriji, toples beling isen-isen jajan bakaran wis dhirik ring pelanca ngarep umahe. Tingting Kacang lan Tingting Jahe, paceke ditap untu walang makene sing jangget nyang kancane. Jajan-jajan bakaran katon ayu-ayu, kaya ngawe-awe njaluk ditiliki, siap dijuwut hang pesen.

Tik uga angger dipercaya nyekel iwak kala ana wong iwuh. Emeh kabeh wong duwe gawe mesthi nyeluk Tik. Iyane mula sing tau nulak pegawean. Sekirane mampu, seger awake, tenagane ana, ya diiyani. Sing kaya mari ditinggal Bapake ninggal, Tik hang sing tau-taua lara, ketemben iku sampek nginep ring Rumah Sakit pirang-pirangane minggu. Tik hang arang keneng dom suntik, semasa iku kudu dipasangi selang inpus. Malah, Tik sampek kudu dioperasi sikile. Semasa Bapake singana umur, Tik kaget kegawa nyang pikire. Merga kaya sing tuwuk ulihe ngancani Bapake. Alihe Tik ya wis kerep sambang nyang umahe Bapake. Taping mula getun ring atine sing bisa ditambani.

“Mbok Tik, hun tanggo Rika iki nawi wis singana. Rika yara sing tau kadheman..” ujare Muhayyah, tanggane mara nginguk.

“Alhamdulillah Dhik Muhayyah, magih duweni umur ring Gusti Allah..” abane Tik semaur, semendhe ring kursi ngunjuraken sikile hang dibelebeti perban.

“Mak Tik, wayahe...” abane Holipah, anake adhine. Miturut urute, Holipah nyang Tik kudune nyeluk uwak. Ketungkul sakat cilik wis kadhung nyeluk Mak-dhe, jare Adon, tegese Emak-Gedhe.

 “Dhik Muhayyah bukaen toplese, gerimikana tah! Sulung nggawekaken wedhang...” Tik ngelajokaken maning dhayohe, ngingser lungguhe arep mudun kursi.

“Mbok Tik, mane apuwa wis. Isun iki arep weruh rika, masa njuk wedhang..” abane Muhayyah logat Penataban.

“Beng indelna panci, gawe wedhang ya!”

“Aja wis Lipah. Nak mulih wis. Arep kundangan mariki, nawi wis dianteni Bapake Resa..” pamite Muhayyah terus salaman nyang Tik, mulih.

Saikine Tik kudu ngombe obat hang wis ana jam-jam-e lan liyane iku kudu ulih suntik insulin. Mungkur dhayohe, Holipah aju nyuntik Tik ring kencenge wetenge, elet telung deriji teka udele. Suntikane kaya polpen, dom-e cilik kaya dom dondoman. Mari nyublesaken, pecake hang mari disuntik ditutuli kapas gawanan teka doktere.

Durung mari ulihe Holipah ringkes-ringkes pecake nyuntik, Tik ketekanan dhayoh maning.

“Beng, ngindela panci. Gaweya teh tah wis ring kethel ya..” jaluke Tik nyang ponakane iku.

Ambi nggotong pecakane suntik nyang pawon. Holipah terus tadah banyu ring ledheng. Alihe Mak Tik iki warang arane, magih bain mikiraken wong liya, gedigu batine Holipah.

Hang diengeti Holipah, yaiku, gatine Tik mula persis kaya ruwahe. Bengene, embuh kemarang ana segane tah using, embuh ketel ana banyune tah sing, kadhung ana hang lungguh-lungguhan ring bentur umahe, sakkal iku ditawani ngombe lan madhang.

Holipah gage mesud iluh hang ngembung ring metane, enget ruwahe Anange. Ring mbale abane Mak Tik nggesahi dhayohe seru careme.#

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf