Anggitane: Tirto Arum
(Minggu, 28 Februari 2021 07:52 WIB)

(Cerita Cendhek) Gelang Alit Hang Ilang


"Rika sing usah nangis maning Beng, mung setaun lawase Isun menyang golet bandha kanggo kesuk Rika lan Isun bisa sesandhingan selawase sampek tumekane pati. Hang Sun jaluk Rika nganteni tekanisun, Bali lan Banyuwangi mung kepisah segara rupek," jare Kang Hasan ngelus pipinisun. 
"Taping Kang, ring kana akeh kembang wangi hang pating keleleran, kelendi kadhung Rika lali-lalian nyang Isun?" semaurisun ambi mesesegen. 
" Percayaa Beng ambi Isun. Rika lan Isun wis bakalan, sing kira Isun melaku sulung. Hang Sun karepaken gancang bisa sesandhingan ambi Rika selawase, gelang alit ring deriji kiwanrika hang dadi saksi welasisun nyang Rika," jare Kang Hasan maning. 
"Kang,.. ."  isun hing bisa ngucap maning mung eluh hang deredesan seru derese. 
"Beng, Isun menyang Rika hang ati-ati ya," jare Kang Hasan munyik ambi agage munggah bis. 
Isun hing bisa ngucap paran-paran maning ndeleng Kang Hasan menyang ambi ngeculaken gandhengan tangane, mung eluh hang kari seru deredesan ngiringi lakune. Kakang, kelendi endane kadhung rika lali-lalian ambi janjinrika hang nong njero. Terminal Karang ente iki uga dadi saksi munyikrika, ya mung rika hang dadi kembang kudangan.

Jam wis nggadug ring angka setengah pitu soren, isun agage ninggalaken terminal, bis mula edheng-edhengan melaku. 
" Benculuk, Benculuk..! " suwarane kondektur mberak. 
"Masjid Man," semaurisun. 
"Yuh wadon-wadon, sikil kiwa lung Beng, amening kebelandur Beng," semaure kondektur maning. 
Gadug umah Emak Apak sing ana kerana magih ring langgare Wak Ajid, ana muludan jare Emak isuk mau. Mula Emak uga nyiyapaken endhog-endhogan, isun nyang kamar lungguh nong pinggir pelanca kayu ambi nyawang potrek nong ndhuwur meja. Jam sanga Emak apyak wis gadug umah. 
"Rika wis sembayang Isya Beng?" Takone Emak hang magih nganggo rukuk abang. 
"Durung Mak!" jawabisun edheng.
"Gancang sembayang lan ngaso lung Beng," jare Emak maning ambi ngelempit rukuke.
"Beng, jam pira Hasan ulih bis nyang Bali?" takone Apak hang lungguh ring pelanca teras ambi njuwut bakone. 
"Jam enem Pak," semaurisun cendhek. 
"Rika hang sabar Beng, lilakena Hasan menyang golet sandhang pangan kanggo mengarepe Rika keloron. Aja pati ngersula. Apak arep nyang sawah ulung nguripi banyu," jare Apak pamitan. 
Minggu wis ganti ulan sunare candra dewi hang padhang rumang nong dhuwuran mesem ayu, naming ati iki magih kerasa rasa. Rupa lan ayang-ayangrika magih ngaton, taping omonge uwong kari seru antere gok rika wis melaku sulung. Kelendi endane kadhung rika mula ninggalaken isun sawetara deriji iki magih nggenggem gelang alit. 
"Rat!" mberake Ninik ambi melayu marani isun nong parkiran pabrik iwak sarden. 
"Eh Nik, kelendi kabare?!" takonisun nyang Ninik. 
"Apik Rat. Eh Rat minggu sore Isun kecaruk ambi Kang Hasan ring Pulau merah gandhengan tangan ambi lare wadon kulitane cemeng manggis. Kadhung Rika sing percaya acake Rika mengan nyang umahe Kang Hasan bain, makene Rika weruh, luput tah sing kadhung iyane wis gadug umahe," jare Ninik maning. 
"Kang Hasan magih megawe nong Bali yara, Rika hing salah tah Nik nawi bain ana wong lanang hang memper ambi Kang Hasan," jawabisun. 
"Using Rat, Hun ambi Hadi mengan nyang Pulau merah takona Hadi tah kadhung Rika sing percaya," semaure Ninik. 
Soren iki buruh pabrik padha balik, isun lan Ninik uga agage balik aju mampir ring umahe Kang Hasan. Isun uluk salam. Hun tenangaken rasa hang ana ring njero ati masiya tah kaya gunung hang arep mbeledhos. 
"Assalamualaikum," isun uluk salam ambi nothok lawang.
"Waalaikumsalam," semaure wong wadon nong njero umah. 
"Kang Hasan ana Mbok ?" takonisun nyang lare wadon iku. 
"Ana Mbok, Rika sapa?" takone lare iku. 
"Ratri" jawabisun. 
"Kang, gancang mereneya ana hang nggoleti!" lare iku mberak. 
"Ratri! Rat kenalaken iki Galuh rabinisun,"  Kang Hasan kari seru kagete. 
"Kang apuwa Rika kari tega kari mentala ngelarani Isun hang wis kantru-kantru nganteni tekanrika, paran luputisun sampek Rika tega melaku sulung," jawabisun nahan eluh aja sampek tumebluk. 
"Sepurane Beng, Isun hilap," jawabe Kang Hasan hing bisa kemecap maning. 
"Ya wis kang sing paran-paran, nawi Rika dudu jodhohisun maning, mung donga hang apik kanggo Rika keloron aja sampek Rika kelara-lara maning. Hun pamit Kang," jawabisun ambi ngelungaken gelang alit ring tangane Kang Hasan. 
Gelang alit ring deriji kiwa wis ilang kegawa semilire angin soren iki, Isun melayu nggawa ati hang tatu. Munyikrika uga mung dadi angenan lan ayang ayang, kantru-kantru nganteni welas hang wis kadhung ilang, masiya tah ring lurung iki uga mendung peteng lan udan hang magih seru derese taping kembang-kembang magih alum kayadene mata iki hang ngembeng eluh.

Cheung Sha wan, 7-2-2021

 

 

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum

Editor: Antariksawan Jusuf