Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 20 Desember 2020 10:00 WIB)
(Cerita Cendhek) Gelang Alit Korea
“Fit, tukunen tah gelang alitisun, Isun butuh picis ya,” gedigu unine pesen WA ring tilpun ceketheme Fitri teka Mumun.
“Byek Mun, endi ana picis lebih.. larang iku yara?” Hun balesi pesene mauka.
“Using Fit, Isun butuh picis temenan. Iki gelang alit ulih nemu tepak Isun tuku tas seken impor, dadi sing ana surate, murah bain wis,” jawabe Mumun.
“Yee.. digu tah? Taping emas asli yara?” takonisun.
“Emas temenan Fit, wis tau Hun gawa nyang tukang emas diperiksa nganggo air raksa.” Mumun njelasaken.
“Ya wis dhung murah, keneng dienggo simpen-simpenan.” Pungkasane hun putusi tuku gelang alite Mumun. Ya nulung, taping yara ulih emas murah, gedigu pikiranisun.
Iku kedadeyan telung tahun kepungkur, seperene gelang alit iki magih hun simpen. Modhele biyasah, ana matane kelir abang, durung tau hun takokaken nyang uwong kang paham bab watu-watuan, kadhung ndileng wernane kayane mirah delima.
*****
Setahun iki panggonanisun megawe ana urusan ekspor nyang Korea, dadine rada akeh komunikasi ambi wong kana. Kadhang disambi gesah bab drama Korea hang akeh didhemeni wong Indonesia. Isun ya dhemen pisan kala-kala muter drama Korea taping hang ceritanene kerajaan. Dhemen nyang ceritane, dhemen nyawang kelambine, cara nata panganane, cara olah-olah lan sepiturute. Kuna taping katon endah.
“Fitri, minggu ngarep Mister Son Jung arep merene, tulung goletaken umah sewa kang apik ring dhaerah kulon kana. Ring Kemiren utawa Taman Suruh mendhuwur, polae iyane kepingin ngajak keluwargane ngelencer nang Banyuwangi, ndileng gandrung lan budaya liyane lan uga kepingin pisan menyang panggon-panggon wisata hang ana ring kene.. maningan nawi sing pernah dhung manggon ring dhaerah kang hawane rada ongkeb.” Kepala kantorisun ngewani weruh.
“Ah..siaap Boss..” saurisun ambi meringis nirokaken jawabane lalare saiki.
“Halaah.. Rika iki,” Pak Kepala munyik. Jinggote hang wis mulai sembur kelir putih ngatonaken gok umure mula wis lebih teka setengah abad.
Mister Son Jung, iyane iki uwong hang duwe perusahaan ring Korea hang ana urusan ekspor impor ambi kantorisun. Perusahaan keluwarga, anak-anake uga milu megawe ring perusahaane. Salah siji anake hang wadon ana hang paceke gesah kadhung tepak ana urusan ambi kantor, arane Son Chun Cha. Larene kira-kira sepantaran ambi isun, mulane kadhung gesah bisa dawa. Isun ya girang iyane milu teka, masiyatah gesahe kadhang nganggo basa sebisane campur-campur.
Persiyapan wis hun gawe dhaptare, endi hang wis siyap endi hang magih kudu diurus utawa diperiksa maning ya wis ana pisan. Umah Tikel hang hun sewa ring parek Pemandian Taman Suruh utawa Kali Kothak iki sing gedhi seru, taping kerasa seru Banyuwangine. Ana telung umah tikel hang duwe latar cilik hang ngubengi umahe, ana tanduran kembang melathi hang mageri ambalan umahe, ana pisan pethetan liyane, hang godhong-godhongan lan uga hang ana kembange werna-werni. Umah Tikel iki katon asri lan endah. Ring buritan ana latar rada wera ring tengahe ana bangunan pondhok cagak papat hang mung ditutup teropan gentheng sing kathik dipelester utawa keramik, naming mung lemah hang disemburi kerikil. Nong kono ana bengahan rada dhuwur, ring pareke ana diendohi rak piring kuna teka kayu, ana kawat ram hang dienggo mbakar, ana ketel, ana sublukan, kemarang lan liya-liyane. Jare hang duwe umah, panggonan iki mula dienggo gesah ambi mbakar jagung tah sawi, utawa mbakar iwak laut ambi nggodhog wedang dienggo teh utawa kopi. Ana pelanca lan sak set meja kursi teka kayu irisan wutuh, katon sagah naming tetep endah. Teka pondhok iki katon sawah lan gunung hang gemelar biru ijo nambah pernahe ati nyang sapa bain hang manggon ring kono.
*****
Montor muluk hang ditunggangi Mister Son sekeluwarga nggadug Blimbingsari jam rolasan, supir kantor ambi Pak Bos Kepala Kantor wis mapag tekane ring bandara. Isun ambi kanca kantor liyane nyiyapaken panggon pertemuan ring kantor, suguhan lan liya-liyane. Umah sewa wis hun warahi gok engko rada soren dhayohe padha teka.
Suwarane montore Pak Kepala wis melebu latar parkir ngarep, isun melaku nyang ngarep mapag tekane Mister Son sekeluwarga, hang pasti ana anake hang kepingin seru hun temoni.
“Hello Fitriii.. you must be Fitri, aren’t you?” ana abane lare wadon mberak nyapa isun. Rika mesthi Fitri, jare Chun Cha.
“Heeeii... Chun Cha?” pitakonisun balik.
“Yeaay.. finally we meet up here in your hometown!” Chun Cha nyalami ambi meluk isun. (Pungkasane kene bisa kecaruk nong kutharika). Seperene lare hang mung bisa gesah ring HP saiki ana ring ngarepisun. Larene ayu, katon sing mung wong sugih, naming kaya duwe getih ningrat.
Sakmarine salaman pisan nyang Mister Son lan nyonyahe, uga sekretarise hang milu lan asisten pribadine, Pak Kepala ngelajokaken nyang ruang rapat hang wis hun siyapaken sak suguhane pisan. Isun sing milu ngancani gesah, polae isun kudu mangkat nyang umah sewa sulungan, kuwatir nawi ana kurang-kurange ring kana.
Kira-kira jam setengah papat, rombongan padha teka. Hun lajokaken Mister Son nyang Umah Tikel utama hang paling gedhi, Chun Cha ring umah pareke lan sekretaris ambi asistene ring umah hang ngarepe. Isun gancang nyiyapaken suguhan kopi lan jajanan kanggo gesah, rencanane engko bengi durung menyang endi-endi polae nawi magih lesuh. Isun wis pesen sega Tumpeng Pecel Pitik lengkap, uyah asem seladhah, iwak laut, urang ambi enus bakar. Muga-muga padha duyan nang olah-olahane wong kene, batinisun.
Mari maghrib kabeh wis siyap, wis temata ring meja kayu. Serta madhang isun girang, cumpu wong-wong iku duyan, madhang suguhan hang hun siyapaken. Isun lega, kari ngancani gesah ambi mbakar-mbakar jagung, sawi ambi sabrang.
“Beautiful ring..” abane Chun Cha ring parekisun ambi nuding gelang alit hang ana ring derijinisun.
“Oh.. is it true? I bought it three years ago from a friend who urgently needed cash. She said that she got this ring from inside a used bag she bought from a second hand market.” Sautisun njelentrehaken gok ali-aline ulih ring njerone tase hang tukus seken.
“Wow.. at first glance, it is similar to my family’s inheritance ring.” Jawabe Chun Cha maning.jare wmeh padha ambi ali-aline keluwargane.
“Umm.. “ Isun kaya mara-mara enget..
“Chun, suddenly I remember something.. there is writing with Korean kanji engraved in this ring. Would you read it for me?” ucapisun ambi nyoplok gelang alit teka derijinisun lan hun elungaken nyang Chun Cha, njaluk nang iyane maca tulisan Korea hang ana ring ali-aline.
“Son Geun Dang..” Chun Cha maca tulisan kanji hang ana ring jerone gelang alit. Tapi mara-mara..
“Abeoji... abeoji...” peraenane Chun pucet ambi mberak nyeluk bapake.
Mister Son sakkal mara, aju takon nyang anake ana paran. Chun magih kaya wong mari ndileng jim, tangane gemeter ngelungaken gelang alitisun nyang bapake.
“Oh My God!” saiki Mister Son hang mberak. Ambi nulih nyang isun, matane ngembeng iluh.
*****
Mister Son iki keturunan raja, getih ningrat. Embahe Mister Son bengen tepak magih cilik ilang ring alas, sampek puluhan tahun sing bisa balik nyang umahe. Sarta embahe wis sing ana, anake embahe yaiku bapake Mister Son, tahu nggoleti keluwargane, hang diweruhi mung aran margane yaiku Son, umahe keluwargane iku jare bapake gedhi, ana patung leluhur ring latar umahe hang diubengi kolam iwak koi. Pirang ulan bapake Mister Son nggoleti, naming sarta ketemu lan tepak bapake Mister Son merana, keluwargane sing percaya, polae jare kabeh keturunane keluwarga Son mesthi duwe tenger yaiku gelang alit mata mirah delima hang ring njerone ana tulisan kanji arane anake. Bapake Mister Son kala semana durung sugih, dianggep ngaeni keluwarga ningrat. Sampek bapake sing ana umur, tetep sing diakoni nyang keluwargane.
Gelang alit iki, duwene embahe Mister Son hang tepak selamet teka alas magih dienggo, naming suwene suwe diedol polae butuh picis dienggo urip. Embuh kelendi ceritane gelang alit iki bisa nggadug nyang Indonesia, lan embuh paran Kersane Gusti Pengeran ndadekaken isun jalaran gelang alit iki ditemu nyang keturunane hang duwe.
“Fitri, would you please release this ring for us? I will pay you for this, just say a number.” Penjalukane Mister Son nyang isun, arep ngganteni ali-aline ambi picis
Isun mung manthuk, kelendi nak tega sakwise rungu ceritane keluwarga iki hang sing bisa diterima gara-gara gelang alit hang ilang iki.
*****
Sore Mister Son, Chun Cha lan rombongane wis balik nyang negarane. Isun sing tegel ngeregani gelang alite, naming Mister Son ninggali amplop nyang Pak Kepala kantorisun.
Sun bukak, ana tulisan tangane Chun Cha, “You are my sister now, Fitri. We look forward to welcoming you to Korea.” Chun Cha ngomong gok isun saiki dadi dulure lan ngarepaken tekanisun nong Korea.
Ana picis akehe limangewu dollar!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)