Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 19 Mei 2024 07:03 WIB)
(Cerita Cendhek) Genjer Sak Unting
Bang bang kulon wis mberanang abang, ngeteraken sang hyang Bagaskara mapan nang peturone. KM LABOBAR mangkat teka Pelabuhan Balikpapan wis mepet ring Dermaga Pelabuhan Tanjung Perak Surabaya. Tas rangsel cemepak nang boyok, tangan tengen nyangking tas Adidas abote emeh 50 kg, tangan kiwa nyangking kerdus lan blek isi jenang duren has oleh-oleh tanah Borneo. Sing lali ambi setup lidah buaya pelakone adhikisun wadon lan kudangane atinisun. Gadug setasiyun Semut wis dalu nganteni sepur nang Banyuwangi, setengah sepuluh bengi Sepur Mandala Wangi teka Jakarta nyang Banyuwangi nutugaken lakunisun nang tanah kelairan Banyuwangi. Kangen nang ganda arume pari hang digampung, kangen nang keninge banyu hang mili ring mburine umah. Abane selemprite kepala setasiyun nandhani sepur arep mangkat, ati rasane sing serantan kepingin gelis gadug umah kangen nang emak, apak lan adhik, taping hang paling sun kangeni sing ana liya kejaba kembange ati. Isun lungguh adhep-adhepan nyang pasangan laki rabi, anake hang umuran 12 taun lungguh jejer nong sandhingisun.
“Mau Kemana, Dik?“ Pitakone wong hang nang ngarepisun. Isun mberejag langsung nyauri,
“Oh nggih Pak, ajeng teng Banyuwangi,“ abanisun rada gupuh ulihisun njawab merga kaget.
“Oh Laros tah? Isun ya wong Banyuwangi Dhik. Banyuwangine ngendi Rika? Dhung Isun Seraten.“
“Kula Rogojampi Pak, Gladag.”
Omong-omongan ngalor-ngidul langsung nyemanak, sampek hang wadon nggelendhot nang pundhake kesirep. Anake sakat mau wis turu ambi melungker nang kiwanisun lungguh. Pikiranisun nggerambyang sing bisa turu.
“ Mbok Ros….. Mbok Ros… antenana sulung…. aja kari anter kadhung melayu,” abane Pandiok ambi kongos-kongos nguber emboke hang aran Rosidah. Rosidah sing ebuk nang berake adhike, iyane magih melayu ambi nganyeng-nganyeng layangan teka godhonge gadhung hang bolake nganggo perete gedhang kayu. Layangane Rosidah nyungsung munggah diantem angin pesisiran, layangane Pandiok sing katik gelem muluk, digawa melayu malah munyeng-munyeng nyungseb nang dalanan. Salah digu sikile Pandiok kesandhung watu lan kesereb mak ngek, dhadhane ngantem dalan ambi mangap-mangap sing kerasa ambegan. Pandiok mberak nangis ambi nyeluk emboke, “Mboook….” Rosidah kaget rungu abane adhike nangis, aju mandheg marani adhike. Ambi marek nyang adhike Rosidah celathu.
“Ketang Rika iki kongkon nganteni nang ngarep masjid malah ngetutaken Isun. Tambeng mula Rika iki,” abane Rosidah ambi ngusapi dhengkule adhike hang bencel nggerus kerikil.
“Wis menenga, nyak layanganisun iki bain empeten,” Rosidah nguwakaken layangane nang adhike. Pandiok sakkal meneng lan munyik. Rosidah mbecikaken layangane Pandiok aju dianyeng ambi melayu nulih memburi ngetakaken layangane, sing kathikan nulih mengarep. Tepak nang pertelon kampung, isun nggawa sepidhah lanang nggawa gabah rong goni. Sak goni sun deleh nang goncengan, hang sak goni sun endoh nang bayangane sepidhah. Buru bain isun nuntun sepidhah metu teka pertelon dalan, mak bruaak… isun ditabrak Rosidah. Isun tiba kelumah. Rosidah tiba kemureb nibani dhadhanisun mak ngek. Dhadhane Rosidah ngantem dhadhanisun. Ana rasa aneh hang miber-miber nang atinisun. Isun meneng bain ngerasakaken rasa seneng mauka. Rosidah mberejag polae bacote lan bacotisun tataban. Gandane ababisun mambu pelasan lemuru hang dikirim emak enggo sarapan isuk mauka magih jangget. Rosidah tangi langsung mak “plaak” pipinisun ditempiling. Isun sambat “Adhuuuh.“ Wis tiba ulih tempiling. Isun njenggirat tangi ambi nguwel Rosidah.
“Buruk kai, wis nabrak nempiling, wadon-wadon pencilakan memengan layangan kaya lare lanang koh.“
Rosidah wis kelas 1 SMA taping kelakuwane kaya lare lanang, kadhang milu tembung nang lapangan. Sun bentak digu, ajaa wedi malah malangkerik ambi celathu: “Marine apuwa, sapa ngelarang memengan layangan. Rika iku sing tulih-tulih.“ Isun malah kalah galak. Timbang sun terusaken isun ngedegagen sepidhah hang nggelimpang ambi ngunggahaken gabah rong goni. Sun endoh nang goncengan mburi sepidhah njempat memburi, merga sing ana hang mbacangi sepidhah. Isun celathu: “Ayuk bacangana sepidhah iki, aja mung cengeng,“ isun mberak. Ambi gupuh Rosidah mbacangi sepidhah. Sarta tepak ngendoh goni, hang nang bayangan, raine Rosidah parek nang rainisun ambi melengos Rosidah nggeremeng: “Huuh, ambune ababe mambu lemuru.” Isun sing muring, malah sun semprongaken ababisun nang raine Rosidah. Rosidah ngeculaken mbacangi sepidhah. Emane isun telikas nyandhak, Rosidah ngadoh melekok mambu ababisun. Isun munyik ambi nerusaken nuntun sepidhah, ambi ngomong nang Rosidah, “Lare wadon polahe kaya lare lanang.“
“Lumuuuh..“ saute Rosidah. Rosidah kelas 1 SMA, isun kelas 3 SMA, sak sekolahan taping arang ketemu merga kelase beda lan rada adoh nang kelasisun.
* * *
Janjine apak diwujudagen kadhung panen iki netes, isun arep ditukokaken sepidhah udhut. Isun ditukokaken sepidhah udhut kaya janjine apak. Sepidhah udhut teka nang umah. Soren iku emak selametan sega gulung dienggo nyelameti sepidhah udut hang anyar lan hang nunggangi makene selamet. Polahe sedina engkas muludan. Apak ngongkon isun nyekel pitik nang kombong. Isun nyekel pitik limang iji. Pitik walik, pitik berumbun ambi pitik dhugling, pitik hang sing ono wulune nang gulune. Hun cekel sun gawa nang umahe anang kon mbelehaken. Isun nggawa papat, adhikisun Rodiyah nggawa siji.
“Kari akeh mbeleh pitike, Lik.“
“Enggih Nang, ajenge ngge ater-ater nang Gintangan, Songgon, teng Keradenan kalih teng Bajulmati Nang.“
“Oh nang umahe uwakira. Sorene maning teka kene, uwakira adon tapi.. ngateri beras ketan. Adonira kon nggawekaken jajan bugis ambi lemper.“
“Enggih Nang. Wak Adon yara pegawe negeri, Nang. Mboten kober ndamel pantese.“
“Rod..Rodiyaah.. Meriniya Beng.”
“Nuuun. Enten napa, Don?“
“Kakangira makene mulih sulung kono. Hira nang kene bain tulungana Adon mbungkusi lemper ambi bugis.“
“Nggih, Don.“
Isuk iku isun nyuwun ancak nang masjid lan milu serakalan maca berjanjenan. Mudhun teka masjid, isun diceluk nyang emak dikongkon ater-ater. Marek ater-ater nang Songgon, tepak isun gadug Bedewang, nang pinggir lurung sepi tengah sawah ana sepidhah udhut mogok. Sarta parek temakaken Man Sapoan, apake Rosidah, ambi Rosidah nggawa buntelan isi rampadan ambi kembang endhog. Isun mandheg lan nyapa, “Assalamualaikum. Kinging napa Man?“ hang sun sapa ndhangak nulih isun ambi tangane gobod gemuk.
“Alaikum salam eh Sira Lik, teka ngendi?“
“Dugi Songgon ater-ater teng nggeriyane Bibik.“
“Yaiku yah, enak-enak melaku, rantene udhutisun pedhot, maning adoh bingkil. “
“Ndika ajeng teng pundi sih Man?“
“Arep ater-ater nang Jajangan, nang Seragi aju terus nang Bayu, nang adone Rosidah.“
“Kadhung ngoten, Ndika mbeta udhut Kula niki mawon Man. Kersane Kula beta teng bingkil udhut Ndika.”
“Byek, aja Lik ngerepoti. Kadhung njaluk tulung eteraken Rosidah bain kelendi, nang Jajangan, Seragi lan Bayu.“
“Nggih Man, mboten napa-napa.“ Byek iki kebeneran, merga marek tabrakan ika, isun magih enget-engeten nang Rosidah.
“Ayo Dhik, Sun gonceng.“
“Pak, Kula melampah.“
“Man, Kula tilar nggih.“
“Iya wis, aja anter-anter Lik, dhung nunggang udhut.“
"Nggih Man. Assalamualaikum,“ emeh barengan isun ambi Rosidah uluk salam.
“Alaikum salam, ati-ati.“
Udhut sun setater melaku ngulonaken liwat Parangharjo. Sak dawane dalan Rosidah meneng bain. Isun ngawiti ngomong, “Magih adoh Dhik Ros?“
“Ya iya, engko pasar Songgon ngidul Kang. Wis sikatan Rika?” jare Rosidah ambi gemuyu ngikik.
“Byek, kari nyamah yah. Ya uwis tah.. sangking wektu iku nang sawah sing ana sikat, tepak Isun diateri emak pelasan lemuru enggo sarapan, mulih teka sawah malah Rika tabrak.“
“Hi..hi..hi.. sepurane yah Kang. Isun milu kaju nang Rika, atase lare SMA kelas 3 magih gelem mbantu wong tuweke manol gabah.“ Mak dheg, ati tambah sing kakaruwan ana Rosidah ngomong digu.
“Iya Dhik, sing paran-paran Isun ya njaluk sepura nang Rika wis mbentak Rika.“
“Kang, gadug pertelon sasak iku kencenga bain ana masjid meliguka ngiwa.“
“Iya Dhik.“ Gadug umahe uwake Rosidah, disuguhi jajan kucur ambi sumping gedhang raja. Rosidah dhewek hang melebu nyorotaken kopi. Kopi sun uyub, uwake Rosidah metu nggawa buntelan isi rampadan lan kembang endhog.
“Beng, Isun titip Nang Anangira polahe kakangira Untung Sun kongkon nang Muncar, ngateraken rampadan. Kadhung sing age-age diateraken kuwatir sing kepangan.“
“Nggih, Wak Adon.” Sarta marek ngombe kopi lan mangan sumping isun lan Rosidah pamitan.
“Wak Adon, Kula melampah. Assalamualaikum.“
“Alaikum Salam. He Ros, iku sapa hang nggonceng Hira? Bakalira tah Beng?“ Rosidah durung semaur isun nyaut.
“Enggih Wak Adon, Kula bakale Rosidah.” Peraupane Rosidah sakkal abang ambi munyik .
“Mboten Wak, rencang niki,“ Uwak adone gemuyu. Isun nyetater sepidhah, Rosidah munggah ambi mangku rampadan hang tambah abot, metu teka gang masjid, isun mberak “Muuak!!" kerana kemplengisun dicethut Rosidah seketane ambi celathu, "Kapan Isun dadi bakal Rika Kang hayuuuh.” Ambi jelemeten nang isun nyethut maning, isun tambah gujal-gujal tapi dhemen, “Hayuk kapan Isun dadi bakal Rika, ngomonga,“ Sing tahan nang cethutane tambah anter isun mberak ambi ngomong: “Sakat saiki Isun dadi bakalrika Dhiiik.” Isun ngomong anter digu, taping sing kathik sun pikir maning. Isun ditulihi wong-wong hang buru mulih teka langgar lan padha gemuyu ngetakaken isun lan Rosidah geredhoan nang ndhuwur udhut. Ana isun ngomong anter gedigu, Rosidah leren nyethut, taping tangan tengene sakkal meluk nang bangkekanisun, awakisun adhem panas dipeluk Rosidah, “Temenan tah Rika ngomong gedigu iku Kang.” Isun mikir dhung isun mungkir Rosidah kemisinen, tur maningan isun mula dhemen nang Rosidah. Kedadeyan gedigi sing kira bisa dibaleni maning, sakkal hun jawab, "Iya Dhik, sakat bengen Isun wis mula dhemen nyang Rika. Rika Kelendi Dhik?“
“Isun ya padha ambi Rika Kang,” byek kaya disiram banyu es sak cedhing. Awak lan atinisun kaya miber nang awang-awang. Sarta gadug umahe anange, Rosidah sing kathikan leren aju ngejak isun nang Rawa Bayu. Nang Rawa Bayu iku isun matri janji urip bareng jak loronan kaya dene ulan lan lintang. Semaya padha dhemene, urip bareng selawase. Sun peluk lan sun ambung rambute Rosidah. Sing kerasa serngenge wis lingsir, melaku keloronan gandhengan tangan mulih nang umahe anange Rosidah. Sarta gadug, nang meja wis dicawisi kopi jahe lan gedhang goreng. Marek ngopi, isun lan Rosidah pamitan mulih. Gadug umah, emeh magerib, bapake Rosidah wis nganteni nang teras umah. “Byek, Thulik kesuwun yah wis ngerepoti.“
“Nggih Man, sami-sami, eh nggih Man mbinjing Dhik Rosidah Kula ejak bareng melampah sekolah angsal?”
“Iya wis, sing paran-paran. Malah kebeneran, polae sepidhah udhutisun magih nang bingkil.”
Isuk jam enem, isun wis ngelapi udhut lan sarapan. Emak jengah nyang tingkahisun. biyasahe marek subuh ndhekok maning.
“Kari berai Sira Lik, arep nyang endi?“
“Ajenge sekolah, Mak.“
“Mboten Mak, ajenge goncengan ambi Mbok Rosidah niku, sakniki Kakang BKL Rosidah Mak.” abane Rodiyah ambi melayu nang mburine Emak.
“Awas Rika Dhik, sing Sun ateraken sekolah.“
“Lumuh, Isun nyepidhah dhewek yong parek.“ Sing perduli Rodiyah hang ngece-ngece, isun pamit nang emak lan apak.
“Mak Apak kula melampah, Assalamualaikum.“
“Alaikum salam. Ati-ati aja kari akas dhung nunggang udhut.“
“Nggih Mak.“ Sun tuntun udhut nang pelataran lan sun setater melaku ngampiri Rosidah. Gadug sekolahan, isun dipoyoki kanca-kanca. “BKL Rosidah saiki.” Rosidah katon isin.
“Dhik engko mulihe bareng yah?“ Rosidah manthuk. Mulih sekolah mampir nang warung bakso, isun miwiti ngomong.
“Dhik rong dina ngkas Isun lulusan.”
“Iya Kang terus karep Rika nang endi Kang.“
“Karepisun arep nututi paman nang Kalimantan polae Isun disurati kon merana kadhung kepingin megawe. Tekadisun wis kenceng Dhik. Isun nak golet pari kuning sak unting lan genjer sak unting kanggo kanggo ngelamar Rika. Nurut Rika kelendi Dhik?“ ambi ngembeng banyu mata Rosidah nyekel tanganisun lan semaur ambi manthuk lan mesesegen.
“Iya Kang, kadhung tekadrika digu Isun setuju. Taping Isun adoh nang Rika kelendi Kang?“
“Aja kuwatir. Sun surati Rika saban minggu, antenana Isun yah Dhik, rong taun sedheng Rika lulus Isun teka ngelamar Rika.“
Bengi iku isun lungguh jak loronan nang terase umahe Rosidah mesisan pamitan nyang bapake. Isuk isun diateraken emak lan apak, sing ketinggalan Rosidah milu ngateraken isun nang setasiyun Rogojampi, melaku nang Tanjung Perak Surabaya nunggang kapal laut nuju nang Balikpapan. Gadug Balikpapan, isun wis kecaruk paman. Isun milu paman megawe nang pengeboran minyak Muara Badak. Wis setaun lawase isun ninggalaken Rosidah surate wis sing kerep kaya bengen, kadhang rong ulan sepisan malah iki wis setahun lawase sing terima surat teka Rosidah.
Iki wis telung tahun ninggalaken Rosidah rasane wis cukup ulihisun ngumpulaken pari kuning ambi genjer sak unting kanggo ngelamar Rosidah.
“Persiapan yang turun stasiun Temuguruh!"
Isun mberejak kaget sing kerasa wis gadug Temuguruh. Pak Jaeni wong Sraten iku wis siyap-siyap mudhun.
“Aja lali mampira nang umah yah, Lik. Sun kenalaken anakisun wadon buru lulus kuliyah.“
“Nggih Pak, sanes wekdal Kula mampir.“ Marek salaman suwarane sepur wis melaku maning. Gadug setasiyun Rogojampi, isun mudhun nunggang becak nang Gladag. Gadug umah, tepak nang masjid buru tarhim, emeh subuh, lawang sun dhodhog.
“Assalamualaikum Maak…. Apaak…Kula dugi Mak,“ hang metu dudu apak utawa emak, malah Rodiyah.
“Alaikum Salaam….” Rodiyah mbukak lawang, mandeng suwi nyang isun katone rupanisun wis mbelingeri sing kaya bengen. Sarta isun ngedhunaken rangsel, iyane sakkal mberak lan nangis nggugug ambi meluk kenceng nyang isun.
“Kakaaaaang…! Maak... Apaak.. Kakang dugi Maak..“ Emak wis nganggo rukuk arep nang Masjid. Apak buru metu teka cedhing sarungan marani isun. “Alhamdulillaaah, anakisun lanang teka..!! Kesuwun Gusti, anakkula empun wangsul.“ Ambi ngguguk nangis emak nuntun isun melebu umah.
“Masyaallah Thulik, arep mulih sing kabar-kabar yah. Weruha digu yara Sun papag nang Rogojampi,“ jare apak ambi mesesegen.
“Kang, Isun sampek mbelinger ngetakaken Rika, saiki tambah sagah, maning kari dawa rambute yah.“
“Ayo Thulik, aju adusa sulung.. Sun anteni nang masjid Subuhan bareng.” Marek subuhan, isun ndongeng ngalor-ngidul nyeritakaken pegaweyan sampek dikon rabi. Jam pitu isun nyetater sepidhah udhut, sing pamit arep nyang endi ambi nggawa oleh-oleh. Rungu Rodiyah celuk-celuk sing sun reken. Isun terus bain nang umahe Rosidah. Gadug pertelon hang isun tau tabrakan ambi Rosidah, atinisun kemesud setengah mati merga weruh wong nggendhong bayi ambi ngindhit tenong isi kumbahan teka banyu. Sun ucek matanisun nawi isun salah ngetakaken, uwong wadon mau sun celuk, “Dik Roos..” ambi setengah melung isun ulihe nyeluk, wong wadon mau nulih nyang isun. Mak pet, sakkal rasane donya dadi peteng. Rasane belung kaya dilolosi, awak liprek sing duwe daya merga wong mau mula Rosidah. Rosidah marek nulih isun sakkal nggancangaken lakune. Isun metengggengen, sing kerasa iluh mili ngepusi pipi. Udhut sun kebut mulih nang umah. Emak apak wis nganteni isun. Rodiyah nangis mesesegen meluk isun ambi cerita.
“Isun wis nyeluk-nyeluk Rika mau Kang, Rika sing kathikan nulih. Arep cerita dhung Mbok Rosidah wis laki ambi Rahmad kancanrika sekolah bengen. Buru kelas loro SMA wis dikawinaken Kang. Merga Mbok Ros wis meteng sulung.” Kaya disamber geludhug awakisun gemeter sing kakaruwan, arep melung-melung nang sapa, arep njerit isun wis kentekan suwara. Sun bukak Rangsel lan tas adidas hang isi pari sak unting lan genjer sak unting kanggo sarkawinisun ambi Rosidah hang wis pupus sing kelaksan. Wis sing enget magih dhemenan janji susah seneng jare keloronan. Semaya padha dhemene urip bareng selawase. Sun kira sing bakal ninggal omonge tapi sing kaya nyatane. Kelara isun kelara kok tegane rika sulaya. Sing enget nyang bengene kari manis seru janjine, janji urip keloronan tibane mandheg noring dalan. Makene wis welas iki sun lilakena, lila sing lila isun kudu lila. Pastine jodho iku sing keneng dipaksa, abot-abote welas ring njero ati sing selawase welas iku dadi siji.
Kudus, malem selawe Ramadan 1437 H
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Samsulhadi Minakjinggo
Editor: Hani Z. Noor