Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 06 September 2020 06:44 WIB)
(Cerita Cendhek) Getap
Zidni, putune Alik hang magih sekolah TK, umet ngelukaken keresek abang hang butul pucuke diuweni rumput jepang, ditarik kaya-kaya ngelukaken layangan. Bolak balik, digawa ngulonaken ngetanaken, kaya tindhesan.
Angin semilir ngantem uwit-uwitan lan godhong santenan sak ubengan lapangan, jejugedan, ngiwa nengen. Semembur lalare, nyekeli senar, ngulukaken layangan, ana uga hang tekenan nganggo ganjur hang dhuwur-dhuwuran, nganteni pedhote layangan.
Sakur nepak emes hang buru teka diuwot kol buntunge Aji Guntur. Ngaloraken liwat sasake Alik. Parine hang ditandur buru ulih setengah ulan, wis wayahe diemes makene gage lemu. Dhung winih parine tuwek, jare sepuluh dina ya wis diemes. Mariku terus diwatun, wewehan lan dheket, gundha, utawa semanggi dijuwut, dibedhol. Kanggone wong tani, masiya gundha utawa semanggi iku bisa diolah, kadhung sing gage diwatun bisa marai parine gering.
Emes entek ditepak balik ping telu. Zidni, mundur-mundur ambi magih ngelukaken layangan kereseke, kaya hang dhuweg ika. Layangan sing gage bisa muluk, Zidni ngares-ngaresi wong nepak.
“Lik, aja nyerintung Man Sakur! Abot iku, engkotah sira ditibani emes!” abane Yana, emake Zidni.
“Ngeposatah sulung, nawi ngelak, iki kek banyu...” ujare Sam, embahe Zidni nawani Sakur, lungguh ring pelanca ngarep umahe ambi mipili jagung.
Ambi ngundha ambekan, Sakur icis-icis awake hang kemeringet. Ngiling banyu nyang lumur teka ketel. Zidni magih bain ngiwud, ngotong-otong layangan kereseke.
“Kari elek layangane Zid?” Sakur nguwadani.
“Sira gelem layangantah? Man Sakur duwe akeh. Kadung gelem, ayo milu ngetan nyang pondhok..” Sakur nawani.
“Jaken wis Man Sakur, ngiwud bain sakat mau ya..!” sambate Yana.
Zidni tut buri, ngetanaken, ngetutaken lakune Sakur. Liwat galengan ya lanyah mergane ya kerep milu Anange nyang sawahan kana. Ana jelowokan, melencat. Lagis temenan tutburi nyang Sakur kaya ana hang disemayani diweni emas, alihe mung layangan.
Layangan kelir abang peleret kuning dibatek teka selempitane kelothoke gedhekan pondhok. Dielungaken terus diwakaken Zidni. Zidni kaya-kaya sing serantan nak ngelukaken.
“Mung siji Man Sakur?”
“Kisuk bain kapan ulih maning, wakaken Zidni yah. Wis muliha kana wis, Man Sakur arep ngarit sulung selak soren..”
“Sing diteraken Man Sakur?”
“Eh? Diateraken nyang endi Lik?”
“Ya, mulih Man Sakur..”
“Ndane leren diateraken Lik?”
“Sing wani hun Man Sakur. Ana cuba..” Alihe teka pondhoke Sakur, umahe Zidni ya katon. Ya kari melaku ngulonaken sithik, sedhilutan bain gadug. Dalane ya padha bain ambi dalan hang diliwati mauka.
“Masa ana cuba wayahmene Lik. Wis, hun tulihi teka kene, wis kana..”
Sakur ngadeg madhep ngulon, nulihi alon lakune Zidni hang wis gadug kalenan sawahe Aji Santuso. Bolak balik Zidni nulih memburi, mastekaken magih ditulihi Sakur. Kari separo dalan, gadug. Durung njangkah liwat sasake kalen, Zidni ngetepheng ngetanaken maning.
“Apuwa balik maning Lik?” abane Sakur.
“Sing wani hun Man Sakur...”
“Lanang-lanang, ndane sing wani gedigu belaka. Hun tulihi teka kene...” abane Sakur nulih rupane Zidni hang keweden karepe dhewek.
Zidni thingel-thingel, rupane abang. Kari getap seru. Mungguha bengi, pantes. Iki tengah dina, upamane didulit, ya bisa melung-melung njaluk tulung.
“Ayo nyang pondhok maning..” Ejake Sakur nyang Zidni hang magih rapet ngethem senar layangane.
Sakur ngorag uwit jeruk kidul pondhoke. Pathing cicir uwohe jeruk, tebluk nyang lemah.
“Iki Man Sakur duwe jeruk ya. Hang sesigar iki cokoten aja sampek coplok sampek gadug umah ya!” Hang diwarahi, manthuk-manthuk. Sakur nyigar jeruk hang mung sak gegeman tangane lare cilik. Disigar dadi loro. Sesigar diwakaken Zidni, sesigare maning diuncalaken nyang jurang, dibuwang.
“Gegeten ya Lik. Aja dilepeh, kadhung durung gadug ngarepan umah! Rungu?” Rada merinci-merinci Zidni nyecep jeruk uwen-uwenane Sakur, serangne kecute.
Zidni ngethepeng ngulonaken kaya ana hang nguber. Gadug galengan wates wetan umahe, Zidni melung nyeluk Anange ambi rada kisek-kisek.
“Apuwa sira iku kari kongos-kongos, Lik?” takone Sam, Adone, magih mipili jagung.
Zidni melet-melet sing kathik semaur, iyane terus jujug ngilingaken banyu teka kethel nyang lumur. Banyu digelegek, supaya ngelenyir kecute jeruk ring ilate ilang. Kecute kaya magih kelalen ring ilat, Zidni nggelegek banyu maning.
“Mari mangan paran sih sira Lik?” takone Anange.
“Diweni jeruk ambi Man Sakur kok, Nang. Makene isun wani mulih dhewekan.”
“Ketang getap!!” selane Yana.
“Ulih ngendi jeruk Man Sakur?”
“Kidul pondhoke iku ya Nang..”
“Ya Alloh Zidniii, sembada sira ya gok aju arep!” Adone Zidni kaju.
“Apuwa sih Don?” takone Zidni nyang Adone.
“Jeruk sambel iku ya Lik, tutule kuluban gundha!” abane Yana, emake Zidni getun.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)