Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 29 Maret 2020 10:45 WIB)

Cerita Cendhek: GETUN


“Kang sepurane, Isun saktemene isin arep ngomong iki nyang Rika. Kepingine Isun arep ngomong langsung nyang Rika. Isun ngerti Rika sing welas nyang Isun kerana Rika dhemen ambi Rantika. Sedurunge Rika getun ring dina mburian, njaluk tulung timbangen maning welasIsun nyang Rika. Isun weruh iRantika iku sapa lan kelendi. Taping Isun emong mbuka wadine Rantika nyang Rika.”

“Kang, Isun mung kepingin Rika aja sampik kejelomprong. Isun weruh, Rika lan keluwargane Rika iku wong apik. Isun sing tega kadhung mbisuk Rika pungkasane nyandhang wirang kerana rasa dhemen Rika hang salah panggonan.”

“Isun duwe penjaluk nyang Rika, tampanen welas Isun nyang Rika. Ndane tah masiya mung sak cuwil, sing ana panggonan ring atinrika kanggo welas Isun hang sak werane segara iki. Lamaren Isun kang, sedurunge atinisun iki sun sendhekaken nyang wong liya. Aja sampik dhemene Rantika hang sing sepira ngalingi welas Isun nyang Rika hang sing ana kira.”

Hang sing tau pungkas welas nyang Rika

SURYANI”

Jakpar maca surat teka Suryani. Iyane mung mesem, dianggep surat teka Suryani iku mung abane lare wadon edan hang dhemen-dhemen dhewek. Kerenteg atine Suryani hang ditulis ring surat iku sing direken blas. Diwejek-wejek surat iku ring ngarepe emake aju dibuyang ring ngisor sikile emake. Surat iku mula dititipaken Suryani nyang emake Jakpar.

“Apuwa surate Suryani Sira wejek-wejek lik.” takone emake Jakpar.

“Lare sing duwe isin mak.” jawabe Jakpar ambi melengos.

“Sing duwe isin kelendi lik?” takone emake maning.

“Woconen dhewek surate Suryani mak!”

Emake Jakpar njuwut surat hang ana ring parek sikile. Dibuka lan diwaca maning surat hang wis lungset iku. Mari maca, dilepit maning surat iku aju dilebokaken maning nyang amplope hang gemelethak ring meja.

“Lik Jakpar, reganana tah atine Suryani.” emake ngelus pundhake Jakpar.

“Diregani kelendi. Kan wis weruh Isun sing dhemen nyang iyane.” saure Jakpar.

“Iya, taping sira durung weruh yara Rantika hang sak benere.”

“Rika percaya nyang omongane Suryani mak.” Jakpar mbantah.

“Iya, Isun weruh Rantika iku sapa. Engko tah sira getun.”

“Uwis mak aja milu-milu ngurusi Isun.” Jakpar langsung metu ninggalaken emake.

Emake mung metek dhadhane nyawang anake hang sing keneng diilingaken iku. Digawa melebu surat teka Suryani mau. Saktemene emake Jakpar wis weruh dhewek nyang tingkah polahe Rantika hang didhemeni anake iku. Wis sing kurang-kurang iyane marahi anak lanange iku, taping sing tau direken. Dikirane hang diomongaken emake iku mung pitnahan teka Suryani.

Kisuke, emake Jakpar nemoni Suryani mbalekaken surate. Suryani nyampekaken terima nyang emake Jakpar kerana wis gelem nyampekaken surat iku nyang Jakpar. Emake Jakpar ya njaluk sepura nyang Suryani kerana welase ditampik anake.

“Beng, Isun sepurane hang akeh yah.” dicekel tangange Suryani hang ring ngarepe.

“Mboten napa-napa, kula ya terima.” saure Suryani.

“Hang ihlas lan sabar ya beng.”

“Enggih.” matane Suryani ngembung iluh sing kuwat nahan tangise.

“Sepisan malih kula nedi sepunten nggih, serehne Kang Jakpar mboten nerami kula. Kula nggih nedhi ihlas ndika.” abane Suryani maning.

“Maksudira paran beng?”

“Minggu ngarep kula ajeng dilamar tiyang.” tangise Suryani pecah.

“Iya wis beng, muga sira nemu jodho hang bener lan urip seneng.”

Emake Jakpar langsung pamit mulih. Iyane sing tega nulih Suryani hang nangis iku. Ring jeru atine, iyane kepingin nangis mergane sing bisa nggathukaken Suryani nyang anake. Iyane welas nyang Suryani, taping anake wis ketutup atine. Emake Jakpar melaku mulih ambi nggawa rasa ngersula. Ngersula nyang anake hang uwis ketutup atine kanggo nampa welase Suryani. Kerana anake, saikine Suryani arep nampa lamarane wong liya.

*****

Liya dina kurang seminggu Suryani arep penganten, Jakpar metu ambi kancane nyang kutha. Sing disangka, ring kutha iyane kecaruk ambi Rantika nggandheng wong liya maning. Kaya disamber geludhug, atine Jakpar kobongan. Iyane buru percaya karana wis weruh dhewek Rantika wis ngeliya. Welase nyang iyane mung apus-apusan.

Kelendi maning, iyane wis kadhung ngelepeh. Sing kira arep ngeleg maning idu hang wis dilepeh dhewek. Arep balik nerima welase Suryani ya sing kira. Bengi iki Suryani wis akad nikah dadi penganten lungguh bareng ring kuwade ambi wong lanang hang gelem nambani atine hang cuwil. Perihe atine wis keli milu miline banyu udan.

Udan hang cicir ring bengi iku durung katon arep mandheg. Suarane geludhug magih ngampar-ngampar ring awang-uwung. Rasane kariya sintru, suarane derese udan nambahi sunute wayah kaya sunute atine Jakpar. Ring lawangan, iyane ngadeg semendhe dhewek nyawang cicire banyu udan hang sing ana mandhege. Atine tatu, perih ngalahi perihe keneng latu.

“Duh kari gedigi rasane wong kelangan.”

Tangane Jakpar dipenthung-penthungaken nyang sakane lawang. Buru saiki kerasa, perihe ditinggal uwong hang diwelasi. Suryani, saiki wis disandhing wong lanang liya. Dudu merga Suryani sing welas nyang Jakpar. Taping salahe Jakpar dhewek hang sing ngereken nyang welase Suryani hang ssktulus atine.

Iyane kepincut ambi ayune lare wadon hang jare dhemen nyang iyane, taping durung karuwan welase. Sing weruha Rantika hang iyane belan-belani pungkase mung sulaya bain kerana kepilu nyang lare lanang hang lebih teka iyane. Jare paribasan, ndayani uceng kelangan deleg. Saikine Suryani sing nyandhing, Rantika ya sing bisa disandhing.

“Kasep sira getun lik.” abane emake teka mburine.

“Isun welas nyang Suryani mak.” saute Jakpar ambi gemeter.

“Buru kerasa sira, sakat sore-sore atinira nyang endi?” emake rada nyamah.

“Iya mak, Isun rumangsa saiki.” Jakpar mangkat mesesegen sing bisa nangis.

“Iku ulih-ulihe sing nurut omongane wong tuwek.”

Emake ninggalaken Jakpar hang magih ngadeg ring ngarep lawang. Ring kadohan kana, lamat-lamat suarane gendhing teka umahe Suryani rungu nyang kupinge Jakpar. Dina iki, Suryani dadi penganten. Abane gendhing teka iwuhe Suryani saya ngiris-iris atine Jakpar hang wis kadhung tatu. Munggane sak ulan sedurunge Suryani dilamar uwong, iyane gelem nyanggupi penjaluke Suryani, nawi bain bengi iki iyane hang semandhing ring kuwade ambi Suryani.

Aleya waktu iku Suryani wis njaluk nyang Jakpar kon ngelamar iyane. Taping Jakpar nulak terang-terangan, kerana jare iyane sing duwe rasa welas nyang Suryani. Duh getun wis kari getune, susah ya wis kari susahe. Digetunana ya sing kira arep balika, disusahana ya sing kira arep mara. Wis kelajut kembang dipethik wong liya.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Satria

Editor: Hasan Sentot