Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 12 April 2026 07:45 WIB)
(Cerita Cendhek) Hang Iwuh Hing Uwah
Ana telung perkara hang nggarahi pipinisun gemilap merga miline iluh banyu mata. Siji, tepak kuping kelebonan semut. Loro, wayah kepelang lan kebagleg. Telu, wayah ngeculaken adhik merga wayahe laki lan umah-umah.
***
Semebrung arume kembang sundel lan mawar ring bokor, kaya lenga wangi seja diesokaken. Ibarat kupu miber tememplek nyang selambu, tembok lan ambune jangget. Bokor keramik kelir emeh kaya emas hang sedinane semuntel nyelempit parek kulkas iku wis njejeri toples-toples jajan karine lebaran. Parek saka mbale, uga wis didelehi sundel mawar ring bokor hang sijian. Pekakas hang seja diparoti gena sing gopel iku wayahe tampil. Ngarepe tipi wis dilemeki karpet hang paceke digulung ana ring sandhinge lemari.
Tugasisun ngeteraken adhik hang kudu dipaesi ring papane iwuh wis mari. Kabel, karpet, penjalukane tukang paes ya wis sun teraken maning merana. Emane tah wis panggone parek ring bacot, sak wetane GOR. Bolak-balik sing apapuwa. Mungguha doh kana-doh kene, nawi masuk angin sulung. Tugas nomer loro, njuwutaken sayur selada kanggo pethetan ring kothakan berkatan ya wis beres. Magih ana siji tugas maning, ngeteraken emak njuwut pesenan jajan ring pasar terminal, setengah enem. Sun lirik jam hang melungkeri ugel-ugelan tangan magih ring angka lima.
“Apakira turu ring kandhang, mesisan makani sapi,” semaure emak hang dhikut nyansam dang-dangan ring sublukan bengahan. Mula bengahan hang sakat lebaran sore iki dienggo ngulub lonthong sing mandak dibongkari lagotane mesisan enggo darurat nawi gas angel ulihe.
“Nggawa kemul Apak, Mak?” takonisun ambi nguntek minyak telon nyang delamakan tangan aju sun usapaken nyang weteng. Sun pelungsung maning kasut aju sun kesretaken selerekan jaket gena tetep anget awakisun hang gelis kenyih.
Pirang-pirangane dina Apak rada kadheman, sambat sing bisa turu lan rada watuk. Kari-kari, eman temenan rungu gok turu ning kandhang. Ndane sing tambah adhem nung kana?
Enget bengen wayah arep jebege nikahisun, Apak iku ya warang sampek sing kelar ngarit. Awake dicemak panas, taping sambatane gemigil adhem sar-saren. Mungne ambekana gedigu, Apak ngober-ngoberaken ngedegaken teratag pawon lan bengahan wetane umah, maculi juglangan enggo buwangane banyu korah-korahan, uga magih ngunjali kayu tegorane jambu teka sawah kana. Sipat mari magriban ya magih jenggirat latihan maca akad makene teges, sagah, hing gemeruguh wayah dinane. Mungne hang nggarahi ati ciyut, wayah manggulan, dhayoh-dhayoh kepaksa ditinggal gelintingan ring peturon. Jare sambate, adheme kaya nyelendhep nyang belung, kala semana.
Taun iki wis ping pindhone, Apak mengantekaken anake. Yong hing iwuh ring umah, kaya wayahisun bengen. Temakaken Apak ya tetep warang. Pantese nawi nata atine, merga salah siji anake arep ‘digawa’ wong liya maning. Sedina-dina katon mata, mariki wis bida.
“Nyaling iwuh ning umah Apak iki Mak. Ndane warange kaya jamanisun bengen?” abanisun ngetutaken emak hang ngempit dhompet ambi masang kudhung selobokan.
“Ketang apakira wis weruh watuk, udude magih ngebeb bain!” abane emak setemene mangluh. Mulane sabene ngongkon isun njalukaken jeruk jamu nyang kanca, merga jeruk tukonane emak ring pasar asat banyune.
“Lumuh wis, dirasakaken dhewek belaka,” ujare emak wis kesel ndamakaken.
“Taping sore paca nyang Pak Amri yara?” abanisun mastekaken ambi ngadeg ring lawangane pawon intep-intep kaya mandhor. Alihe isun ya weruh gok serang gatine, adhik hang ragil nyeja njuwutaken nomer antrian periksa, gena Apak sing kari suwi nganteni.
Pelesteran pawon katon jendhel ngelinyam ngelenga. Ring meja, ting telining wadhah, aren, sendhok kemureb pecake selametan nubengi. Ring pawon hang kulon, Mbok Imah wis metel sega nyang cepuk. Lek Sulik ngelebok-lebokaken endhog asin nyang cengkowokane kothak. Mbok Kam ngusuti godhong kanggo incutane sega hang wis dicithak. Mak Tik wis kunjur mantes-mantes bistik hang kudu ditelepoki ragi. Mula sing kathik ana ramen-ramen ning umah, taping liyane ulih madhang ring panggonan iwuh— ulihe rembug, apike dhayoh walimahan mulih nyangking berkatan. Mulane yara magih olah-olah kanggone berkatan.
Panci luntrik isi kokoh wis gemulak wolak-walikan, semandhing. Masiya jare emak apak hing undang-undang, aran kabar seru gelise kegawa angin. Endi ana emak lan apak arepe nundung uwong hang mara. Merga ya ana bain dhayoh hang teka, serthal-serthil sakat sorene maning. Mulane kanggo lemes-lemese timbang garingan, emak nyawisi soto. Sak sing-singe, ana hang bisa disuguhaken masiya mung sega kokoh jangan. Malah makene dhayoh sing mulih tayongan, emak ya nyepakaken gawan masiya mung isi teh botolan ambi jajan pabrikan, gadug ngumahe yara magih keneng diungang. Taping emak sing ngarepaken pitik belorok, iya gok ngendhog. Mulane cepak-cepak bain nana eleke. Luputa nana dhayoh, yara keneng dipangan dhewek.
“Timbangane keperet-peret,” gedigu abane emak wayah nyicil nyepakaken ragi-ragi belenderan. Mula emak dhemenan milih ringkese lan nurut nyang anak hang wis ndamakaken. Walimahan sak resepsine didadekaken sedina, nyewa panggonan. Sak mareke, hing dhikut singkrih umah boro. Hing kathik ngerumat wong bongkar terob, sound, utawa sing kathik ngijir akehe sendhok lan jembung gawane wong sewan.
***
Adhik wis masrahi isun nawi ana kurang-kurange suwene acara. Ya kelebu nilpun kang kiroah merga wis jam sanga kurang seperapat, Rafa hang ditugasi durung katon bacote. Koncar-kancir sun tilpun, arane Rafa durung ana semaur.
“Kon muni yara wis lare hadrah iku!” kongkone emak ambi nyincing jubah putihe hang rada ngeleser. Sun anthuki bain perintahe emak, ambi sun kecrotaken lenga wangi kenceng lengene. Mariku emak sun urak mengarep gena lungguh ring pareke meja terima tamu. Suwene nganteni Rafa semaur, sun perintah para ponakan gena nggotong berkate besan hang wis dikereseki abang.
Mariku, genti sun urak lalare hadrah hang wis teka sakat magih cumpleng. Kadhung paceke hadrah lungguhe lesehan, merga iki disedhiyani kursi, lare jak wolu nabuh kelawan lungguh. Vokalis ana ring kursi ngarep madhep nyang panggonan akad. Lalare hadrah iki muride adhik dhewek, mestine mung sendhika dhawuh nyang jalukane gurune. Hun selakaken sulung berkate hang akehe wolu. Ngepos selawatan yara keneng dithemil-themil jajane.
Nubengi wayah dicacak, aran emik kanggo hadrah mula mung telu, rada kemeresek lan meneng-meneng kemuwing nyang kuping. Kelendi-kelendiya, hadrah ya kudu tetep muni. Emane lalare lancing jak wolu pating nurut nyang perintahun. Hang bagian nabuh sing uman emik, sing paran-paran. Serta hadrah wis muni, isun balik nyang panggone adhik dipacaki kanggo nakokaken kadhung Rafa sing teka-teka, sing kathik ana kiroah, kelendi?
Telikas bain adhik merintah salah siji muride hang hadrah mau. Emane tah, muride temenanan sendhika dhawuh nyang penjaluke gurune. Gancang-gancang isun kudu mbisiki Pak Nunung MC hang wis dijagongi Apak.
Mula-mula-a wih, wayah jebege ana bain kedadeyan kang sing disangka lan luput teka tap-tapan hang mula. Kudu gelis diputusi kelendi apike kelawan ati hang tenang lan ayem. Sedheng isun, ya wedi salah kadhung sun putusi dhewek.
“Banyu ngombene MC durung...” uneke Apak seja ngguthit lan nyela isun. Hun anthuki bain, merga isun magih nguwarah MC dak arane petugas kiroahe ganti.
“Apake aja milu ruwed. Wis ana isun...” semaurisun sareh, makene sing keneng gemprak lan gena Apak sing tambah gupuh.
Sun dileng hang duwe panggon wis ambi anak buahe nata-nata panganan lan olah-olahan. Banyu ngombe ana telung macem ring dispenser. Mestine dhayoh sing kira arepe mara nyang panggone panganan dhung durung mari akad. Yara wis asat gorokan kadhung banyu ngombe nana cawisan, usikisun. Gelis sun awe, Cak Kom hang paceke telikas dhung dijaluki tulung.
“Cak, tukokena banyu rong dus, delehen kene bain kek...” kongkonisun nyang anake Uwak—emboke Apak. Sing kathik engka-engko sulung, arane Cak Kom langsung beruwat.
Sun dudut tissue aju sun posed bathukisun hang derodosan keringet. HP nung jero tas selendhanganisun kerasa ana hang nilpun. Temakaken adhik penganten lanang ngabari gok wis gadug. Mulane ring meja terima tamu wis siyap, padha adheg-adhegan mapag tegane rombongan besan.
“Apake engko lungguh pinggir kidul. Iki tissue esaken...” perintahisun, ambi ndeleh tissue ring esak kelambi putihe Apak.
“Nyak, kethemen Mak...”elungisun nyang Emak, merga emak ya hang gembengan maning. Eh, taping ditulak. Balik sun lebokaken tas maning, tissue hang kari sak bendel cilik. Aju sun engetaken emak gena aja kari tegang.
Mari nampani gawan lan hantaran, lega rasane bisa lungguh lan ngundha ambegan. Sun belisaki tissue ring njero tas, aju sun tutul-tutul maning bathuk hang kepus keringet. Kipas cilik sun jeber, rada icis kerasane aju bisa tanek milu ngerungokaken Pak Nunung hang ngawiti acara kelawan salam, lan basanan.
Pohon salam di samping pohon sawit
Muga-muga hang njawab salam, banyak duuu...
Seru renyah temenan Pak Nunung gok nggawa. Mula kanggo lemes-lemese omong, gena nuansane sing kari tegang.
Wayah emik wis ring tangane penghulu, jemedhor lan semendhal atinisun rungu suwarane Apak, alihe sakat sore-sore wis keselimur. Dhadha kerasa dibedhili aju kopong melompong. Kemesar ati, aju rai kerasa anget, merga bebengane banyu mata ambrol edheng-edheng. Enget kala semana Apak dhewek hang maleni lan nikahaken isun, sing kathikan pasrah wali.
Tambah ambrol bebengan banyu mata, rungu suwarane Apak kari ping koncar-kancir mbaleni ngucap akad. Pancene emik-e njaluk dibanting! Astaghfirullaahal-adziiim,
“...saya terima nikahnya.... dibayar tunai,” banyu mata tambah kemelocor. Sun delekepi rainisun hang gebles iluh. Tambah-tambah, adhik lanang hang ragil abang mata lan bacote wis derewesan kaya ana mari nempuhi merga sing ditukokaken memengan. Aju penghulu merintah gancang penganten wadon dilajokaken nyang panggon akad lan kuwade kemanten.
Sun gulapi rai hang wis sing karuan. Sun iring jak ketelon, jangkahe adhik hang melaku munggah kuwade kemanten. Isun ana ring mburi nyekeli kain merdep lan merlik hang arum kembang melathi gena sing keidek. Adhik lanang ring kiwa, Anis—adhik nomer loro ring tengen.
Mula bener jare Zayn Malik wayah nggendhingaken A Whole New World ring pilem Aladdin: unbelievable sights, indescribable feeling. Pantese ya gedigi pisan isi dhadhane adhik-adhik bengen magih pengantenisun.#
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Dokumen Pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf