Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 23 Maret 2025 05:43 WIB)

(Cerita Cendhek) Hing Mulih Lebaran


HING MULIH LEBARAN

Dianggit ring Sentot Parijoto

 

Lebaran taun iki, isun sak keluwarga pungkasane sing bisa mulih. Saktemene ya abot, merga sing bisa ketemu dulur-dulur ring kampung. Buru lebaran iki, isun kangelan picis kanggo mulih. Biyasahe magih bisa nyelengi, mulai sangu ambi ulih-ulih kanggo dulur-dulur ring kampung. Anak-anakisun mula durung hun warahi, kadhung lebaran iki sing mulih.

“Pak, paca kapan mulihe? Isun selak kepingin ketemu Andri, Rika ambi anake Mbok Malah,” jare anakisun hang kelas 4 SD.

Isun terima janji engko, tanpa njelasaken kahanan hang setuhune. Kadhung kakange hang lulusan SD wis ngarti, lebaran iki sing mulih merga apake magih mikiri sekolahe hang anyar. Isun suwi-suwi nang umah ya sing betah, weruh anak meneng nang umah ambi ndeleng tipi. Arepe memengan nang njaba, kancane wis entek padha mulih nang kampunge wong tuweke.

“Alah Lik, Banyuwangi mung pirang jam? Masa setahun sepisan bain sing mulih? Ongkos mung pira Lik, kadhung kangelan ongkos yara bisa ndaptar Mudik Gratis hang dianakaken Pemerintah Propivinsi Jawa Timur”, gedigu aloke Sunardi, kanca teka Banyuwangi hang puluhan tahun manggon nang Surabaya.

Isun mula sing cerita nang Sunardi, kadhung tahun iki akeh butuh hang kudu sun tanggung. Setengah tahun kepungkur, wong wadon melebu rumah sakit. Barang-barang hang ana regane, wis entek sun edol kanggo nutup biaya rumah sakit. Marek iku, pegaweyan seret. Kabeh kebutuhan urip sedina-dina, kepeksa ngadol barang-barang hang ana ambi nganteni ana rejeki gantine.

Isun sak keluwarga manggon nang umah kotrakan, sakuwise metu teka pegaweyan lawas. Mula bengen magih cukup, ulih umah dines, lan kebutuhan liyane, akeh hang ditanggung perusahaan. Wayah sakmono, isun kelalen simpen-simpen kanggo tuku umah. Pungkasane serta pabrike bangkrut lan isun kudu metu, perotongan golet umah kontrakan. Pesangon sing sepira, separone dienggo ngontrak umah. Liyane kanggo modhal megawe, ambi wong wadon. Merga wong wadon sun ejak megawe iki, pungkasane kesehatane keganggu sampek melebu rumah sakit mau.

“Kelendi Kang pacane?” gedigu omongan hang mbuyaraken angenisun tepak thenger-thenger ring ngarep umah. Wong wadon tetep kepingin weruh pesthine, mulih tah sing. Isun mula ngambang ngomonge nang wong wadon, merga ana hang sun jagakaken kanggo nyukupi butuh mau teka kanca hang arep nguweni pegaweyan.

“Katone sing bisa mulih lebaran iki Dhik, hang janji nang Isun arep nguweni pegaweyan nana kabare sampek saiki. Timbang bisa mulih, tapi balike perotongan bangur nang kene bain. Anak mbarep wis Sun omongi, iyane nerima lan kepingin seru melebu SMP hang diangen-angen. Kari adhike hang durung sun omongi, isun sing mentala kadhung weruh iyane ngecepres ngomongaken dulur-dulure ring Banyuwangi,” gedigu sun jawab pitakone wong wadon. Sing kerasa, iluh mili ngepusi pipi. Tangis sun empet, wedi kerungu lare-lare hang memengan ring njero umah.

“Ya wis Kang, Isun paran jare Rika. Iki mau Istianah adhikisun SMS, jare arep transfer picis kanggo sekolahe anak lanang,” ceritane rabinisun.

“Dhuh, aja ngerepoti adhikrika Dhik. Isun isin, merga tepak Rika kadheman bengen Istianah iku ya nyumbang akeh,” gedigu isun ngewani alasan.

“Jare Istianah sing paran-paran, merga picis iku ulihe adol wedhus. Jare babone wedhus iku Rika hang nukokaken tepak magih megawe ring pabrik ika. Saiki wis dadi akeh, hang dienggo nyumbang Isun bengen ya ulihe adol wedhus Kang”, gedigu omonge rabinisun.

“Ya Alloh, Maha Agung Ndika. Wayah umate bingung lan kesusahan, wonten mawon hang nulungi. Kadhung mbonten Ndika hang ngatur, mboten kinten saged meketen,” isun gemigil weruh cerita teka rabinisun. Iluh hang mili mau tambah deres, pungkasane tangis mbeledhos pisan. Antarane seneng lan syukur, ulih rejeki sing kenyana-nyana.

“Kang, iku hapenrika muni,” jare rabinisun.

Isun agage mungkasi tangis, melebu umah nggoleti telepon. Temakaken teka kenalanisun tepak megawe nang pabrik bengen. Iyane kepingin diejak muter-muter nang Surabaya, umah aseline Makassar, rabi ulih wong Sidoarjo. Sedinane manggon nang Jakarta, iki lebaran kebeneran mulih nang mertuwane. Masiya isun wis sing ana hubungan pegaweyan, taping kanca mau nyambung terus peseduluran nyang isun.

Lebaran kurang sedina, isun agage metu nang Aloha panggon janjian kecaruk ambi kanca mau. Sakat jam 8 isun wis nang panggonan, taping hang dianteni durung ana katon bacote sithik-sithika. Dalan wis rada sepi, merga wong mudhik wis rada sepi. Gediguwa ana bain hang nggudha, ambi nyebut “Banyuwangi.. Banyuwangi.. ayo mudhik-mudhik...”, jare wong nang bis rombongan. Ati dadi kemesud semendhal kadhung disebut aran Banyuwangi, merga lebaran iki sing bisa nyambangi.

Let pirang menit, kancanisun teka ngampiri ambi nunggang montor hang magih gres. Isun aju ganti nyetiri, merga kancanisun mau sing weruh dalanan Surabaya. Kawitan njaluki nang Makam Mbah Ampel (Sunan Ampel) ring Pegirikan, aju diterusaken nang Sunan Giri Gresik. Jadwale balik soren, makene nututi takbiran nang umah mertuwane. Naming buru gadug Ampel, kancanisun ulih tilpun teka hang wadon. Jare anake rewel, ngajak melaku-melaku lan nggoleti apake. Kancanisun kaya bingung marek nerima tilpun mau, aju agage mulih lan rencana nang Gresik wurung.

Isun diateraken ring Aloha nong panggonan nganteni mau, durung sampek bedhug wis gadug umah. Isun agage kepingin weruh isine amplop hang diweni kancanisun mau, agage sun buka ring njero kamar ambi nyeluk wong wadon kon nyekseni. Alhamdulillah, kancanisun ngewani picis kare akeh seru, ana Rp. 10.000.000,- (sepuluh juta rupiah).

“Ya Alloh, Maha Murah Ndika,” saiki rabinisun hang sing bisa ngempet. Tangise sampek ngagetaken anak-anake hang memengan game ring hape. Tangis seneng mau aju dipungkasi, serta lare-lare wis mecungul ring ngarep lawang kamar.

Ambi terus mbesesegen, wong wadon lan isun gentenan ngelus rambute lare-lare mau. Kahanane dadi sintru, arep ngomong sing kewetu. Isun agage mecahaken kahanan mau, ambi ngajak lare-lare mau metu teka kamar.

“Saiki Akang ambi Adhik agage adus, marek iku sembayang lohor. Apak ulih rejeki, tapi lebaran kesuk tetep sing mulih. Merga wis sara golet kendharaan, kadhung anaa ya larang. Bangur marek lebaran sedurunge melebu sekolah, engko mulih nunggang sepur. Rejeki iki mau, keneng dienggo mbayar sekolahe Akang ambi tuku seragame Adhik. Ayuk agage adus, marek iku sembahyang lan aju nang Mall ya.” Bek aran lare loro mau aju girang telikas melayu adus. Emake nyawang polahe lare loro mau, mung bisa mesem girang.

“Alhamdulillah... alhamdulillah” ucap sukure rabinisun. Ambi tangan ngusapi iluh hang mili sing mandheg-mandheg.

 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sentot Parijoto

Editor: Hani Z. Noor