Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 29 November 2020 06:11 WIB)
(Cerita Cendhek) Jangan Kelor
Sewengian udan kician, Rehana gelibegan nong pelanca. Miring ngiwa salah, miring nengen sing betah. Pikirane ngelayung nyang lakine kang megawe ana ring kutha liya. Sore dina jemuah lakine tilpun gok iyane wurung mulih minggu iki, polae jare akeh lemburan. Iki wis rong ulan lakine sing mulih, biyasahe rong minggu tah telung minggu mesthi mulih. Sak suwene paling pol ya sak ulan. Rehana sing takon, taping embuh apuwa, atine Rehana sing bisa lerem. Kaya ana hang disengidakaken nyang lakine.
Pikirane Rehana ngelantar nyang endi-endi, kudune bengi iki lakine ana umah ngancani kaya dina sabtu tepak mulih biyasahe. Mau sakat bedhug iyane kirim pesen liwat WA taping sing diwaca, disusuli maning mari magrib mauka ngengetaken wayah madhang aja kelalen, ya sing diwaca. Ana paran ndane, arep tilpun wis kedalon, kuwatir nawi nggarai kaget. Rehana mula sing biyasah tilpun nyang lakine wayah jam megawe utawa dalu wayah wis turu kejaba mung kadhung ana masalah utawa berita penting seru.
Lakine wis emeh pitung taun iki megawe nyang kutha liya, taping rong taun iki kaya katon ngelempuh seru kadhung mulih. Kadhang mangu-mangu mata walangen kaya ana hang abot ring pikirane. Tau Rehana takon, taping lakine semaur gok sing ana paran-paran.
Setaun iki, kiriman picise mula sing mesthi. Polae jare sewa kontrakan ulanane munggah dadi kirimane dikurangi. Tau tepak ngirim picis ulanane tambah sithik, jare polae saiki tuku sega nyang warung sing cukup sepuluh ewu, lakine njaluk tulung Rehana nyukupaken kirimane kelawan nggemi picis kirimane. Rehana ya sing maido, yong saiki belanja sabendina ya wis sing bisa kaya bengen. Sembarang kalir sing ana hang murah, uyah bain regane munggah.
Serngenge wis melethek ring bucu wetan, pecake udan sewengian ninggalaken lemah kepus, godhong-godhong kaya ana berliyane, kemeredep keneng temblugan sunare serngenge.
Sewengian gelibegan, Rehana sing weruh maning jam pira iyane kesirep. Mau mari subuhan, iyane mbukak HPne, ndileng pesen WA nawi lakine mbalesi. Cumpu WAne durung dibukak blas nyang lakine. Rehana ngetik maning pesen nyang lakine, takon ana paran gok sing ana kabar sakat jemuah warah sing bisa mulih, pesen dikirim, temune mung tandha gok pesene sing nggadug. Tambah sing kakaruwan rasa atine Rehana, sing tau lakine gedigi. Ndane lali ngisi batere HPne? Rehana arep takon taping nyang sapa nak takon? Adhike hang megawe nong kana jare panggon kontrakane ya adoh seru teka lakine.
Timbang ngelantar maning pikirane, Rehana aju metu nyang latar, methik godhong kelor, njebol temu kunci ambi sere secukupe. Kaya biyasahe dhung lakine mulih rong minggu sepisan iyane paceke ramban kelor hang ana ring latar umahe. Mula lakine dhemen seru dhung diolahaken jangan kelor, digerusaken sambel ranti ambi gorengan tahuk lan gimbal jagung. Bisa imbal pindho ukurane.
Rehana siyap-siyap melaku nyang pasar, arep belanja, tuku jagung, tempe, tahuk lan sepiturute dinggo sandhingane jangan kelor. Sekaliyan arep nyang toko emas langganane. Rehana mula gemi, saben ulan sing ketang mung sak gram tah rong gram iyane nyimpen emas dhung wis ulih kiriman teka lakine. Iyane enget nyang wekase emake bengen, gok bisa saben ulan iku nyelengi emas masiya mung sak gram. Perlune gok sakwayah-wayah ana butuhe, emas iku bisa cepet dadi picis. Embuh dititip nyang gadhen utawa diedol.
Dhung sabene tepak lakine ngirim picis magih akeh lebihe, Rehana bisa tuku rada akeh teka picis sisa belanja ulan sedurunge. Iki ulan wingi lakine ngirim sithik, Rehana ngurangi belanjane makene tetep bisa ajeg nyelengi emas masiya mung sak gram. Dhung dikelumpukaken, simpenane ya wis akeh nong laci meja riase, yong nyelengi sakat pitung taun kepungkur, masiya hang saben-saben dienggo ya mung iku-iku bain. Hang dienggo saben dinane ya mung gelang alit emas putih mata siji hang ana aran lakine nong njerone. Lakine sing tau weruh gok Rehana duwe simpenan emas, ya sing tau takon picise hang dikirim dienggo paran.
Mulih teka belanja Rehana aju tandang nyang pawon, rada keselimur pikirane teka pesen WA hang sing nggadug mauka. Mari tandang nong pawon, Rehana mbukak HPne, arep ndileng nawi ana balesan teka lakine, cumpu HPne Rehana matek entek baterene. Ya wis, mari ngencepaken batere, Rehana wudhu aju sembayang duha. Mari sembayang Rehana gelintingan nong pelanca, sing kerasa kesirep.
"Thok thok thok!" Rehana sakkal tangi rungu abane ana hang nothok lawang umahe. Nyerungkubaken jilbab aju mbukak lawang umahe.
Serta lawang diengek, nong ngarepe ngadeg lakine, katon pucet, gering kaya wis rong minggu sing nemu sega.
"Assalamu'alaikum Dhik," suwarane rada gemeter.
"Kang!" Rehana rada kelunjuk aju nyalami tangane lakine lan ngambung pipine.
"Kok Rika mara-mara nggadug umah? Sore Sun WA sing diwaca, mau isuk sing nggadug, Isun kepikiran ana kedadean paran, mau belanja ya ngelayung sak dawane dalan. Apuwa tah Kang? Rika kari pucet, gering, Rika warang tah?" Rehana kaya sing serantan, kabeh pitakonan metu kaya banyu muncrat teka kendhi hang bencah.
Lakine ngajak lungguh, jakloron lungguh ring mbale lakine cerita.
"Sepurane Dhik, gok Isun sing terus terang nyang Rika. Sakat rong taun kepungkur setemene Isun wis sing megawe. Kantor kontraktor panggonisun megawe bangkrut, sing ulih proyek kerana kalah ambi hang duwe modhal gedhi. Isun keneng PHK, lan ulih pesangon. Isun kuwatir Rika isin lan ninggal Isun gok Isun sing duwe pegaweyan. Dadi picis pesangon iku sun enggo modhal nyacak mulai usaha. Saben ulan ngirimi Rika ya teka picis pesangon iku. Setaun sun lakoni, picis pesangon saya sithik sisane, usahanisun ya durung melaku. Rong ulan kepungkur Isun diapusi uwong Dhik, barang dagangan digawa taping sing ana picise disetor nyang Isun. Picis wis entek-entekan, hang pungkasan ya hang sun kirim nyang Rika iku. Sore Isun kaya nak mati bain rasane, timbang Isun nggawe sara uriprika, rabinisun kang seru sun welasi. Iki wis rong minggu Isun akeh puwasa, madhang sepisan saben dina. Isun isin, taping Isun ya kudu njaluk sepura nyang Rika. Iki Isun bisa mulih sakuwise HP sun edol. Embuh wis, paran jare Rika, Isun mung bisa pasrah. Kadhung Rika sing bisa nerima kahanan iki, ya Isun wis ikhlas."
Rehana wis sakat mau sing bisa ngempet cicire iluh hang wis ngembeng ring matane. Aju meluk lakine ambi mesesegen,
"Yadhuh Kang... Tau tah Isun njaluk hang hing hing nyang Rika? Tau tah sun jangka Rika teka akehe donyanrika? Isun welas nyang Rika ya mung welas, kabeh sun tampa kelawan muji syukur nyang Pengeran Hang Kuwasa. Wis tah Kang, kabeh wis mula kudu kedadeyan, iku hang wis dadi tulise Pengeran. Saiki ayuk ngawiti usaha nong kene bain, sing kathikan mbayar kontrakan, sing kathikan menyang adoh, nawi iki hikmahe, Rika ambi Isun bisa balik kumpul maning. Aja kuwatir, Isun duwe celengan emas, hang sun simpen saben ulan teka picis hang saben ulan Rika kirimi, cukup dienggo modhal ngawiti usaha," abane Rehana aju njuwut simpenan emase lan nduduhaken nyang lakine.
"Ya Allah Dhik..." bencah tangise lakine ambi meluk Rehana.
Bedhug iku, jangan kelor seru windhule. Gimbal jagung sambel ranti nggawe legane ati. Tahuk lan tempe goreng hang njangkepi, Rehana lega, lerem atine ndileng sega sak kemarang kari seperapate.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)