
Anggitane: HENI KURNIAWATI
(Minggu, 09 Maret 2025 07:35 WIB)
(Cerita Cendhek) Jaranan Nyokot Kuping
Jaranan Nyokot Kuping
Heni Kurniawati
“Tandingkling! Tandingkling! Tandingkling!” Abane tabuhane jaranan pimpinane Man Aer bangete latian. Man Aer pecake jaranan Mondoluko saiki sing pati milu megawe buruh nepak merga awake wis sing pati jaya kaya bengen magih nom-nomane. Malah saiki ditut lara, kerep lara pulung, kadhung bengi mengine kumat-kumaten. Ngerumat grup jaranan dadi pegaweyane saiki. Grup jaranan kang diedegaken Man Aer ana ring dusun Mondoluko desa Tamansuruh kecamatan Glagah iku diarani Jaranan Karya Bakti. Cocog ambi karepe iyane yaiku baktine kanggo ngurip-uripi keseniyan tradhisional jaranan.
Nduweni grup jaranan dhewek mula idham-idhamane Man Aer sakat magih lancing. Masiya mung dadi buruh tani lan sing sugih taping iyane duwe celengan kanggo ngedegaken grup jaranan. Ulihe buruh nepak lan milu tanggapan jaranan sakat lancing dikelumpukaken sithik-sithik sampek cukup dienggo tuku sepengadeg kelambi jaranan lan tabuhane. Sakat iku Man Aer mangkat nggedhekaken jaranane sampek nampa tanggapan.
Man Aer lan anggota jaranane mari-mari patheng latihan kanggo ngapikaken tampilane makene garus diundang uwong. Maune mung ditanggap kanggo ngisi acara ring bale desa Tamansuruh bangete ana resepsi agustusan. Saya suwi saya akeh wong kang nanggap malah taker teka kecamatan liya kanggo ngisi acara ngiwuhi lare sunat lan ngawinaken.
Kang njuged jaranan Karya Bakti uwonge magih enom-enom, sagah, lan nggantheng pisan. Mulane jugedane lincah. Ana salah siji pemain jaranan kang paling nggantheng arane Selamet. Pantese bain iku pisan kang nggarai jaranane Man Aer sing tau ngelowongaken dina nampa tanggapan.
Selamet mula patheng latihan. Iyane omesan lan lemesan kadhung diwarahi pelatihe. Lisane mung mesem kadhung jugedane luput ambi tabuhane. Sing lali njaluk sepura nyang kancane padha-padha tukang njuged lan kang tukang nabuhi. Beda ambi Saepul kang muringan lan gampang nyalah-nyalahaken kancane. Wadale mung memengan hape thok kadhung wis ngambul mulane arang pati diejak latihan ring Man Aer. Selamet saiki dadi pemain andalane Man Aer, sedhenge Saepul mung dadi penonton bain kadhung jaranan ulih tanggapan. Saya suwi Saepul saya jugil nyang Selamet lan mari-mari bangkel nyang Man Aer. Rumangsane Man Aer sing bisa adil nyang anggotane.
“Tandingkling! Tandingkling! Tandingkling!” Abane tabuhane jaranan. Dina iki grup jaranan Karya Bakti kundangan ring dhusun Pereng desa Tamansuruh. Penontone taker kaya ditublek, kutah nong sak dawane lurung desa. Ana wong kang asale teka Mondoluko, Gadhog, Wonosari, Andong, Lemarang, malah ana kang teka desa liyane. Teka sakmono akehe penonton akeh lare nom-noman kang padha live ring media sosial. Nyepak-nyandhung, seliyane hobi kang bisa ngasilaken picis, ambi bisa ngenalaken jaranan Banyuwangi nyang daerah liya liwat media sosial.
Saepul salah sijine penonton kang nguripi hape. Iyane mula kelebu lare cerdas ring bidang IT merga sakat sekolah ring SDN 1 Tamansuruh ring sekolahane iku ana pelajaran komputer, kuliyahe ya njuwut jurusan IT. Ambi iyane melebu ekstrakurikuler seni mulane sakat SD wis dhemen keseniyan tradhisional. Saepul aktip ring media sosial, iyane kerep nge_live saben nonton jaranan. Live_e mastine apik polahe iyane wani marek nyang pemain jaranan kang tampil. Taping dina iku Saepul kapesan. Kala iku hapene cicir merga kesenggol pemain jaranan kang bangete mabuk utawa kesusupan jim.
“Bruak..!” abane hape cicir serta kesenggol jaranan.
“Jerangkong Sira iku, Met! Hapenisun disenggol taker pecah!” Saepul nggeprak ambi nyundhungaken Selamet. Man Aer kang weruh kedadeyan iku gancang-gancang mara lan ngalangi tingkahe Saepul.
“Isun njaluk silur, Man Aer! Rika yara pemimpine! Isun bisa bain lapor polisi lan nuntut nyang pengadilan!” Saepul genten nggeprak Man Aer ambi mendelik-mendelik. Cangkeme mongod-mongod serange omongane makene ketara jelas. Kang aran idu taker moncrot-moncrot nyang raine Man Aer. Man Aer ngundha ambekan, emane magih bisa sabar, aju bain nggulapi raine kang kepus kepeletusan idune Saepul.
“Sira iku luput, Lik. Arane bain wong mabuk, wong kesusupan jim iku sing iling paran-paran. Maning madak kirane nyeja nyenggol lan nyiciraken hape," Man Aer mbelani Selamet. Selamet kang ndadi nerusaken njuged ngetutaken abane tabuhan, sing weruh jawane.
“Pug!” sontoke Saepul ngantem pelengane Selamet. Saepul geregeten polae kerasa sing direken.
“Pug! Plak! Pug! Plak!” penonton kang weruh kedadeyan iku sing terima aju bain mbales ngantemi Saepul. Kanca-kancane Saepul ngenyeng kelambine Man Aer taker meh kelumah. Man Aer sing terima sahal ngamuk lan njunjung kursi diuncalaken nyang gerombolan kancane Saepul. Suwi-suwi penonton kisruh, buledan kaya bolak seringgitan. Buyek, pating sontokan lan jaranane sing ana kang ndeleng. Lalare cilik lan wong wadon-wadon pating keweden kepelayon melebu nyang jero umahe Man Uji, wong kang duwe gawe.
“Woooy! Dulur-dulur njaluk tulung lerena. Wis, mandhega!” Man Aer mbengoki penonton ambi nyautaken suwarane nyang mik. Suwarane Man Aer nong sebeker kaya entut muni nong jero kedhung, mberumbuk sing ana kang ngereken. Penonton kang tukaran magih sing gelem leren. Pelabot gancang-gancang nyingkrihaken jajan toplesan kang semanding ring meja dhayoh. Taplake meja kang maune dietap apik dadi sesehan. Kursi plastik muncal-muncal keseren penonton. Lebu melkudhuk dhasare hawane mula panas ambi abane tabuhane jaranan wayahe Celengan metu ngungkung kaya-kaya nambahi sumangate penonton kang pating sontokan.
“Jaranan iki terustah diendhegaken bain?” Man Aer wis sing omes ndeleng bucese penonton. Ngumumaken nyang penonton kadhung sing gelem mandheg sontokan, jaranane arep dilereni. Sing suwi sithik penontone meneng kabeh merga tabuhane diendhegaken. Kang tukaran wis keneng dipisah. Taping iku mung sedhilutan bain. Bangete jaranane mangkat maning penontone mangkat buyek maning. Taker ana salah siji penonton kang kepileng.
“Tuluuung! Tuluung! Saepul kupinge pethot dicokot jaranan!" berike Iwan kancane Saepul. Lacur, suwarane kelelep ambi ramene penonton kang wis buces temenan lan sing keneng dipisahaken maning. Ambi kongos-kongos Iwan mondhong awake Saepul kang kepileng lan gulu sak kelambine gujreh-gujreh getih, semingkrih teka keramean makene sing diidek-idek penonton.
“Dor! dor! dor!” abane jemedhor teka bedhile polisi kang diundang Man Uji kanggo nulungi njaga keamanan. Wong-wong kang maune pating tukaran sahal leren. Semasa weruh ana polisi ngadeg nong genjot ambi nodhongaken bedhil mendhuwur, kabeh penonton melayu kepengan. Ana kang melayu nyang pawon, ana kang sengidan ring elongane meja dhayoh kang magih dikudhungi taplak. Penonton kang sing ngelayani melayu mung bisa pasrah, ndhempok nong panggonane ambi angkat tangan. Semono uga Saepul, matane merem padhet ambi ngangen-angen kahanan dadiya peteng kaya pendelengane makene polisi sing katon nulih iyane.
“Sira propokatore!” jare salah siji polisi ambi nelingkung tangane Saepul kang buru bain njegog mari kepileng. Edheng-edheng matane Saepul ngeringin ambi masdekaken sapa kang ngomong. Semasa weruh gok ana polisi iyane lungguh semendhe ring pageran.
“Isun sing salah, Pak. Malah kupingisun dicokot Selamet. Isun sing terima. Pokoke isun njaluk ganti rugi. Kudu melebu bui wong loro iku!” Saepul mbelani awake dhewek. Masiya digelandang polisi, cangkeme sing leren-leren nyerecet ngelek-elek Selamet lan Man Aer. Aja takon kang arane kewan sak alas disebut kabeh kanggo ngelegakaken atine kang kelaran.
“Menenga! Engko bain jelasena ring kantoran," saure polisi ambi nuntun Saepul munggah nyang montor patroli. “Iki nyang Puskesmas Paspan sulung kanggo ngobati kupinge kek getihe sing tutas-tutas. Nawi selak impeksi.”
Rada suwi Saepul meneng metenggengen. Mikiraken hapene kang rusak, kuwatir sing bisa ngakses media sosial maning, lan kang abot kadhung kupinge sing keneng disambung iyane dadi cacad bisa ilang ngganthenge. Bakale sing kira gelem nerima. Mesthine iyane dadi buli-bulian lan kangelan golet pegaweyan. Iluhe Saepul mberebes mili, atine tambah bangkel nyang Selamet lan Man Aer.
“Cincing-cincing karuwan nyebur, Pak. Mertanggung wih, mesisan sun ruwedaken. Hapenisun rusak, sing disiluri. Nggawe isun cacad. Sun tuntut, keneng pasal berlapis. Selamet ambi Man Aer padha sing tanggungjawabe. Ale isun iki kelebu tokoh kang nggawe keseniyan ring Banyuwangi iki viral.” Saepul ngaruh-aruhi polisi makene mbelani iyane lan mameraken gok iyane kaya-kaya dadi wong penting sak Banyuwangi.
“Isun kudu milu nyang kantor polisi pisan, Pak?” Man Aer takon nyang polisi.
“Sing mandak sulung, engko bain kadhung butuh keterangan, Rika dipanggil.”
“Jaranane ulih mangkat maning, Pak? Apa dilereni?”
“Ulih. Tutugena wis! Ana polisi liyane kang nunggoni ring kene," saure polisi mungkasi aju munggah nyang montor lungguh ring sampinge Saepul ninggalaken kalangan jaranan.
“Dulur, Sun baleni sepisan maning. Jaranane iki ditutugaken taping Sun jaluk kesadharane. Aja nggarai kisruh!” mari nggotong meja nyang tengake kalangan kanggo macan-macanan Man Aer ngumani pengumuman nong emik.
“Asiyaaap!” saure penonton ambi jinjo-jinjo girang merga jaranane sing dibubaraken polisi.
“Keblak-keblak, kukuruyuuuuuuuuk!” abane Selamet gendhingan keblak-keblak tengere tontonan jaranan emeh tutug. Pemain jaranan andalane Karya Bakti iku saiki nganggo kelambi pitik-pitikan ambi nyekel mik nong jero kubung. Jaranan mangkat maning. Lare nom-noman katon manseg adeg-adegan nong pinggire kalangan. Keber dibukak tengere macan keduk arep metu. Selamet melencat nyang dhuwure meja ambi njuged ngetutaken abane tabuhan. Ring dhuwur meja ana godhong santen diwadhahi welasah diidek pitik-pitikan. Man Aer nyingkrihaken peras kang maune nong isor meja. Gedhang rong lirang, kelapa ditaleni nganggo lawe, beras, gula jawa, pitik urip lan kinangan digawa melebu menjero kubung. Macan keduk metu, ngubengi meja ping telu. Pengasepan diuwur-uwuri menyan, lambene Man Aer cemit-cemit maca japa-japa. Welek melkudhuk lan ambune menyan mubar digawa silire angin. Macan keduk rubuh tengere kang dadi wis kejiman. Penonton royak suwit-suwit ngosrohi jaranan. Penonton kang kecandhak kudu gelem digawa nyang kalangan lan ndadi pisan. Tontonan jaranan leren, penontone bubar mulih nggawa ati kang girang.
....
Mula kadhung penontone kisruh, grup jaranan sing ulih tampil maning. Iku kesepakatane petugas keamanan lan grup keseniyan jaranan. Cumpu iku dienggo cara ambi Saepul. Ati jugil wis nelakupi pikirane dadi sing peger.
“Makene Man Aer lan grup jaranan Karya Bakti kelangan pegaweyan,” jare Saepul ambi ngenget-enget iyane weruh kanca-kancane latihan jaranan sedhenge iyane sing diejak-ejak maning. “Delengen engko ijine yara dicabut polisi.” Saepul ngethem hapene kang pecah ambi mencep. Matane nulih adoh, ngawang reka daya kanggo ngapokaken Man Aer lan grup jaranane. Iyane arep nggiring opini netizen makene percaya gok jaranan mabuk iku mung api-api. Iyane arep mbongkar gok kabeh tampilane jaranan iku mung trik, lan teknike keneng dipelajari. Angen-angene jaranan nyokot iku mung munggah alem lan bisa dituntut nong pengadilan.
Taping nyatane nasib sing keneng diuber. Jaranan Karya Bakti saya viral lan akeh kang ngundang. Emeh saben dina melebu media sosial lan tambah akeh penontone. Tambah akeh pisan wong kang midio lan nyebaraken nong media sosial. Pungkasane tambah akeh wong iwuh kang kepingin ngundang. Malah saikine grup Karya Bakti duwe akun dhewek lan akeh kang kirim wul (gift). Kewalikane, Saepul kang ngerawati jugil lan nuruti sulit ati nggawe lan nggawa jangkahe dhewek nyang jero bui.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : HENI KURNIAWATI
Editor: Antariksawan Jusuf