Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 10 Mei 2020 09:07 WIB)

Cerita Cendhek: Jaruman


Serngenge buru meledhung ring bucu wetan. Akim lan Holik lungguh ring pinggire ril sepur madhep ngetan ambi nyawang lakune serngenge hang munggah edheng-edheng. Angger dina pereiyan, mari subuh lare loro iku mesti melaku-melaku golet angin ring dalan sepur wetan kampungan. Sing sithik lare lanang wadon hang seliweran ngalor ngidul melaku ring dalan sepur iku. Ana hang dhewekan lan ana hang keloronan gandhengan ambi dhemenane.

Akim ambi Holik mula kanca tor. Nang endi bain mesthi keloronan sing keneng dipisah kaya segara ambi uyah. Ambi nyerod udud eceran, lare loro gesah lungguh ring ril sepur. Serang enake gesah ambi ududan, sing kathik ngereken wong-wong hang seliweran ring ngarepe.

“Lik... liya dina Isun arep njaluk tulung nang Rika," abane Akim.

“Arep njaluk tulung paran Kim?” saute Holik.

“Anu...” Akim sing nerusaken omonge. “Titip surat,” ucape Akim ambi rada isin.

“Surat paran? Surat lamaran megawe tah?” Holik balik takon.

“Kaya sing ngerti Rika Lik. Ya surat cinta, kanggo Suliyah," Akim nerangaken.

“Yeh.. iya wis engko bengi Isun nang umah Rika, njuwut surate,"  Holik nyanggupi.

Sunare serngenge wis kerasa mangkat nyenget ring kulit. Akim ambi Holik ngadeg aju melaku balik mulih. Sedawane dalan Holik kepikiran, sing weruha Akim ya ngesir pisan nang Suliyah. Alae Holik ya wis sakat bengen nduwe ati nang Suliyah, taping durung kewetu omong nang Suliyah. Atine bingung kudu kelendi, arep dieculaken iyane wis kadhung dhemen nang Suliyah.

Mari isak, Holik melaku nang umahe Akim hang adohe kira-kira satus meter. Ring ngarep umahe, Akim wis ngenteni Holik ambi nyekel amplop kelir kuning ring tangan tengene. Wangune Akim wis sing serantan ngenteni Holik hang dikongkon ngeteraken surate nang Suliyah.

“Byek kari suwe Rika Lik,"  abane Akim mapag Holik ring ngarep umahe.

“Jeh, kari sing serantanan Rika, madak arep ilang Suliyah iku,"  semaure Holik.

“Enyak wis gancang wakena surat iki nang Suliyah," kongkone Akim.

Holik nyandhak surat hang diwakaken Akim nang iyane aju melaku nang umahe Suliyah. Atine Holik kerasa cupar nyawang surate Akim kanggo Suliyah. Surat iku dilepit dilebokaken nang njeru sak celanane. Sing suwe, Holik wis gadug umahe Suliyah.

“Assalamualaikum, Sul.. Sul...” Holik uluk salam lan nyeluk Suliyah.

“Walaikumsalam, kok dhewekan. Biyasahe keloronan ambi Akim," semaure Suliyah.

“Iya... Akim sing milu,"  omonge Holik.

“Lungguha.. Isun nak gawe wedang sulung," Suliyah pamit melebu pawon.

Akim ambi Suliyah gesah keloronan ring bale. Gesahe katon enak kerana mula kancaan sakat bengen. Surate Akim kanggo Suliyah mula neja sing diuwakaken ring Holik, mergane Holik ya kesengsem pisan nang Suliyah. Kadhung dideleng, Suliyah padha-padha nyimpen rasa welas nang Akim ambi Holik taping iyane magih repot milih salah sijine karana karo-karone durung ana hang ngomong.

“Sul... setemene Isun merene iki ana hang arep sun omongaken," ucape Holik.

“Nak ngomong paran Rika, Lik? takone Suliyah neges.

“Ngomongaken perasaane atinisun Sul. Sak temene Isun dhemen nang Rika," bisike Holik.

“Sing salah perungon tah Isun?” Suliyah kaget setengah sing percaya.

“Temenan Sul, Isun dhemen nang Rika, kelendi Rika gelem nerima?”

“Iya...” semaure Suliyah ambi mesem-mesem.

Bengi wis tambah dalu, Holik pamitan mulih nang Suliyah. Atine Holik dhemen sing kakaruwan mergane welase ditampa. Gancang-gancang iyane nyang umahe Akim hang sakat mau ngenteni kabar teka Iyane. Maning-maning Akim wis ngenteni Holik nang ngarep umahe. Holik sakkal mara lungguh ring sandhinge Akim.

“Kelendi Lik, surate wis diwakaken Suliyah? takone Akim sing serantan.

“Aja kuwatir, surate wis ditampa. Rika kari ngenteni balesane,"  omonge Holik enteng.

“Iya wis Isun terima hang akeh ya.” Akim nyalami tangane Holik.

“Suliyah wis sun warah dhung mbales surat Rika kon nitipaken Isun," Holik nyenengaken atine Akim.

Pirang-pirangane dina lan minggu wis kelakon. Akim nganten-nganteni surat balesan teka Suliyah taping sing ana. Atine Akim bingung ngenteni pasthi welase diterima tah using. Iyane sing ngerti dung surat iku sing gadug nang Suliyah. Suliyah sing weruh dung Akim dhemen nang iyane, mergane Holik hang didadekaen jaruman ring Akim malah dhemen dhewek nang Suliyah.

Angger dina Akim takon balesane nang Holik, mesti dijawab durung dibales. Sing entek atine Akim ulihe takon taping durung ana jawabane.

“Lik.. kelendi sampik saiki suratisun durung dibales?” takone Akim.

“Yaiku, angger sun tagok jawabe magih durung kober yah,"  semaure Holik.

“Wis Rika wakaken temenan kan surate?” Akim takon maning.

“Uwis, acake Rika kirima maning nawi aju dibales.” kongkone Holik.

Akim nuruti omonge Holik gawe surat maning nang Suliyah. Surat iku dititipaken nang Holik hang dipercaya. Taping kelendi maning, masiya kirim surat ping pira bain sing kira gadug nang tangane Suliyah. Surate Akim mung dideleh ring ngisor kasure Holik. Kelendi arep dibales, surate bain sing tau ditampa lan diwaca. Suwe-suwe Holik sing betah ditakoni thok ring Akim.

“Dung gedigi thok, Isun sing ayem ditakoni terus ring Akim," ucape Holik ring jeru ati. “Hang enak Sun bales dhewek bain surate makene atine Akim lega," pikire Holik.

Sing kathik mikir dawa maning, Holik nggawe surat balesan kanggo Akim. Kaya-kaya surat iku balesane Suliyah nang Akim. Isi surat iku ngomong dhung sakbenere Suliyah sing duwe rasa dhemen nang Akim. Iki dilakoni Holik mergane iyane wis dhemenan ambi Suliyah.

“Sepurane Kim, dudu Isun ngerebut dhemenanrika. Salah Rika sing gelem ngomong dhewek nang Suliyah,"  Holik ngucap maning ring jeru atine. “Kelendi maning, Isun ya dhemen pisan nang Suliyah,"  ucape Holik maning ring jeru atine.

Agage Holik melaku nyang umahe Akim nggawa surat hang ditulis dhewek arep diwakaken nang Akim. Surat hang sakbenere dudu tulisan lan isi atine Suliyah. Surat kanggo ngelegakaken atine kancane makene sing takon-takon terus.

“Iki surat teka Suliyah, buru dibales.” Holik ngelungaken surat nang Akim.

Sing kathik ngomong, Akim langsung mbukak surat iku lan maca isine. Matane Akim katon ngembung iluh weruh isine surat balesan iku. Iyane sing percaya kadhung Suliyah sing nampa welase. Lambene gemeter sing sanggup maca surat iku.

“Kelendi Kim balesane Suliyah?” Holik api-api takon.

“Suliyah sing nerima welasisun, jare Iyane wis nduwe wong liya,” suarane Akim serak.

“Sedurunge Isun njaluk sepura hang gedhi nang Rika yah. Sakbenere hang dimaksud wong liya nang Suliyah iku Isun Kim,” omonge Holik ngagetaken Akim.

Rungu ucape Holik, atine Akim kaya disamber geludhug ring wayah raina hang panas jemethet. Sing disangka kanca tore dhewek hang dadi alangan welase nang Suliyah. Atine akim ancur tanpa kira. Akim ninggalaken Holik hang magih lungguh nggetuni paran hang wis kedaden antarane iyane, Akim lan Suliyah.

 

Kudhung luwas ring toko perliman

Dinggo kipas jaitane suwek

Kadhung welas aja nganggo jaruman

Engko tuwas didhemeni dhewek

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Satria

Editor: Antariksawan Jusuf