Anggitane: Samsul Hadi
(Minggu, 03 Mei 2020 08:04 WIB)

Cerita Cendhek: Juragan Gula Aren


Subuh rantag manuk cucak padha gendhingan saut-sautan nang empang Jajang Ori Gesing. Manuk Manyar hang gelantongan gendhingan ambi membat mayun nang sisihe hang cemanthel nang empang jajang, sampek temiyung nyangga sisihe. Manuk puter hang nang teras manthuk-mantuk muni sakat sak durunge subuh muka. Mak Haji Baderus ibuk nang pawon ambi nyemprongi serotong ngurubaken geni hang buru ketunu nang bengahan. Aji Baderus ambi gendhingan masang topong lan kendhali jarane. Serta wis rampung kabeh gage gula aren hang wis diwadhahi tobos diunggahaken nang dhongkare. Serta marek ningkesi tobos nang dhongkare, H. Baderus melebu umah ambi celathu nyang hang wadon,

“ Dhik udhengisun endi?"

“Iku wis cemepak sak kopine nang meja ngarep Kang." Ambi ngombe kopi jumput gedhang saba bakar hang wis diolesi juruh gula aren, H.Baderus ngerasakaken  enake gedhang saba bakar hang mbakare diating-atingaken nang bengahan, ambi nguyup kopi celathu.

“Kopi teka Glenmore sabane wis entek Dhik?"

“Rika iki kelendi sih Kang Haji…ale Rika dhewek hang nguwakaken nang anak lanang aju larene mulih sabane." Anak Lanange hang wis dadi tentara dines nang Batalyon Kostrad Singasari Malang.

“Eh...iya lali isun. Kadiné kopine beda sing kaya sore rasane, wayahe nang Glenmore maning iki pesen kopi nang Boasan, sabtu engkisuk pasaran Gentwng mesisan nyang Glenmore Isun Dhik. Gelundung mau wis teka, tah?"

“Uwis Kang magih sarapan." Gelundung lare lancing magih pernah ponakane dhewek ya murid santrine H.Baderus hang dadi rewange  megawe.  Sapa sing kenal nyang H.Baderus wonge gedhi dhuwur, berengose mangklang kaya Raden Gatut kaca, otot lengene pada katon mencengul kadhung tangane nekuk, guru ngaji ya guru pencak nang Gladag, arane wis kawentar sak Banyuwangi.

“Dhik Isun pamit melaku..eh iya mengko kadhung kang Dorik teka warahen kon ngerijigi gedhogane Grahono yah.. Assalamualaikum." Mak Hajah ngeteraken sampek nggadug pagere umah ambi ngambung tangane hang lanang nyaut salam,"Wa’alaikum salam Kang ati-ati."

Grahono aran jarane, pulae laire tepak gerahana serngenge mula diarani Gerahana jarane cemeng belang putih nang bathuke,  buntute nyapu jagat, sikile pancal panggung, sikil papat kaya nganggo kasut putih, gagah kaya kusire. Lis kendhali dikipataken, Grahana ngeringkik aju ngepeng melayu nggawa wowotan gula aren.

H.Baderus selendhangan sarung pelikat nganggo udheng Sekar Gadhung sempatan maling. Kelambi cemeng seluwar cemeng nganggo epek gedhi werna ijo hang ana dhompete. Gelundhung ambi sangga uwang nang kiwane H.Baderus, pundhake ditabok H.Baderus ambi celathu: "Sangga uwang ambi mata walangen ana paren, katon-katonen nyang sir-siranira tah Lik?" Gelundhung mberejag ditabok pundhake ambi njawab kenisinen, "Mboten Wak Haji, kula sangga uwang mikir Jurus langkah sekawan hang Ndika ajaraken niku kula tasih dereng apal-apal wayahe sempok kalih dhengkul tengen ditekuk aju terus melencat niku, Kula mesthi lali lan kepelanting," abane Gelundhung ambi rada wedi diuwek. Sing luput Gelundhung keneng semprot H.Baderus. "Sira iki mula bebel kadhung diajari, wis Sun warah pasangan (kudha-kudha) sikilira kurang kukuh, dikon ngangsu banyu nang sumur timbone hang rada gedhi Hira ganti hang cilik, malah kadhung ngangsu Sira sikile kon ambi nganggo pasangan malah ngimpet-ngimpet kaya Man Usik hang wandu ika. Ndarani sing Sun etakaken Sira ngangsu. Engkisuk aja cuma ngiseni cedhing umah..tapi cedhing masjid iku kudu Sira kabeh hang ngiseni, mengko Sun warah Kang Bolah kon aja ngisi cedhing Masjid, kadhung sing gedigu terus kapan bisa kuwat pasangan sikilira. SAnggup tah using Hira ?" Ambi rada keweden Gelundhung njawab,"Nggih Wak Aji Kula sanggup."

Sing kerasa wis gadug sasak Bloro, nang kana ana rame-rame uwong ebuk pada nggerumbung. Sakkal H.Baderus melencat teka dhongkar. Gelundhung geragaben nirima elis kendhaline jaran. H.Baderus  miyak wong hang padha ngerubung. Temakaken ana wong lanang loro ditingkes dadi siji nang dalane sepur. Wong loro mau padha kepileng sing tangi-tangi masiya di oyag-oyag awake kon tangi. H.Baderus nyandhak uwong loro muka aju ngeculaken tingkesan tali dhadhung hang kenceng iku aju ngelumahaken nang tatakan ril sepur. Lambene H.Baderus cemit-cemit, aju ngusap raine wong loro muka, let sedela wong loro mau tangi lan kaya wong bingung nulih H.Baderus lan nyapa. "Kang Ajai kesuwun Kang..byek kecolongan Isun Kang…” H.Baderus kaget merga sing lali gok wong hang ngomong iku H. Hasan Sentot juragan beras teka Parijatah Kulon, kancane mondhok nang Kepundungan Srono bengen. H.Hasan Sentot  dituntun nyang dhongkar lungguh jejer. Gelundung ambi rèwange H.Hasan Sentot, wong- wong hang milu nulungi muka magih padha nggerumbung nang dhongkare H.Baderus. “Wis dulur-dulur kabeh kesuwun yah. Iki adhikisun dhewek, sak iki Rika kabeh pada bubara, lan nerusaken pegaweyane yah mumpung magih isuk.“

Wong-wong pada bubar lan dhongkare H.Baderus ninggalaken panggonan mengalor nang Rogojampi.

Ambi ngusiri dhongkare H.Baderus takon nang Hasan Sentot, "Kelendi sih Dhik kok Rika sakiki kurang tangar iku?" ambi ngerasakaken ngelu endhase lan kudu mutah-mutah Hasan Sentot cerita, “Isun nggawa cikar isi beras sepuluh Kati (1 ton) Kang. Isun sing liwat Gambor tapi liwat Wonosobo pulae Man Hamzah jare arep titip winih pari. Gadug Mangir Isun mampir nang warunge Marnik ngopi nang kana. Katone ana Ketang gendakane Marnik lan kakancane, aju Isun melaku maning. Sarta gadug Lateng Isun sing kuwat nahan ngantuk hang keliwat aju sing iling paran-paran wis sampek Rika nulungi Isun iku," ceritane Hasan Sentot.           

“Hemm ...ayo sakiki milu Isun nang Lincing nang umahe tabib Babah Chan. Rika katone keracunan."

Gadug Lincing nang elore pertelon mandheg, wong papat muka padha mudhun kabeh. H. Baderus nothok lawang umah cet biru segara nang ndhuwure lawange ana tulisan cina  “SHIN SHE".  Ditothok sing ana metu hang duwe umah, genti didhodhok rada anter ring H. Baderus. Nang njero umah rungu abane wong ngerunyam sing kakaruwan rada bangkel katone. Serta lawang menga katon iyuk-iyuk lanang tuwek kaosan oblong celono kolor putih berengos lan jinggote dawa raine katon rijig. Masiya tuwek melakune gancang lan telikas, pawakane jangkung nandakaken kadhung duwe ilmu pengampang hang linuwih. Weruh hang merdhayoh isuk-isuk  H.Baderus sing katikan  wis, sak kal celathu: "Lu olang gila Badeluus,..Kulang keljaan wagi-wagi udah ganggu olang masih tidul ah," semaure Babah Chan ambi ngomonge hang pelat terus nyerocos, merga wis kenal apik nang H.Baderus. Polae H.Baderus ya muride ajar Kung Dauw lan pernapasan. Ambi mungkruk-mungkruk hurmat ambi tangan tengen ngethem hang kiwa nelapak nang ngarep dhadh kaya wong sedhakep ambi  celathu, "Sepurané Suhu, Kula kepeksa pulae rencangkula niki keneng racun katone Suhu." Serta digawa melebu wong loro muka dilumahaken nang pelanca kayu hang lemeke kelasa mendhong gawenan Tapan Rejo. Ambi mbeliyaki matane, Babah Chan ngundha ambegan landhung lan ngelus-ngelus jinggote hang putih. "Heem ini olang kenak lacun Kecubung wulung aah. Lu tinggal aja olang ini  Badeluus nanti ciang Lu olang balik sini.“

H. Baderus  nyaut, "Nggih Bah..Kula Nang Pasar Sulung Bah." H. Baderus melencat nyang dhongkar ngipataken elise kendhaline jaran  “Heeeaaah…!!” jarane diseblak sakkal melayu nyongklang kepeder. Gelundhung sampek kelumah merga kaget. Let sedhela wis nggadug  nang pasar Rogojampi.

“Ndhung, edunaken gulane timbangen pisan aja lali jaluken pisan  picise hang bengen temen durung dibayar," H.Baderus nyekel timba nggawe adonan tete tebu, dedeg lan banyu diuled aju dicomboraken nang jarane. Gelundung ngedunaken gula aren nang tokok langganane. H.Baderus melaku katon rada gupuh nang warung kopi hang rame wong padha gesah royak cekakan. Serta weruh H.Baderus teka padha sing ana hang muni. “Assalamualaikum duluur..”  salame H. Baderus kaya geludhug disaut bareng wong sak warung kopi “Walaikum salam..”  Hang dodol kopi marani ambi nawani, "Kang Ajai, kopi tah teh Kang," abane Sapuah randha anak siji wong Prejengan Rogojampi. “Kopi Dhik.. aja kari ancang yah.“ Sapuah ambi ngerakuti gelas hang wis entek kopine, melakune megal-megol kaya menthok arep ngendhog pamer bokonge hang kaya nangka sesigar. Kopi diuyup, ana wong marani H. Baderus, "Kang kelendi mau Kang..Isun rungu kabar lalare muka padha ruwed jare nang sasak Bloro ana kedadeyan." Hang marani lan takon arane Pak Pekih, guru pencak Alasmalang adhik seperguruane H. Baderus. “Iya Dhik Pekih katone pokale Begal Sasak Duwet. Kelendi iki kadhung digeningaken terus Telatah Belambangan iki dadi sing aman kanggone wong hang padha seregep megawe. Ngenteni para punggawa negara ya kesuwen. Wis diparani nyatane ya kumat maning. Milu tah Rika mengko bengi," H.Baderus nguyup kopi maning. “

"Ya jelas milu Iun Kang…isun enteni nang Perapatan Alasmalang, lalare Sun jak tah Using?"  Durung kober H.Baderus nyauti ana lalare nom-noman loro ngadeg ambi ngacung bareng. "Kula enggih tumut Wak Ajai kepingin dados sengkere Belambangan."   H.Baderus nulih nyang lalare muka iyane wis nganggit gok lalare iki polah olah kanuragan. "Sira sapa Lik?" Takone H.Baderus.

“Kula Mistari lare Badean, muride H.Sapoan Wak."

“Kula Surip lare Sukopuro muridé PakSutaji Wak."

H.Baderus sing nyangka gok lare loro muka temakaken murid-muride  adhik seperguruane Pencak Permati. Mongkog rasane atine H.Baderus weruh murid-muride adhik sak pegurone kari sagah-sagah. Cuma hang ngganjel nang pikiran adhik seperguruane hang aran Ketang, iyane salah dalan nuruti hawa napsune hang sing bener milu aliran golongan cemeng dhemen olah kanuragan hang nyeliwah.

Begal Sasak Duwet iku wis kewentar nang endi-endi kerenge. Jam setengah siji dhongkar wis gadug Sasak Duwet. Buru arepe ngeliwati Sasak mara-mara ana wong papat nyegat dhongkar ambi celathu, "Kang Njaluk udude Kang."

H.Baderus nyauti “Isun sing duwe udud, ana kari tepake kai..iki bain Ketang." 

Hang pelakon rungu arane Ketang disebut, salah sijine wong mau mbukak serungkub raine lan ngomong, "Eh Rika Kang Aji, sepurane sing weruh gok Rika hang liwat."

H. Baderus mudhun teka dhongkar. "Isun merene arepe njumput cikare Dhik Hasan Sentot hang soren mbengi dijaluk uwong nang Sasak Bloro." 

 “Isun sing weruh Kang ..Busuung..?! “ sakkal H.Baderus  marani Ketang lan nyekel sarung hang dienggo serungkub rai taping Ketang ales lan mbales njotos. Weruh ulih jotosan sikil tengene H.baderus mundur, jotosan hang luput muka diterusaken ngampret lengene Ketang. Seketane ,Ketang kaya kesereb dhadhane ditampani dhengkule H.Baderus.

"Ngek."  Kétang sing kerasa ambegan mengkah-mengkah kaya nak kelangan nyawa. Serta tiba kesereb ditututi tungkake H.Baderus tepak nang gulune.

"Nang endi Cikare Dhik Hasan Sentot? Sun kuthung gulunira dhung sing gelem ngaku..” ambi mangap-mangap beconge Ketang ebeg lemah. Ketang ngaku, "Ampun Kang Aji, Isun ngaku.“ Beda maning nang Pak Pekih Guru Pencak Alasmalang, dikerubut wong telu hang loro wis di jejeg melesat kecebur nang mbanyu hang siji wis ditelingkung tangane. Ambi peringisan Pak Pekih nyuleki matane grombolan Begal Sasak Duwet. Hang diculek berak-berak njaluk ampun Begal loro muka dijak nang Sengon kidule Mangir marani cikare Hasan Sentot. Cikar lan isine magih wutuh, Pak Hasan Sentot seru girange merga barang dagangane magih wutuh nang warunge Bik Sapuah. Santer wong ngomongaken  Begal Sasak Duwet wis gemet ditumpes nang H.Baderus  lan Pak Pekih  Alasmalang.

Congkelange Grahana ngeresd dhongkare H.Baderus kaya-kaya rodhane miber. Sampek seperene Sasak Duwet aman diliwati nang para belantik sapi lan juragan beras. Sasak Duwet sak iki rumang sing ana katon sunut lan angkere

 

Kudus, Oktober 2016 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf