Anggitane: Hani Z. Noor
(Minggu, 29 Desember 2024 08:07 WIB)

(Cerita Cendhek) Kemunjilan


Kemunjilan (Hani Z. Noor)

“Annii massaniyyadzurru wa anta arkhamurraakhimiin.."


Saben-saben nyawang lare wadon umur 10 taun iku Mamik ngembeng iluh ambi terus maca donga.
   Lare iku, Shafi. Peraupane manis, awake mempeg, ewer lan cerdhas. Dhemenane menganan tembung, montor-montoran, badminton, lan sepiturute hang biyasahe dadi memengane lare lanang. Shafi katon lincah lan sagah.
   Kadhung wis cerita paceke nggarai gemuyu sapa bain hang ngerungokaken omongane. Anake Mamik ondhal-andhil hang aran Fita paceke gemes nguyel-uyel nyang Shafi. Sasate penjalukane adhike pokok sing mohal ya dituruti, sing tau Fita ngeman lan melid nyang Shafi.
Mamik sing leren muji sukur nyang Pengeran Hang Maha Kuwasa, Maha Welas Asih, hang wis ngewani mukjijat nyang Shafi seperene.

“Muga Pengeran njaga kesehatanira, ndadekaken Sira lare hang solihah, bekti nyang Pengeran, bekti nyang wong tuwekira loro, lan uga dadi pengenget kanggo sapa bain hang meruhi kahananira lebih teka rong taun kepungkur seperene.”


●●●


Soren iku Mamik ulih kabar teka WA gok mara-mara kahanane Shafi keritis, dhokter wis ngomong sing ana hang bisa dilakoni. Mamik sakkal lemes. 
Shafi iki ponakane, anake adhike hang mula wis lara pirangane suwe. Diobati seperene, merana merene wis akeh upayane wong tuweke.
   Dulur-dulure Mamik ngongkon iyane nuku ponakane iku, cara adat wong-wong tuwek jaman bengen. Nawi tujuwane supaya saya akeh hang ndongakena lare iku kelawan rasa welas hang gedhi minangka wis dadi anake pisan. Mamik ya mung ngerawati anak ondhal-andhil. Mamik aju nakoni adhike, ulih tah anake “dituku”. Serta adhike ngulihi Mamik uga takon nyang ponakane, gelem tah dituku. Ponakane hang mula sakat cilik parek nyang Mamik njawab gelem. Kabeh iku upaya, lan Mamik uga adhike nyaguhi.
Magih deredesan iluhe Mamik mari sembayang Magerib ndongakaken Shafi hang wis dadi anak kemunjilan ring Mamik, Hpne muni, ring layare metu aran “Bude”.
“Halo..”
“Mik, Rika kudu gancang merene, kudu!” abane Bude.
“Iya De, iki magih golet kendharaan, hing ulih tiket. Pesawat hing ana, sepur uga hing ana. Kabeh full.”  Mamik semaur.
Mamik kudu golet montor carteran, sing bisa using. Iyane sing perduli kudu ninggal peroyeke ring kene. Shafi lebih penting.
   Aju iyane tilpun merana merene golet montor carteran hang bisa mangkat engkisuk subuh.
   Serta wis dalu buru ulih kendharaan, iyane aju nyiyapaken koper hang soren-soren mauka wis disiyapaken. Iyane hing bisa turu, gelibegan merga atine mamang lan pikirane ngelayung.
Hpne muni maning, teka Bude.
“Dheg!” jantunge kaya mandheg.
“Halo De..” abane Mamik ngangkat tilpune.
   Hing ana suwara, mung rungu suwarane wong mesesegen ring saberang kana.
Atine Mamik ilang, sing bisa diempet maning banyu matane kutah. Pikirane ngelayung nyang endi-endi.
Mamik gancang tilpun anake ondhal-andhil.
“Fit, Sira menyanga ndeleng adhikira saiki! Pokoke kudu mangkat polae Emak buru engkisuk subuh bisa melaku. Masiya jam pira mangkata ya Beng.” Perentahe nyang Fita anake ondhal-andhil.
“Enggih Mak,” semaure Fita hang mula welas lan wis nganggep Shafi iku temenan adhike.


●●●


“Dhokter.. dhokter… tulungana anakkula..” abane adhikisun geruh-geruh tangisan ndeleng anake wis magep-magep sing bisa ambegan. Atine ciyut kaya sing ana pengarepan gok anake bisa aron.
Dokter mung ngundha ambegan, rumangsa gok iyane wis sing saguh ngobati lare cilik iku. Kabeh hang ana ring kono padha tangisan.
   Fita nggadug Rumah Sakit jam 2 dalu, iyane nangis ndeleng kahanan adhik pupuhe. Fita ngabari emake ambi tangisan. Pungkasane Fita ngabari asile rembugan gok Shafi digawa mulih bain engkisuke.
   Mamik mung bisa nangis ring sajadahe, mbayangaken Shafi, mbayangaken kelendi susahe atine adhike.


●●●


Mamik nggadug umahe adhike isuk. Perjalanan emeh 24 jam. Sedawane dalan sing mandheg ulihe maca donga, ngemis welase Pengeran kanggo ponakan hang wis dadi anak kemunjilane.
Gadug kana ditampani adhike hang sakkal meluk sing bisa nahan tangise. Jakloron tangisan sampek suwi. Minangka embok paling tuwek ring keluwargane, adhik-adhike Mamik mula ndadekaken Mamik gantine wong tuweke loro hang wis sing ana.
Mamik aju nemoni kemunjilane. Iyane kudu kuwat, makene bisa nguwati.


●●●


Shafi turu ring peturon, awake gering seru kari belung dibuntel kulit, selang oksigen ana ring bacote. Atine Mamik remek ndeleng kahanan kemunjilane.
   Pirangane dina Mamik ambi adhike lan uga Fita gentenan njaga kemunjilan. Sing gelem ditinggal sampek madhang utawa sembayang kemunjilane njaluk Mamik tetep ring kamare ambi emake lan Fita hang wis dianggep kaya emboke dhewek. Dene embok-emboke Shafi kandhung ya mung bisa milu ngancani merga magih padha lare pisan.
   Ndeleng kahanane Shafi, Mamik ngongkon adhik-adhike padha mara. Kabeh padha teka lan rembugan arep ngupaya golet tamba kelendi maning.


●●●


Rong taun lebih Shafi dirawat ring Rumah Sakit luar negeri. Mula Pengeran ngewani sagah bandha nyang wong tuweke, kabeh merga wis ketulis nyang Pengeran nak dienggo paran bandha hang wis dicepakaken iku. Saingga ring kahanan iku wong tuweke dhuweg nggawa anake golet tamba nyang endi bain. Dienggo paran akeh bandha gok anake lara?
Kabeh kedadeyan uga ngewani hikmah lan tuladha. Semangate Shafi hang gedhi, emak bapake hang sabar nerima, uga welas lan donga teka keluwarga mula sing putus dielungaken kabeh ana asile. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf