Anggitane: Marisa Safa Azzahra
(Minggu, 01 Juni 2025 08:26 WIB)
(Cerita Cendhek) Kepikiran Iwak Pitik
Kepikiran Iwak Pitik
Ditulis ring Marisa Safa Azzahra (buru lulus teka SD Jambesari)
Dina Kemis bedhug, Bu Septi ngedumaken surat undhangan kanggo wali muride kelas 6, rapate dina Jumat jam 8 isuk. Isi undhangane yaiku ngomongaken rencana ngelencer kelulusan kelas 6.
"Safa, nyak undhangane wakena ibuk". Jare Bu Septi.
"Iya Bu!" Saute Safa Ambi Salim nyang Bu Septi.
Gadug umah, Safa ngelungaken undhangan hang teka gurune mau.
"Undhangan paran iki, Beng?" takone ibu nang Safa
"Jare gurunisun mauka, isi undhangan iki mbahas panggonan ngelencer kelulusan kelas 6"
"Yee iya kek e, Ibu maca, kalingana rapate isuk-isuk yaa..."
Engkisuke, Jumat isuk jam 8, wali murid wis padha kumpul ring jero kelas, lungguh ning kursi hang wis dietap soreka. Hang aran panganan roti, gedhang goreng lan banyu ombenan wis dietap ring mejane dhewek-dhewek. Bu Septi ngadeg nang ngarep, lan nyekel mikropon sekolahan.
"Assalamualaikum, Bapak Ibu wali murid kelas 6, hari ini kita bermusyawarah menentukan tempat rekreasi anak-anak sesudah kelulusan, tapi anak-anak minta rekreasi ke Japuro, apakah Ibu Bapak setuju?"
Wali murid padha manthuk-manthuk.
"Iya Bu kita setuju, yang penting Ibu Bapak guru juga ikut rekreasi dan anak-anak senang di sana." Saute ibuke Safa.
Ahire panggonan ngelencer kelas 6 yaiku ring Japuro. Ring njero kelas padha buyek ana hang gesah-gesahan ambi hang ning sampinge.
"Meranane nunggang paran iki lalare?"
"Nggawa bontotan paren bain iki?"
"Kapan ngelencere iku?"
Mikropon dithothok ambi gurune. Sakkal hang buyek mau padha meneng.
"Dimohon diam dulu Bapak Ibu".
Sak jam setengah rembugan wis ana asile yaiku: ngelencer nyang Japuro dina Kemis, njuwut picis kas 100.000 dienggo mbayar bengsine pikep hang disupiri bapake Safa, lan sangu sega tepak ngelencer.
Hang aran lalare ngerungokaken teka jendhela padha girang langsung semayanan
"Lare ning kana nyewa ban ayok," ajake Safa.
"Iyara wis, dhuh kari sing kanti ak, yong magih kurang seminggu," saure Dini.
Mulih teka kumpulan, ibuke Safa mampir ning uwong dodol iwak pitik.
"Dienggo paran kari akeh tuku rong kilo iku?" takone hang dodol.
"Dienggo sangu ngelencere anakisun ya Mbok. Sun bayar sulung wis, pitike titip ring kene sulung ya, ngelencere dina Kemis, Rebo soren makene dijuwut Ayahe Safa."
Dina Rebo Soren, Bu Septi nerima surat dadakan teka dinas.
"Kegiatan rekreasi dilarang demi keamanan siswa".
Hing leren nganteni paran-paran, kabar mauka aju digadugaken nang grup kelas 6. Ibuke Safa dadi wong kawitan hang maca kabar.
"Safa, meriniya tah, ana kabar teka grup kelasira kek," ibuke nyeluk anake hang sinau ring kamar.
"Hah, ngelencere wurung, diganti selametan sedherhana?" kagete Safa ambi ngomplong lan mendelik maca kabar mauka.
"Ale Isun wis tuku kelambi anyar lan sandhal anyar dienggo ngelencer eh malah wurung. Aju iwak pitik hang wis Rika bayar kelendi nasibe?" ucape Safa ambi merengut.
"Wis rawis aja mikiri iwak pitik, keneng dienggo selametan, aja mangluh iku peraturan teka pemerintah, wis diganti selametan iku ya, magiya ya tetep bebarengan ambi kanca, kapan-kapan bain ngelencer dhewek ambi ayah ibuk nyang Japuro". Ibuke ngedhem-ngedhem atine anake.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Marisa Safa Azzahra
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)