Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 31 Mei 2026 06:30 WIB)

(Cerita Cendhek) KETINGGULAN


Katon tawang langit kelir biru nana mega sithik belaka. Angin temiyung nampes nyang uwit palem ngarepe paseban. Ayang-ayangane emeh dhoyong ngetan ngantem suket-suketan hang neja diperujukaken. Syaulin hang dina iku mulang telung kelas, njangkah kelawan karen-karene tenaga. Telung kelas sedina kaya nggarahi gorokane galir. Emane magih ana empose wayah istirahat setengah jam, aju ditutugaken maning sampek pungkasan jam 1 bedhug. Ya emane, kelas hang pungkasan wayahe muride presentasi. Temune gorokane Syaulin magih bisa ngempos lan sing kari mesasaten.

Emeh mari Syaulin ngabsen murid, matane nuju nyang tilpune hang kethip-kethip. Ring pucuke tilpun, Arif—kanca guru—njaluk tulung kanggo ngurusi perpanjangan SIM.

Tangane Syaulin kaya duding-duding, kaya ana ring ngarep matane: mari gedigi, kudu gedigu—njelentrehaken. Syaulin aju malangkerik selisih sedheng rungu Arif ring pucuke tilpun kaya hing pati paham. Mula paceke enakan kecaruk langsung.

“Ulung hun merunu...” abane Syaulin balik nyang ruang guru.

Arif hing pati niteni paran bain hang perlu dicepakaken wayah arep perpanjangaan SIM merga saikine wis kudu liwat online, njelimet. Kadhung ana musuhe ngomong yara katon, liwat online umpama ana salah lupute aju sing nggarahi perotongan. Serehne kadhung kasep, ya emong pisan gulakane keneng tilang. Bisa-bisa wayah menyang-menyang nggarahi sing tenek lan ayem. Syaulin hang buru bain ngurusi SIM ulan sore, mesthine enget seru nyang alure kelendi. Kadhung dikancani hang wis tau, yara hing kariya mumet, gedigu pikire Arif.

Wong loro wis lungguh ring njero ruang guru, ditulihi kipas cilik hang kemencang. Maklum bain, kerasa ongkeb.

"Kari akur adik lan kakang," abane Bu Nurul buru ngengek lawang, nulih wong loro lungguh ring balene ruang guru.

"Delengen tah, wetenge pating galapan," abane Bu Nurul maning, sak anter-antere. Mula paceke dadi tukang kauk.

"Maning, kari kaya wong meteng, nyandhing kipas!" jare Bu Nurul magih nyanyil. 

"Meteng tuwek," uneke Syaulin semaur.

"Proyek penting iki Bu..." semaure Arif cendhek, kaya temenanan. 

Bener bain, mari daftar ning Digital Korlantas kudu langsung bayar liwat m-banking. Aju ditutugaken ngerjakaken psikotest hang sepirang-pirang ring aplikasi liya. Ulih kira-kira pirang pitakonan, Arif ngusapi HPne kaju temenan serang akehe pitakonane. Syaulin aju ngengetaken dak biji psikotest sing kira katon ring SIM-e dhung wis dadi. Hing paran-paran dijawab sak ulihe, yong dudu Ujian Nasional.

Mungne hang Arif gupuh lagotane HPne kethip-kethip ketang batune emeh entek. Kelendi kadhung HPne mati aju kudu mbaleni maning sakat kawit? Masiya elek-elekan, taping kabeh yara butuh wektu. Kadhung kudu mbaleni, yara kudu mbayar maning liwat m-banking, hang sulung kobong? Syaulin nawani, kelendi kadhung mara nyang kantor Satpas bain? Sistem ring kana, mestine nyathet riwayat pemberkasan teka aplikasi.

Emane bain kantor Satpas teka sekolahan parek, butuh mung sepuluh menitan. Paran maning weruh dalan bobosan, liwat kampung. Sepidhah hang nggawa Arif kaya kulkeyong lakune, sedheng Satpas tutupe jam 14.00 wib. Arloji hang melungkeri ugel-ugelan tangane Arif wis temuju nyang 13.45 wib. Syaulin hang digonceng mung ngengetaken gena Arif sing gupuh.

Sepidhah melebu parkiran Satpas jam 13.53 wib. Nulih akrilik hang gemantung  ring pelawangan magih kewaca OPEN, gupuhe Arif ilang. Gadug ring meja petugas, Arif nggeroh esak celanane. Gancang dibelisak dhompete, aju didhudhut KTP lan SIMe.

Ring ketheman tangane Arif, HP kethip maning merga 1% daya tersisa. Petugas ngisyarataken makene Arif gelem ngenteni sedhilut merga arep didilengaken nyang sistem. Hing sampek derijine petugas njuged ring papan ketik komputer, alise mbelkethut.

“Mohon maaf, Bapak. SIM masih berlaku sampai 2027 ya!” abane petugas.

Gancang Arif nabok bathuke. Aju meringis nulih nyang Syaulin kang lungguh ring kursi pareke lawang. Ketang padha-padha ketinggulan weteng hang njembling. Wong loro padha-padha kerasa bongole.#

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Ilustrasi: AI

Editor: Antariksawan Jusuf