Anggitane: Qonita Ruby Humayra
(Minggu, 05 Januari 2025 14:05 WIB)
(Cerita Cendhek) Kurangen Dhanggoreng Sabun
Wis uwis.. uwis..
Dienggo paran ngerageni manuk miber..
Ambi kacaan isun gendhingan, awak goyang mengarep memburi mbayangaken dadi penyanyi ring panggung.
Kaya Farel ika, artis cilik kang kesuwur sak Banyuwangi. Rambut hun kibasaken aju muter-muter. Ring bayanganisun maning, penonton berak-berak "Nanda.. Nanda.." Tangan tengenisun dhadhah-dhadhah, tangan kiwa nempel ring lambe tandha mbales ucap sayang. Ambi mesem, isun njuged edheng-edheng. "Dhuh, kari adoh lamunanisun.. hehe." Sun tutugaken dandan. Mari wedhak aju nganggo handbody ring tangan. Sun juwut lenga wangi, ye.. tibane entek. Kadhung ring kamare emak, mesthi ana. Isun langsung merana.
"Ssrt..ssrt" hun semprotaken lenga wangi nyang kelambi, arume semebar sak ruangan. Hun jepit lan buncung rambut bagiyan mburi. "Hmm.. wis ayu iki," batinisun.
"Nan..Nanda.. meriniya!" Emak celuk-celuk. Abane kaya teka pawon.
"Nggih, Mak," saurisun ambi gancang nata perabotan macake emak. Kadhung hing dietap maning, engko keneng uwel.
Isun melayu nyang pawon.
"Enten napa, Mak?" Takonisun.
"Kek, gedhang goreng sabune, wis mateng.. panganen!" Semaure emak ambi nutugaken nggoreng. Mula, gedhang goreng sabun iki doyananisun. Mangkane emak mesthi mepe gedhang kang wis mdalu sampek pirang-pirangane dina, serta garing aju keneng digawe gedhang goreng. Angger melaku-melaku mesthi nyangu gedhang goreng sabun. Pumpung magih anget sun pangan ambi lungguh nyang kursi. Hmm..enak rasane arum ambune.
"Jare arep memengan sepidhah ambi Siska, paca tah sing?" Emak ngomong ambi ngetapi gedhang gorenge.
"Alak! jam pira iki? Dhuh.. ketang kakehan macak," isun kesusu-susu arep ngetokaken sepidhah.
"He, sulung, kek gawanen gedhang gorenge!" Emak ngewadhahi gedhang gorenge. Gancang sun cantholaken nang setang sepidhah.
"Terami, Mak. Kula pamit nggih," abanisun ambi mancat sepidhah.
"Ya, aja anter-anter!" Saure emak.
***
Pantese bain Siska wis nganten-anteni. Jelas muring Siska kadhung kasep semayanan. Wis katon ning ngambule Siska. Bisa-bisa larene nyerecet. Emane lurunge cumpleng, mulane isun awani ngebut. Pedhal sepidhah sun pancat kaya nak galapan, aja sampek kesalip. Masiya rada kongos-kongos ambeganisun, sun ati-ati ambi ambi ngabeti centelan keresek isi dhanggoreng.
Wis ngeliwati lapangan wih, emeh gadug. Mariki meliguk pertelon.
"Awass!!" Isun mberak kaget, cepet-cepet isun mbiluk ngiwa. Awak lan sepidhahisun muncal nyang suket-suketan.
"Adhuh," isun mberak. Lare cilik mau kaya keweden, ndeleng isun muncal lan njempalik.
Kesusu-susu lare cilik iku nyeluk emake "Mak.. mak," larene melebu umah.
Bokongisun lara, dhengkul babras. "Ya Allah.. apuwa, Beng?" Emake lare cilik mau metu teka njero umah, aju nulungi isun. Isun dituntun melebu umahe. Dhengkul kang mocor getih mau ditambani. Emane ya bebres sithik, sing kari lara. Ning jero ati, isun mung bisa usik ring wekase emak mauka.
Emane sepidhahisun sing paran-paran. Mung kotor sithik. Isun ngadeg edheng- edheng, saya kasep bisa-bisa. Isun aju iling celathune Siska kadhung muring.
"Bisa ngadeg, Beng?" Emake lare iku takon.
"Saget, maturnuwun nggih, Bu..," balesisun.
"Iki, Beng. Gawanen!" Mak e lare iku ngelungaken keresek cemeng. Isun njangkah edheng-edheng merga dengkulisun magih cedhut-cedhut. Isun aju pamitan lan gancang mancal sepidhah maning.
Teka kadohan Siska wis awe-awe ambi mancal sepidhahe. "Heh! Rika iku teka endi? Sun tunggoni hing teka-teka. Isun sampek meh kesirep ya," Siska celathu aju njejeri isun.
Isun mandheg ning pareke kalen, ditututi Siska.
"Isun iki mari tiba, kek dhengkulisun keseset!" saurisun
"Ya Allah, kok bisa tah wis..," Siska nyauti. Isun lungguh nong watu kang gedhi. Aju mbuka bontotan lan panganan kang diweni emake lare cilik mau.
"Eh.. rujak lontong ya!" isun ngomong ambi ndeleng panganan mau.
"Ye.. Rika nggawa panganan tah. Allhamdulilah, polae Isun elom yah," Siska nyauti.
"Ayo dipangan bareng," isun ngajaki Siska, tapi raine kaya wong bingung. Mula sih Siska iki sqkat cilik digawa wong tuweke nyang Surabaya, Dadi hing weruh panganan has Banyuwangi. Tapi iyane magih bisa usingan merga diajari bapake.
"Tilikana tah, yara Rika doyan," isun nawani. Siska kaya iya kaya using nak milu nyendhok. Sithik-sithik ditiliki, eh malah doyan.
"Enak tibake, Nda," Siska kecap-kecap ngerasakaken ambi logate magih kegawa Surabayaan.
"Ya iyalah..he..he..Kek, tilikan pisan gawenane emakisun," isun nawani maning.
"Paran iki kok cemeng-cemeng, enak tah?" saure Siska ambi thingel-thingel.
"Tilikana bain tah sulung," Sun elungaken siji gedhang goreng sabune.
Sak cokot rong cokot, eh kok imbuh maning? Sampk isun uman mung mangan siji thok. Dipangan sampek mara-mara entek hing ana karine. Kawitane sing arep, pungkasane kurangen.
"Magih ana tah gedhang goreng sabun nyang umahrika? Isun kurangen ya, Nda,"
"Heh, Siska.." Isun ngakak.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Qonita Ruby Humayra
Editor: Antariksawan Jusuf