Anggitane: Cici Anggraini
(Minggu, 29 Juni 2025 08:10 WIB)
Cerita Cendhek: Labuh Nyingkal
Man Dulah adang tumpeng, methetheng pitik lan nyumbat kelapa. Bik Isah nggerus ragi lan marud kelapa. Serta pethethenge mateng, dipotheng-potheng diuled ambi ragi lan parudan kelapa.
Sega tumpeng mateng, dientas. Ditublek ring bak kang wis dilemeki godhong lan sing lali ditutup ambi godhong. Tumpeng lan pethetheng dideleh ring cingkek. Bik Isah lan man Dulah melaku nyang sawah kang wayahe labuh nyingkal.
Gadug sawah, dulur-dulur kang buruh tandur ring kiwa-tengene sawahe man Dulah, diceluk diejak selametan.
“Mbok Nur, Mbok Rodiyah, mmMbok Satin wayahe laut kok e wis muni adan, meriniya mbok selametan labuh nyingkal," abane bik Isah ambi melung-melung.
“Yeeeeh labuh nyingkal, Dhik?” saute mbok Nur.
“Ya sulung wisuh mbok," semaure mbok Rodiyah.
“Yara sing kepangan seganisun iki Dhik” jare mbok Satin.
“Segane Rika gawanen mulih maning bain mbok,” saute man Dulah.
Serta mari wisuh jak telonan pada mara nyang pondhoke man Dulah. Pondhok lawas tapi rijig. Bik Isah nggelar kelasa ngetap pethetheng. Aju man Dulah mangkat ndonga muga-muga sawahe kang arep disingkal lan mangkat tandur dadi panenan kang apik.
Man Ilik buru njumbul teka lor ambi nuntun sapi sak embenge. Ambi kongos-kongos mara nyang pondok arep nyancang sapine. Keluthuke sapi muni carem, ring wadhukan suket entek digayemi. Dhadhung nyancang paten nyang wandhukan, embenge magih kidrangan, nyucup banyu peloncoran ring kalen.
Ngucap sukur man Dulah bisa kelaksan selametan labuh nyingkal maning. Dhung enget bengene, nasib sapine kang Ilik mati ring tengah kedhokan pas wayah nyingkal.
“Meriniya Lik, ayo aju diangkati selametane” jare man Dulah.
“Iya kang” sauté Ilik.
“Apuwa sih Kang Dulah, kari kathik selametan gedigi iki?” mbok Nur takon.
“Ring sawahe Aji Ma’il ika masa kathik selametan gedigi iki Dhik” semaure mbok Satin.
“Gedigi Mbok, Isun iki bengen tau mohal, nyacak sing kathik labuh nyingkal. Apuwa sapine kang Ilik iku mati pas nyingkal ning kene mbok," saute bik Isah.
“Yeeee gedigu mboK?” saute Mbok Rodiyah.
“Bengen iku wis mbok kedadeyane,” jare kang Ilik.
“Temune saben arep mangkat nyingkal, Isun selametan sulung," semaure Man Dulah.
“Ya Wis Dhik muga-muga panenan ngarep iki apika lan selameta," jare mbok Satin.
“Aamiin," saute Bik Isan lan Man Dulah barengan.
Mari gesah-gesahan wong jak enem iku mangkat madhang sampek welangketen. Man Ilik aju mangkat nyingkal.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cici Anggraini
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)