Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 10 Juli 2022 10:44 WIB)

(Cerita Cendhek) Lebaran Haji Marek Pageblug


Mak Asiyah isuk iku wis lungguh ring pelanca. Lebaran haji taun iki iyane nang umah dhewek. Arep milu sembayang Id ring masjid sikile magih durung bisa dienggo jejeg. Lamat-lamat teka sepekere masjid iyane rungu suwara takbir, tahlil lan tahmid. Lambene milu cemit-cemit nirokaken suwarane. Nong atine, iyane ndonga kanggo ruwahe lakine. Lebaran haji taun sore, tepak wayahe wong-wong melaku nong masjid, lakine ninggalaken iyane. Selawase. Iyane mung rungu kabare teka petugas rumah sakit, merga pageblug, iyane hing bisa ndeleng rupane lakine hang wis ngewani anak telu. Iyane mung terima sambat nang Gusti Pengeran merga ring dina pungkasan lakine, iyane hing bisa nong sandhinge. Hing bisa nalkini lakine, nuntun makene ring dina pungkasane lakine bisa ngucap sahadat. Hing bisa nyekel tangane hang pungkasan, tangan hang masiya wis tuwek magih sekel lan sagah golet rejeki dienggo iyane keloron. Tangan hang kerasa kasar merga kapalen saben dina magih nyekel sembarang kalir sak ketemune pegaweyan. Kadhang macul milu buruh tani ring kedhokan, kala-kala merkul, hang kerep ya nyumbat kelapa nong Haji Durahim, tangan hang sing gelem nadhong masiya uripe keluwargane pas-pasan. Taping arane rejeki ya kabeh teka Gusti Alloh. Seperene Mak Asiyah wis cukup nerima paran hang Gusti Pengeran uwani liwat tangan lakine. Lir ibarate hing tau ana sedina hang sampek hing ana panganan ring ndhuwur meja. Mak Asiyah percaya sasate mung sawi godhog ambi sambel ucek kerasa seru enake kadhung dirasakaken bareng ambi lakine. Sawi hang dibedhol teka latar mburi umah seru enake, ngalahaken rasa sega bungkus hang kadhang digawakaken lakine. Sega bungkus iki hang saiki dadi penyangga uripe. Kadhung hing bedhug ya dalune iyane madhang sega bungkus. Ana kalane, mulih megawe lakine ngelungaken rasa welase nang rabine, ya iku arupa bungkusan sega utawa jajan pasar, ya uceng, celorot, kelepon, orog-orog, lupis tah lanun. Dhuh, iyane ngerasa seru terimane nyang Gusti Pengeran diwani laki hang seru wigatine nang rabine. Setahun sak peninggale lakine, Mak Asiyah mung terima kiriman picis teka anak-anake hang padha mboro adoh. Penggarepe, Slamet, dadi tentara hang saiki manggon ring Sumatera. Anak keluwunge malah megawe adoh ring Papua, bisa mulih sambang wong tuweke kadhang telung taun sepisan merga rega karcise hang sing mupakat. Dadi saben arepe mulih kudu nabung sulung kanggo sak keluwarga. Hang kemunjilan ana ring Jakarta, paling saben mulih ya tepak lebaran Idul Fitri merga ya wis kabotan kudu mulih ambi anak lan rabine. Tepak Lebaran haji taun iki kabeh ngabari sing ana hang bisa mulih. Ya wis kelendi maning, batine Mak Asiyah.

Masiya wong ndesa, Mak Asiyah magih bisa nerima kahanan hang dirasakaken, hing gelem celathu nong pageblug hang jare teka Cina aju nyebar sak donya, sampek pagebluge mampir ring desane lan lakine hang dadi salah siji kurbane tepak lebaran haji, lebaran kurban. Iyane mung bisa paserah nyang Gusti Pengeran, gok kabeh wis ditulis sedurunge. Nasibe menungsa dudu pageblug hang ngewatesi, dudu merga ana belahi, dudu merga keneng penyakit. Dudu, iku kabeh mung jalaran. nulis pesthine ya mung Gusti Pengeran.

Ring lebaran haji saiki, Mak Asiyah malah nyedhiyakaken akeh jajan hang diwadhahi ring toples eropa. Ana kelemben, peluntir lan pastel. Iyane ngarepaken lalare cilik tanggane bisa mampir makene umahe kerasa rada rumang. Lalare cilik mudhun masjid magih durung gelem padha mulih, nganteni wedhus lan sapi hang arep dibeleh dienggo kurban. Yara enak, mung ndeleng bain bisa diwani daginge masiya sithik keneng dienggo nggawe sate sak kancaan ring kebonane pak Amri.

Taping mulihe lalare iku mesthi liwat ngarep umahe nak dikongkon mampir icip-icip jajane. Kanggo ombenane, Mak Asiyah sorene maning wis ngongkon Sariyah anake tanggane kanggo tuku orson hang arep disuguhaken nyang dhayohe, kelebu lalare iku.

Tahun iki umah tikel tinggalane lakine ya wutuh digeningaken hing kathik dirijigi. Biyasahe sedurunge lebaran gedigi lakine ngerijigi sawang-sawang lan nukokaken gamping kanggo ngelabur gedhege. Ring ngingsor ampik-ampik umahe mung nganggo gedheg hang saben taun dilabur makene katon rijig. Ring ngarepan ana gebyog kayu hang motip selimpete wis katon rada ilang ukirane. Naming umah iki seru adheme ring njero. Jare wong tuwek bengen, kahanan njero umah iku nduduhaken atine hang duwe umah. Mangkane saben soren-soren umahe diepel kelawan nyirat-nyirataken banyu nong ngingsore makene lemahe hing nggawa lebu lan kerasa atis.

Ring njaba umahe, kaya ana suwara montor mandheg. Sapa ndane?

Hing sepira suwi, ana hang uluk salam. Suwarane kaya suwara anake hang kemunjilan. Mak Asiyah sakkal gemeteran tangane, iluhe deredesan nong pipine. Ana kemunjilane, Ridwan teka sak anak rabine. Kari hing ngabar-ngabari sulung.

“Sepuntene Mak, sore tepak Idul Fitri mboten saget wangsul. Dadi lebaran Haji sakniki Kula koberaken. Kebeneran disilihi montor ring kantor dadi sedaya saget wangsul,” abane RIdwan.
Mak Asiyah magih cengeng. Hing percaya ring matane dhewek. Putune magih cekelan tapihe. Anake Ridwan iki paceke dibelehaken pitik ring anange kadhung tepak nyambangi anang adone.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor