Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 13 September 2020 06:46 WIB)

(Cerita cendhek) Mawar Kanggo Aini


“Semebrung ganda wangi kembang
Hang semembur ning lemah iki,
Nyerambahi pedhute ati
Hang wis sing bisa njerit
Nyebut aranrika hang sun welasi”

 

Sun sawang aran hang kaukir ring paesan. “Aini” perawan hang buru cemanthol ring ati, saiki wis kari aran. Getunisun sing mari-mari, gok seru gelise ninggalaken awakisun selawase. Iluh magih mberebes ngepusi pipi lan lemah kuburan ring ngarepisun. Ambune kembang kirim nambahi susahe atinisun hang kelangan. Aini, kanca memengan hang meneng-meneng nyidhem welas nang isun saiki wis sing ana ring donya.

“Aja Rika tangisi, lilakena Aini makene tentrem,” bisike Seto teka mburinisun.

Isun sing kuwat arep nyauri Seto hang ngadeg ring mburinisun. Isun mung bisa mesesegen nangisi Aini. Buru saiki getunisun keliwat-liwat rasane. Getun ditinggal Aini lan getun gok bengen isun sing ngereken nyang welase hang seru jerune nyang isun. Apuwa isun gok nguber welase lare hang durung karuwan.

Kuburan wis sepi, mung kari Seto hang ngancani isun. Tanganisun magih ngusuki paesane Aini hang dikudhungi payung cemeng.

“Ayo mulih, nawi aju udan.” Seto nabok pundhakisun. Isun magih ngogrok.

“Sulung, Isun magih kepingin ngancani Aini," saurisun ambi mesesegen.

“Aini sing butuh kanca, hang penting donganrika.”

Isun rasane magih abot arep ngadeg. Awak rasane lisuh kaya sing duwe daya. Tangane Seto narik lengenisun makene agage ngadeg. Awak rasane lipruk sing kuwat ngadeg jejeg. Seto mapah awakisun njangkah ninggalaken kuburane Aini.

“Uwis, Aini saiki wis ayem ring kana,” bisike Seto ring kupingisun.

“Isun getun, bengen gok sing ngereken nyang welase.”

“Sing usah Rika getuni, iki wis mula pesthine.”

Udan wis mangkat cicir. Donya kaya-kaya milu nangisi Aini hang mulih nyang ngarsane Gusti Hang Maha Kuwasa. Ati saya pedhut, sing nerima kadhung Aini saiki wis ilang selawase. Sing sun reken banyu udan ngepusi awakisun. Seto magih tetep ngancani isun mulih.

“Ayo hang gancang melakune, kadhung kesuwen keneng udan engko malah kadheman."

Seto narik awakisun hang magih lisuh. Sakliyane Aini, Seto kancanisun memengan sakat cilik. Isun ambi Seto wis kaya dulur kandhung. Sing kerasa wis gadug ngarepe umah.

“Gus, Isun mulih sulung ya. Engko mari salin Isun merene maning.” Seto pamit.

“Iya, kancanana Isun yah, saiki uripisun rasane sintru.”

“Aja kuwatir, hang aran kanca ya kudu ngerti lah.” Seto njangkah ninggalaken isun ring ngarep umah.

Agage isun melebu umah liwat mburi njujug melebu nyang cedhing ring pawon. Sun siram awakisun hang kepus keneng banyu udan. Awak gemigil, sing kuwat ngerasakaken adhem.

“Ainiii.....” Isun mara-mara mberak sak antere nyeluk aran Aini.

Mata nyawang rasane peteng, isun sing bisa nulih paran-paran maning. Sing kerasa awak tiba ngelimbruk ring cedhing.

“Gus, Bagus tangiya.” Lamat-lamat isun rungu suwara nyeluk aranisun.

“Isun nang endi iki?” matanisun magih rada raweng.

“Ring kamar, jare apakrika, Rika mau semaput ring cedhing.”

“Aini mau endi To, sing milu merene ambi Rika tah?”

“Enget Gus, enget.. Aini wis ninggalaken Isun lan Rika selawase.” Seto ngethem tanganisun.

“Ya Allah...”

 Tangisisun bencah maning sing keneng dibendhung. Sun peluk Seto sak kuwate. Seto napuk-napuk pundhakisun.

“Wis menenga aja nangis digu, sekaken Aini.”

“Isun sing kuwat To," tangisisun saya anter.

“Uwis tah menenga, Isun arep nyampekaken penjaluke Aini nyang Rika.”

Sun eculaken pelukanisun nyang Seto. Sun usap-usap iluhisun hang mili ring pipi. Sun cobak ngendhegaken tangis iki sak bisane. Sun dhem-dhemi susahe ati iki.

“Uwis To, ngomonga nyang Isun paran hang dijaluk Aini.”

“Telung dina sedurunge sing ana umur, Aini mengan nyang umah. Iyane titip omongan nyang Isun kanggo Rika.” Seto ngawiti cerita.

“Terus ngomong paran bain Aini?” atinisun seru kepingin rungu.

“Aini ngomong nyang Isun, Iyane seru kepingine pas dina lahire, Rika nguweni kembang mawar abang.” Seto nerusaken ceritane.

Iluh mangkat netes maning ring pipinisun. Mula pitung dina engkas dina lahire Aini. Isun kepingin nguweni iyane kadho lan arep sun ajak ngelencer nyang taman kutha.Taping wis kesulungan iyane dijuwut ambi Hang Kuwasa.

“Ana maning Gus.” Seto sing nerusaken omonge, sun sawang matane milu mberebes mili pisan. Bagus mesesegen sing bisa arep ngomong.

“Paran To? Rika gok nangis pisan, apuwa To?” tangisun saya ndadi.

“Jare Aini, kadhung iyane dipesthi sing ana umur, angger tanggal 16 April Rika kon ndeleh kembang mawar abang ring sandhing paesane.” Seto nangis tambah anter.

“Iya To, Sun sanggupi penjaluke Aini kanggo nebus kesalahanisun nyang Aini. Kisuk tepak pitung dinane ateraken Isun tuku kembang mawar abang ya," jalukisun nyang Seto.

Percis pitung dinane, sun tekani kuburane Aini. Sing lali, Seto ngancani isun ngirim nyang kuburane Aini. Sun turuti penjaluke Aini. Sak gegem mawar abang sun sandhingaken ring paesane Aini.

“Aini... Sepurane hang akeh kadhung Isun wis tau nyulayani rasa iki nyang Rika. Getun, atinisun seru getune. Durung suwe Isun ngarumaken atinrika kaya dene kembang iki, taping Rika wis mentala ninggal isun. Muga arume kembang mawar iki, bisa nentremaken Rika ring kana. Sampik kapan bain, Rika tetep dadi kembang mawar hang merujuk ring jero atinisun.”

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Satria

Editor: Antariksawan Jusuf