Anggitane: ROHMANIYAH
(Minggu, 22 Juni 2025 06:32 WIB)
(Cerita Cendhek) MBERGUDHUL
Cerita Cendhek
MBERGUDHUL
Anggitane: Rohmaniyah
“Masaalah kari nemen Sira ki Kusno! Kari nyiksa nyang Mbahe ya!” Suwarane Mbok Ida kaya kaget sengkete weruh Kusno melaku nginclig ning pinggire lurung wayah panas meciklak. Ning mburine masiya tetak-tetak ambi tekenan jajang Mbah Adon ngetutaken putune kang rada serepet iku.
“No! Kusno! Mandhega tah sulung yuh! Kari kesel amit-amit Adone ngetutaken ya!” ujare Don Atin ambi kongos-kongos, kaya-kaya emeh pedhot ambegane.
“Emong Don! Kesel Kula nuruti Ndika! Kari sing mupakat ya!” Kusno mongod-mongod nyauri Don Atin. Daya ning atine ya sing mentala nulih bacote adone kang mulai putih.
Mula sakat Kusno cilik, Don Atin seru welase nyang iyane. Bengen bangete emake nyusul bapake Kusno nyang Kalimantan, Don Atin kang ngerumat lan nyekolahaken Kusno.
“Sulung ta Tiiik! Adon nganggo picise Adone dhewek ika ya! Picisira kang wis kadhung dienggo, engko Adone siluri Tiiik!” Pengucape Don Atin ambi ngundha ambegan.
Dina iku hawa mula seru panase. Paran maning ditambah ngerungokaken abane Nang Ehan nembang nganggo suwara agore, nana wih nambah amuke ning dhadhane Kusno. “Empun Don! Kula kesel empun! Kula isin.” Sangking ulihe kon nulihi Don Atin ning mburine, sing kerasa sikile Kusno nyangled nyang sangsangane uwong. Kayu tonjoke sangsangan cicir meh ngantem raine. Mbok Ida kang sakat mau ngetutaken tut buri wong loro iku mangkat jengah.
“Don Atin! Kusno! Sulung tah mandhega aja uber-uberan ambi nyerecet ning pinggir lurung gedigu," Mbok Ida mberak ambi nganyeng tangane Kusno makene mandheg.
“Mbok! Isun kesel nyang Adon iki Mbok! Picisisun sampek limid enggo mbayari COD-ne. Sing mupakat ya Mbok!” Rungu jawabe Kusno Mbok Ida mangap ambi mendelik, sukur-sukur sing ana laler kang melebu nyang cangkeme.
“COD No? COD paran? Sapa kang COD?” Mbok Ida takon kaya pulisi nakoni tersangka. Tapi ring kasus iki iyane bingung sapa tersangkane. Kusno tah Don Atin.
“Meh rong dina sepisan ana tukang paket ngateraken pesenane Adon ya Mbok. Wis gedigu Isun kang mbayar ya. Sampek limid picisisun," ucape Kusno ambi melerok nyang Don Atin.
“Ya Allah COD paran bain Don Atin iku No? Ndane bisa tah Don Atin nganggo aplikasi belanja online gedigu?” Cerecete Mbok Ida ambi tingel-tingel. Ring atine sing percaya Don Atin belanja online, yong nyekel HP bain sing dhuweg.
Don Atin kang mulai mau mbesengut agage nyaut pitakone Mbok Ida sedurunge Kusno menga. “Isun belanja nganggo HP iku kang mbelanjakaken Asanah rabine Kusno ya Beng.. Endane Isun dhuweg mengan gedigonan?” Sangking mempenge kadhung ngomong, dubang teka cangkeme meh mencirat nyang raine Mbok Ida. Wedi Don Atin tambah elak ning lurung, Mbok Ida agage nuntun mulih Don Atin dietutaken Kusno ning burine.
Gadug umahe Don Atin, Mbok Ida nyang pawon njuwut banyu tawa makene diombe Don Atin. Kusno sing serantan nak ndhedhes Don Atin, gok bisa kang mbelanjakaken iyane Asanah? Ale Asanah sing tahu cerita perkara belanja online nyang iyane. Kusno mangkat kuwatir perasangkane nyang kang wadon bener. “Napa mawon kang Ndika tumbas Don?” Suwarane Mbok Ida dilemes-lemesaken makene Don Atin sing muntab. “Isun mung tuku sandhal lili ambi pendhing ya Beng. Lipen lan liya-liyane iku tukone Asanah sangking kang dienggo aranisun!” Rungu omongane Don Atin, Kusno nyerangap: “Kok Ndika purun Don? Ndika mboten ngerti endhaskula sampek emeh pecah saben dinane mikiri CODne Asanah!” Durung sampek Kusno nerusaken omonge, Mbok Ida agage nyelat “No, Sira ki aja kari kurang ajar nyang wong tuwek. Engko tah kuwalat! Aju ajaren bain apuwa rabinira iku makene sing gubaban gedigu.” Rungu omongane Mbok Ida, atine Kusno ya kerasa getun. Agage iyane nyandhak tangane embahe nak salim, ape njaluk sepura karepe. Naming Don Atin wis sulungan menggos. Pantese lara atine diuwel putu kang iyane kudang-kudang sakat cilik.
Lamat-lamat suwarane Nang Ehan mulai kerungon maning teka langgar. Masiya suwarane tetep agor, taping saiki rada ngeresep nyang atine Kusno. “Asanah iku kewajibanira Kusno. Ajaren makene sing mbergudhul gedigu,” ucape Don Atin ambi ngeleg dubange.
Rohmaniyah, alumni Bimtek Revitalisasi Bahasa Daerah, Basa Using, Balai Bahasa Jawa Timur 2025
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)