Anggitane: ROHMANIYAH
(Minggu, 06 Juli 2025 05:23 WIB)

(Cerita Cendhek) Mohal


Cerita Cendhek:

MOHAL

Anggitane: Rohmaniyah

 

Ring ngingsore ereng-erengen gunung Raung kampung papan kelairanisun, ana panggonan tenget kang saiki dienggo lapangan desa, papane macem-maceme ubegan desa digelar. Kang Ribud hang dadi tuwek-tuwekane desa wis ping kaping-kaping nguweni wekas nyang warga desa kadhung nak ngangkati ubegan ning lapangan kono aja lali nyelameti sulung.

“Pokoke gawekena wedang kopi sak cingkir, jajane apem goreng lan amplog. Aju delehen ning ndhuwure watu hang ana ning bucu elore lapangan," ucape Kang Ribud nyang Akomi, ketua Karang Taruna. “Kang, wis jaman tiktok gedigi Rika magih bain nganggo cara-cara kuna gedigu? Wis sing mathuk Kang!” saure Akomi ambi kempus-kempus nyerod utis.

“Byek kari ladak gedigu omonganira, Lik? Kok kari nemen ulihira nyamah weluri kuna? Weluri iki wis diajari embah buyut turun temurun Lik!” serangape Kang Ribud.
“Taping ya.. iya wis kadhung gedigu karepira. Angkatana wis turnamen tanpa selametan sulung. Taping aja getun Sira kadhung ubeganira sing karu-karuwan dadine!” Kang Ribud agage nyinglap sepidhah montore, ninggal Akomi hang magih munyik-munyik ndileng HPne.

Wayah kang dianti-anti ahire nggadug. Rong grup tembung sut nemtokaken sapa sulung hang nandhuk tembunge. Abane surakan lan kaukane penonton saur manuk. Paran maning kadhung ana pemain hang tiba, pendhukunge berak-berak nyalahaken wasit. ”Pelanggaran iku Siiit! Alaaakk kelendi sih kok digeningaken? Byalak kau!” Kang Syaiful muring ambi nguncalaken botol banyu nyang tengah lapangan.

Durung sampek setengah main, langit hang maune padhang kementhang mara-mara peteng dhedhet. Angin gedhe uleng-ulengan ning tengah lapangan embuh teka endi asale. Sing sampek itungan menit banyu kutah teka langit sing kira-kira. Lalare hang ndileng ning pinggire lapangan pating melayu ngiyub, naming magih maksa ndileng teka ngingsore wit trembesi. Para pemain hang maune tetep njaga semangat main masiya geblesan, suwi-suwi sing kuwat nahan adheme banyu hang diterak angin mobat-mabit.

“Kok mara-mara udan angin gedigi yuh? Wis nguweni wedang kopi lan apem tah sakdurunge mangkat mau?” Mbah Jamani takon ambi gemigil. Durung sampek ana hang nyauri nyang pitakone Mbah Jamani, lalare kang ngiyub ning ngingsore wit-witan mau padha melayu nyang tengahe lapangan. Ana pemain kang kejimen, kether-kether ambi mendelik.

“Ya Allah! Padha ninggal weluri ketang. Ya gedigi iki pungkasane," ucape Mbah Jamani ambi nguweni banyu lare hang kejimen mau. Kahanan ning lapangan tambah suwi tambah tawur. Turnamen hang nemokaken antarane Emprit FC lan Perenjak FC bubar sakdurunge wayahe. Lapangan gang maune rijig dadi rusak sing karu-karuwan ditambah sakane gawangan padha rubuh. Ning pinggire lapangan Akomi metenggengen ambi ngucap “Byalak, ngipi tah kelendi Isun iki?”

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Rohmaniyah, S.Pd

Editor: Hani Z. Noor