Anggitane: Samsul Hadi
(Minggu, 12 April 2020 11:03 WIB)
(Cerita Cendhek) Ngenthit Welas
Serngenge wis rantag, semilire angin isuk hang nggawa ebun ndadekaken tambah segere hawa ring isuk iki. Isun wis cepak-cepak arep melaku megawe polae dina Senin digi apel pagi sulung. Abane wong wadon keluthekan nang pawon nyorotaken kopi lan sarapan. Suwarane Sekar, gantungane ati, nembang Garuda Pancasila ambi rada pelad nggarai ati ayem rasane kaya disiram banyu es sak timba.
"Sekaar meriniya Beng. Iki kaos kutange enggonen sulung, masuk angin mengko Sira,“ abane wong wadon ngongkon Sekar hang magih sekolah TK nol besar nganggo kaus kutang. Sekar nerotos bain nembang Garuda Pancasila hang wayahe "pribadi bangsaku" dadi "tribang tribang saku." Ambi munyik Sekar sunampiri,
“Beng aja "tribang tribang saku" yara "Pribadi Bangsaku digu."
“Apak niku hang salah. Jare Mbok Ennuur niku tribang tribang saku Pak.“ Enur anake kakangisun sak pantaran ambi Sekar hang manggon nang kiwane umah.
Isun mung mesem dibantah Sekar polae isun bengen magih SD ya gedigu. Sekar ambi mandeng isun nulih nyang isun ambi matane hang suminar sing duwe dusa. Sun anggokkaen seragame taping Sekar sing gelem jare wis bisa nganggo kelambi dhewek. Suntinggal nyemir sepatu, wong wadon marani ambi nggawa kopi lan gorengan gedhang kayu ambi lungguh nang kiwanisun
“Kang kopine diuyub Kang. Paca nang Tegaldlimo Rika?" ambi bathuke katon njureng.
"Ya paca Dhik, yong iku tugas kantor. Isun nguweni penyuluhan carane nandur buah Naga nang kelompok tani." Isun wis ngerti nyang pitakone emake Sekar.
“ Ya wis Kang kebeneran engko mulihe mampira nang umahe emak, sorene maning polae wekas nang Kang Andon."
”Iya Dhik, abete Emak marek panen Jeruk ambi kacang ijo, ya? Engko sabtu mulihe Sekar sekolah nginep nang umahe emak," isun muni gedigu wong wadon ngambung pipinisun. Peraupane sumringah, mula wis rong ulan sing tau nyambang emak maratuwa.
“Sekar age-age sarapane wis jam setengah pitu iki. Bareng Apak tah diteraken Emak “
“Mboten Mak, Kula ajenge melampah kalih Mbok Enuur,“ Sekar metu salaman ambi tangane nadhong njaluk sangu. Nong pipi kiwane magih ana upane. Sunambung aju sunlapi upane mau aju Sekar pamitan.
Teka kadohan Enur ketebang-tebang kaboten nggawa tas sekolahe ngampiri Sekar.
“Mak ..Apak Kula melampah. Ayo Mbok," Sekar nggayuh lengen Enur.
“Mak Nom, Pak Nom Kula melampah," Enur pamitan. Lare loro bareng uluk salam.
“Waalaikum salam ati-ati nang ndalan aja selaperan."
“Nggih Mak."
“Nggih Mak Nom."
Sekar ambi Enur melaku gandhengan tangan. Isun ngetakaken lare loro iku kari dhemen. Seru rukune lan sing tau padu. Serta marek sarapan lan ngokop kopi isun pamitan nang wong wadon.
“Dhik, Isun melaku yah."
“ Iya Kang. Ati-ati nang dalan.“ Salaman ambi gambung tanganisun.
“Assalamu’alaikum.”
"Wa Alaikum salam," saute wong wadon.
Isun mangkat melaku. Sunsetater sepidhah montor Honda Win jatahe kantor. Gadug kantor wis meh baris apel Senin ngerungokaken instruksi bapak Kabid, dispertan. Marek apel aju Isun menyang nong Tegaldlimo, sak jam setengah, isun wis nggadug nang Balai Desa Tegaldlimo. Nang kono para kelompok tani wis padha kumpul. Marek nguweni sambutan, Pak Lurah melebu nang kantore. Ganti isun hang nguweni penyuluhan.
Tepak isun nguweni penyuluhan atinisun kemesut weruh wong wadon kemeliwes nang balai Desa. Raine wis sun kenal bengen taping sak iki katon tambah ayu. Serta penyuluhan wis pungkas, isun marani pak Lurah arep nguwakaken surat kanggo njumput rabuk geratis kanggo para petani. Gemeter rasane ati arep melebu. Isun sing kuwat njangkah merga lare wadon hang kemeliwes mau ngadhep mejane pak Lurah. Sun kuwataken ati terus njangkah ngadhep pak Lurah. Sun sela omongane Pak lurah
“Pak, niki surat kangge mendhet rabuk geratis teng Dinas," ambi nguwakaken surat isun ngelirik nang lare mau. Atinisun tambah sing kakaruan.
“Iya Dhik terima. Sing lungguh sulung tah?"
“Mboten Pak terami empun, polae enten keperluan lintune Pak,“ isun pamitan mbalik njangkah metu. Durung gadug ceracabane lawang kantore pak Lurah ana suwara hang wis jangget nang ati nyeluk isun.
“ Kang..." kaya disamber geludhug awakisun diceluk lare wadon mau. Isun nulih lare wadon mau nguber aju ngered tanganisun diejak metu teka balai Desa.
“Kang, antenana nang Warung Baksone Pak Gino.“ Sepidhah sunsetater melaku rada anter taping isun meliguk nang warung baksone Pak Gino nang kidule pasar. Bakso langgananisun magih buru kelas loro SMA. Let sedela lare mau wis gadug nang warung baksone Pak Gino pisan. Lungguh jejer isun, semerebung ganda arume lenga wangi hang singtau sun lalekaken sakat magih SMA bengen.
“Kang sepuraneisun hang akeh. Kelendi kabarrika sak iki."
“Alhamdulillah Dhik, Isun sakiki ya digi iki dadi buruhe pemerintah, hang sing tau nyukupi kadhung dienggo urip sugi." Lare mau meneng ambi netes eluh banyu matane.
“Isun getun Kang ninggalaken Rika hang welase tulus lan suci . Malah bandha dunya. Hang sunuber sak iki Isun hang nyangga getune, sepurane yah Kang,“ ambi tangise tambah nggugug. Tangan iki gemeter arep ngusap rambute, pungkase sing kuwat nyangga ati iki, kepeksa sun elus rambute lan sun peluk nang dhadhanisun. Pak Gino hang ngeteraken bakso nang mejanisun ngomplong kaya bantal modhol weruh isun peluk-pelukan nang warunge. Isun sing ngibukaken nang Pak Gino, lumuh wis kono, batinisun. Pelukane sun eculaken tapi iyane magih jangget nang dhadhanisun. Sun geningaken ambi sun warahi.
“Isun bengen yara wis tau ngomong nyang Rika Dhik. Masiya Rika sing dadi rabinisun, Rika goleta wong lanang hang welas sejati nyang Rika. Isun pasrah Dhik merga wong tuwekrika sing ngerestoni Isun lan Rika. Rika Sunejak melayu bengen ya sing gelem, Rika milih pilihane wong tuwekira. Lare hang sugih bandha donya hang bisa nyukupi uripira. Sing wurunga Rika sakiki dadi randha."
“Iya Kang… manggane Isun nuruti omonganrika sing gedigi uripisun. Sakiki Isun nelangsa uripisun Kang, merga bandha donyane Emak lan Apak katut diedol nyang lakinisun. Gemet dienggo main remi lan mabuk. Serta keneng penyakit ginjel iku lakinisun ya ngedoli dunya tinggalane wong tuweke, pungkasane dadi lan patine."
“ Ws sing usah digetuni mula iki wis dadi lakon uripisun lan rika sing ana jodho mula sakiki dadi seduluran bain yah Dhik. Aran menungsa iku duwe lakon lan dalan dhewek-dhewek."
Ambi ngeculaken pelukanisun, sun weni tisu kang cemepak nang meja kon ngusapi iluh banyu matane. Sun pandeng kari tambah ayu lare iki sak iki. Sing kuwat rasane ati iki, ilng jaman bengen melaku sekolah keloronan matri janji urip bareng, tapi jodho sing keneng sakmunu. Menungsa mung bisa ngarep Gusti Allah hang namtokaken, kaya dauwan hang sing kuwat nahan gedine banyu mili, isun sing kuwat mbebeng iluh banyu mata. Isun mberak nang njero ati ambi sunpeluk lan sun ambungi rambute. Lamat-lamat suwarane gendhing "Impen-impenen". Iaun mberejag. Sun eculaken edheng-edheng pelukanisun. Kepingine arep sunrabi, naming isun wis duwe emake Sekar.
“Aju Rika nang Kelurahan mau ana perlu paran Dhik?”
“Isun njaluk surat pengantar kanggo ngurus passport arep megawe dadi TKW nang Hongkong Kang." Rungu semaure, atinisun saya perih kaya diiris-iris nganggo welad.
“Donganrika bain hang sunjaluk. Muga Isun balik merene bisa nggawa asil lan bisa nebus sawahe Apak hang diedol ruwahe. Isun njawab ambi ati hang tambah perih.
“Iya Dhik, Sun dongakaken Rika muga sing ana alangan paran-paran. Mulih bisa nggawa hang Rika karepaken. Amiiin. Sembah sujudisun salam nyang emak lan apak yah Dhik." Ambi salaman pamitan rasane tambah perih ati iki lan sing bisa mbebeng iluh banyu mata.
“Kaaang….. “ Isun ditabrak lan dipeluk ambi nangis ngugug ambi ngomong, "Kang saktemene welas iki mung kanggo Rika. Isun pamit yah Kang…. “ tapi tangane magih sungenggem kenceng kaya sing arep suneculaken. Pungkase isun sing kuwat tetep sun peluk maning, sun ambung rambute. Ana rasa getun nang njero ati, apuwa bengen sing milih isun, sakiki sing ana hang perlu digetuni, urip iki kudu dilakoni paran anane. Let sedela ngeculaken pelukan lan mbalik ambi magih mesesegen nyetater sepidhah montore.
Isun magih mangu-mangu ambi ngeceh-ngeceh bakso hang wis ngendal sing sun pangan.
“Pak Mantri, kok mboten dipangan baksone, mboten eco tah?" Jare Pak Gino.
“Mboten Pak. Eco cuma Kula empun wareg." Ambi mbayar bakso lan es teh, isun aju mangkat ambi mulih nggawa kerdhus indomie isine jeruk lan karung isine beras lan kacang ijo. Gadug umah wis soren marek asar. Sekar memengan anak-anakan ambi Enur nang teras umah. Weruh isun teka Sekar mapag melayu marani ambi mberak," Horeee apakisun tekaa….. Mbeta napa Pak teka umahe Adon? Cape emak Sabtu ajenge nginep nang umahe Adon nggih Pak ? Mbok Enur angsal tumut nggih Pak?" pitakone Sekar kaya mercon rentengan.
“Iya mbokira Enur ejaken pisan wis. Anang ambi Adon kangen nyang Sekar jare Sabtu kon merana arep dibelehaken pitik nyang Anang." Weruh Sekar obyog emake Sekar metu:
“Eh wis teka Kang? Kelendi kabare Emak lan Apak?"
“Alhamdulillah Dhik padha seger waras kabeh. Mula Emak lan Apak seru kangene nyang Sekar,“ ambi ngedhunaken kerdhus isi jeruk lan karung isi beras lan kacang ijo wong wadon katon njureng.
“Marek meluk sapa Rika Kang… kok ngganda lenga wangine wong wadon,“ belahi selamet untunge isun mau mampir nang serono tuku lengo wangi hang padha, ambi ngerogoh tas njuwut lenga wangi sun semprotaken nyang wong wadon. Wong wadon njerit mundur.
“Isun mau kudanan ngiyup nang ngarepe tokok aju tuku lenga wangi iki kanggo Rika, " nang mbatin," Selameet selameet."
"Kesuwun yah Kang, weruh bain Rika iki gok lenga wanginisun entek." Girang rasane ati weruh esem lan guyune emake Sekar. Isun melebu umah ambi nggotong beras lan kacang ijo. Wong wadon nggawa melebu kardhus indomi hang isi jeruk hang wis diedhel-edhel Sekar.
Kudus, 12 Juni 2016
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.