
Anggitane: Moh. Syaiful
(Minggu, 13 April 2025 08:52 WIB)
(Cerita Cendhek) Njelu Unyike Perawan
“Lara gering bisa dilakoni,” gedigu omongan tanggan-tanggane Sriyati weruh nyang nasibe perawan bakalane Sugiyat iki.
“Kang antenana Isun, Isun milu Rika..!” gedigu melung-melunge Sriyati ambi arep milu pati nyang bakalane hang wis sidhakep kaku nong pelanca buru bain diadusi. Untunge bain dulur-dulure Sriyati gancang nyandhak murungaken nyang niyate Sriyati hang arep bunuh diri. Anggone Sriyati, Sugiyat gandholane ati. Nana maning wis wong lanang Liyan hang bakal bisa didhemeni maning. Bangura iyane mati nututi bakalane iku dadi siji dipendhem ana ring kuburane, gedigu pantese usik nong njero atine.
“Sri… Sri.. engeta. Nyebuta Sira…!” saure Mbok Min ngengetaken adhike hang sing bisa ngelalekaken bakalane iku.
“Kadhung gedigi carane bisa edan lare iki, Min..!” gesahe emake nyang emboke.
“Sarat lan banyu ya wis digoletaken gadug endi-endi. Kelendi maning , Mak?” saure Mintarti nyang emake. Acake wong wadon hang endi hang sing arep edan kadhung ana kedadeyan gedigi iki. Lamaran buru bain ditampa ring wong tuweke Sriyati. Kari nganteni jebege bain Sugiyat ninggal donya. Ninggalaken Sriyati perawan ayu kembang desane Sugiyat, hang wis didhemeni sakat iyane magih lancing tanggung bengen.
Wis lawas uga Sriyati dhemen nyang Sugiyat. Sakat Sri magih perawan cilik iyane mesthi kemesar dhung diceluk Sugiyat. Alihe Sugiyat jaman semono magih durung duwe ati paran-paran nyang Sriyati. Tambah maning dhemene Sriyati keliwat-liwat serta wong sak kloron wis janji laki-rabi ring dina mburi, nggawa peningset wis ditampa wong tuweke keloron.
Mendhung peteng, langite kaya arep nyiciraken udan. Serngenge ya wis emeh mudhun teka bucu kulon ndhuwur perengan Raung. Wis mangkat samar wulu naming Sriyati magih nora bisa ninggalaken lemah kubure. Kuburan anyar hang ana ring ngarepe wis katon kaya kuwadhe. Wis entek rasane eluh temetes pitung dina pitung bengi lawase. Kepuse lemah kuburan lan paesan iki dudu merga banyune udan teka langit belaka naming uga merga tetes iluhe Sriyati. Dhengkule wis kemerotok, kemelethak garing merga lemah kuburan hang jangget sing dirasa.
Angger soren paceke Sriyati nyekar nyang kuburan. Sakat Sugiyat dikubur nong peturon langgenge Sriyati wis sing jenek umahe. Dina-dinane dientekaken nong kuburan. Sing leren Sriyati nyangking kembang nyekar nyang kuburan. Hang aran lemah kuburan sampek sing katon lemahe. Arum gandane lemah kuburan mung semebrung arume kembang. Kelir lan tulisane paesan mung katon maneka rupane kelir kembang kirim.
Wis telung dina iki Sriyati sing gelem diajak mulih teka kuburane Sugiyat. Sedurunge Sriyati magih bisa diapus-apusi diajak mulih. Kabeh dulure pungkasane bisa ngarteni nyang kelakuane Sriyati. Dipikir tinimbang edan bangura dituruti paran hang dikarepi.
Getune Sriyati nora ana surude. Nyatane wong lanang hang wis bakal dadi lakine wis tega ninggal melaku sulung. Sugiyat melaku nyang panggongan hang adoh. Sugiyat wis manggon ana ring alam kelanggengan. Alam hang dadi panggonane hang sing bakal bisa digape Sriyati. Iyane mung bisa nunggoni Sugiyat nong ndhuwure lemah kuburan temepel nong paesan anyar.
Telung dina iki uga angger ngarepaken magerib emboke hang aran Mintarti mesthi marani nyang kuburan ngajak mulih nyang Sriyati. Ya mung emboke iki hang bisa ngelus atine Sriyati. Anggere Mintarti marani nyang kuburan Sriyati sing bisa nulak. Pungkase iyane mesthi bisa diajak mulih.
“Ayo Kang, mulih nganu paran rika meceger ring kene iki,” omonge Sriyati aleman ambi nggandheng wong lanang hang sakat mau meceger nong ndhuwure kuburan. Ndilalah dina iki Mbok Min lali nyusul nyang adhike ring kuburane Sugiyat.
“Wong-wong iku hang saktemene edan ya, Kang… Rika kari seger waras jare diomong mati.” Sriyati ngajak ngadeg wong lanang hang pawakane tegep lan kulitane rijik iku.
Wong hang lencir kuning iku sing nulak nyang ajakane Sriyati. Rambute hang ngandhan dicukur cendhek iku katon gemilap disorot serngenge soren hang wis arep mapan turu. Iyane aju ngetutaken lakune Sriyati. Padegane hang kukuh sanggup nampa nyang tangane Sriyati hang temelung nong kempenge hang sigeg. Tangane hang jaya katon nggandheng nyang tangane Sriyati hang sing gelem pedhot teka pelukane.
Kariya dhemen atine Sriyati nyaruki bakalane maning. Kayadene donya iki duwene wong jakloron. Melaku keloron sakdawane dalan kaya penganten hang diarak ngubengi desa. Sing ana pedhote Sriyati mandeng nyang rupane wong lanang iku. Wong lanang hang peraupane rijik semorot nyenengaken atine. Tangane gandholan rapet kaya emong dicoplok maning. Melaku mulih nyang umahe kariya kerasa magih adoh dalane.
“Isun gindhongen… Ya Kang.” Penjaluke Sriyati kemewed. Wong lanang iku sing nulak penjaluke Sriyati. Iyane mung nuruti ambi munyik nyang peraupane Sriyati hang wis katon acum.
“Sedhela engkas Rika lan Isun penganten Kang.” Sriyati ngomong edheng nyang kupinge hang nggindhong. Suwarane kaya wong bisik-bisikan ambi munyik nemu dhemen nong pelukane hang lanang. Koyo nggesuh ati hang tatu sak lawase iki. Wong lanang iku ya mung mbales munyik. Sakat mau iyane sing patiya ngomong. Kabeh omongane Sriyati mung disauri unyik. Lambene katon manise merga murah unyike.
Yung-layung temiyung tayongane wong jakloron wis ilang saiki. Hang ana mung jangkah jejege Bambang wong lanang hang nggindhong Sriyati. Bambang pancen ya jaya kadhung Sriyati bain sing ana bobote anggone Bambang. Merga Bambang wonge patheng megawe sing beda ambi Sugiyat. Apuwa Bambang memper Sugiyat, merga Bambang iki ya bapake Sugiyat hang wis suwe bara ana ring kutha saiki teka ana ring kene.
Ring umahe Sriyati kana wis rame wong hang nganteni. Mbok Min hang rumangsa lali ngurusi adhike dina iki, marani gancang nggudhak nyang wong jakloron. Wong lanang iku sing nggindhong maning nyang Sriyati. Iyane ngelungaken Sriyati teka pondhongane nyang Mbok Min lan dulur-dulure hang sakat mau nganteni.
Mintarti gancang digape adhike mari gedigu emake aju nguber nututi.
“Sri…Sri…” Mbok Min ngugah adhike hang sakat mau merem. Hang dikarepi gancanga adhike tangi kaya biyasahe. Sriyati sing ubah mung lambene bain hang munyik. Unyik katon seru adheme. Njelu nong pinggirane lambene. Kaya-kaya unyike wong hang mari dijaluk diweni penyingset bakale.
“Sriiii….!” Emake njerit sak dawan-dawane aju gemebluk sing enget paran-paran.
“Mentala Sira ninggalaken Isun, Sri…!” suwarane Mbok Min kaya bolak-balik. Bolak-balik suwarane kaya suwara ring perengane gunung hang dhuwur. Sriyati sing semaur matane wis merem tangane wis mangkat kaku lan njelu naming unyike kaya unyike penganten wayah surup ring tengah kuwadhe.
Note: Ditulis teka kedadiyan sakbenere Sugiyat lan Sriyati dadi cerita cendhek
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : dokumen pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf