Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 07 Februari 2021 07:18 WIB)

(Cerita Cendhek) Pelasan Uling lan Maratuwa


Mari subuh, Samsul gugah-gugah hang wadon dikongkon gancang tangi. Iyane buru mulih teka ngeludhang kicir hang dipeleng ring banyu mburine umah. Sawangane kicir hang dicangking katon rada anteb. Abete ulihe rada akeh, polae mari belabur biyasane akeh iwak hang padha nyangsang.
Ambi magih rada ngantuk, Komariyah ngengekaken lawang. Samsul sakkal ndelodog bain melebu nyang pawon njuwut timba ambi irig. Agage kicir disuntek nyang timba, iwake padha kemerutug ceceran nyang njero timba.
“Byek Kang, kari akeh ulihe Kang," abane Komariyah ambi setengah kaju.
“Iya Dhik, rejeki iki. Maning akeh lelene, gedhi-gedhi pisan," Samsul nyauti.
Samsul nyandhak irig aju njuwuti lelene dilebokaken nyang irig. Atine rada semendhal lan langsung njingkat weruh ana uling hang katut melebu nyang kicire. Uling hang gedhine sak lengen iku katon kesit kudu-kudu nak metu teka njero timba.
“Alhamdulillah... Dhik, ana ulinge siji. Kari tepak nyang impen yah," suwarane girang.
“Iya Kang, doyananrika iku,” Komariyah milu girang pisan.
Komariyah mbetheti lele ambi wader. Samsul ngerjigi uling ring sandhinge hang wadon. Atine sing mari-mari girang ulih uling. Sing leren-leren iyane ngomongaken pelasan uling nyang hang wadon.
“Dhik, uling iki pelasen hang pedhes yah," kongkone nyang rabine.
“Iya tah wis Kang, aja kuwatir mariki Sun tandangi.” 
“Dhewekena yah, pokoke aja ana hang ulih nguthik kadhung Isun durung mangan.”
“Masaalah aja kuwatir Kang," semaure Komariyah ambi rada mongod.
Komariyah mangkat nggawe ragi arep enggo olah pelasan. Samsul ngamet godhong gedhang ring mburitane umah. Samsul nulungi rabine sedhilut aju adus ring cedhing.
Wayah wis jam setengah pitu isuk. Samsul pamit melaku megawe nyang hang wadon. Samsul megawe nang PDAM bagian pelayanan teknik lan pemasangan. Sak mungkure Samsul melaku megawe, maratuwane hang aran Juned teka nyambang Komariyah. Man Juned gesah-gesahan ambi anake. Komariyah cerita kadhung lakine mari meleng kicir ulih lele ambi uling. Kaya dene mantune, Man Juned ya seru doyane nyang pelasan uling.
“Beng, ulinge Sira kapak?” takone Man Juned.
“Biyasah Pak, dipelas. Jalukane Kang Sul," semaure Komariyah.
“Enak iku Beng, Isun arep. Lawas sing tau mangan pelasan uling.”
“Ya nedhaa Pak, Kula papakaken kadhung Ndika ajeng nedha," Komariyah nawani.
“Engko bain wis, Isun magih wareg," semaure Man Juned ambi nyandhak kopi ring lumur.
Ngarepaken bedhug, Man Juned kerasa ngantuk aju njaluk turu nang jerumah. Komariyah nyingkrihaken lumur ambi piring nyang pawon.
“Tilema sulung wis Pak, Isun arep nyang banyu asah-asah," Komariyah pamitan.
“Iya Beng, Isun nak turu sulung, rasane kari ngelempuh," Man Juned mapanaken awake.
Komariyah melaku nyang banyu. Ring jerumah, abane Man Juned turu rada ngorok. Maklum bain uwong wis tuwek lan kekeselen megawe ring tegalan.
Wayah wis jam siji. Samsul wayahe mulih megawe. Komariyah wis mari nyepak-nyepakaken sega ring meja. Iyane wis paham kadhung rabine wis wayah mulih.
“Assalamu’alaikum...” abane Samsul uluk salam.
“Waalaikumussalam, wis teka tah Rika, Kang?” Komariyah njawab salame rabine.
“Kathik takon yah, gancang pelasan ulinge etokena Isun elom nak madhang.”
“Iku Kang, wis Sun semandhingaken ring meja.” saure Komariyah tut buri nang rabine.
Samsul langsung lungguh ring ngarep meja mbukak tutupe sega ring meja. Sing kathik ana suwarane nyandhak piring aju imbuh setengah ngek. Agage dibukak pelasan uling ring ngarepe aju mangkat madhang ditunggoni Komariyah hang lungguh adhep-adhepan.
“Kelendi Kang, enak tah pelasane?” takone nyang rabine.
“Byek kari wenak pelasan uling iki Dhik,” saure ambi muluk sega.
“Aja dientekaken tah Kang, Bapak umanana,” jaluke Komariyah.
“Sing kathik, kadhung digi iki ana maratuwa masa kira Sun reken Dhik," saure sugal.
“Halah, endane tah Kang sampek semono?” takone Komariyah ambi setengah gemuyu.
“Paribasane njaluk sak pelas sing kira Sun uweni Dhik. Sun belani sontogan,” jawabe.
“Wani tah Rika Kang, sontogan ambi Bapak?” ambi rada nggacah.
“Ya wani Dhik, barangan Bapak kari cilik gering digu yah, Sun sumpetaken nang uwangan sing bisa ubeg wis Dhik," semaure saya ndadi.
Samsul sing ngarti kadhung Man Juned teka nyang umahe nyambang Komariyah lan ngadeg nang mburine Samsul madhang. Lungguhe saya tenek mangan pelasan uling doyanane. Komariyah hang ana ring ngarepe katon munyik-munyik nyawang tingkahe hang lanang. Iyane sing ngomong nyang rabine kadhung Man Juned wis ngadeg ring mburine iyane.
“Ehem.. ehem..” Man Juned dhahem sing kathik ngomong.
“Apuwa Sira dhahem-dhahem?” sing kathik nulih sapa hang dhahem.
“Ehem... ehem...” Man Juned sing semaur.
“Arep njaluk pelasan uling iki tah Lik?” dikira hang dhahem iku anake.
“Iya, Isun nak njaluk pelasan ulinge," semaure Man Juned.
“Aja capak Sira Lik, anangira njaluk Sun belani sontogan," semaure aos temenan.
“Wani temenan Sira sontogan ambi Isun, wis atos tah belungira Lik?” abane Man Juned.
Komariyah mung bisa ngempet guyune hang ketheng sing bisa metu. Matane sampek ngiluh ulihe ngguyu hang lanang durung sadhar kadhung hang ditantang sontogan iku mertuwane. Tangane ambi nduding nyang Man Juned.
“Ngguyu paran Rika Dhik, wong madhang gok diguyu," magih durung sadhar.
“Nuliya memburi tah Rika Kang!” kongkone Komariyah.
“Ana paran?” ambi ngingser awake nulih memburi.
“Sira wani temenan ngajak Isun sontogan? Ayo metu nang mburi," ajake Man Juned.
“Yeh,, Ndika Pak...?” Samsul temungkul kemisinen ambi ngalih edheng-edheng.
“Ayok mangkat sontogan!” abane man Juned ambi mendelik.
“Mboten Pak.... Kula mboten wantuuuuun......” 
Samsul melayu metu ambi kesumpet-sumpet sing ngereken maning nyang pelasan ulinge hang durung entek. Man Juned ambi Komariyah sing mari-mari ulihe ketheng nulih Samsul hang ilang sing ana amput-amputane.
 
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Cerpen Satria

Editor: Antariksawan Jusuf