Anggitane: Antariksawan Jusuf
(Minggu, 04 April 2021 09:09 WIB)
(Cerita Cendhek) Peringsilan Kari Siji
Lohor wis liwat sithik. Panas kementhang. Ahim nong ngarep kaca rasa garuan rambute hang mung sithik. Lare kelas 3 SD Tegalloji pareke Taman Blambangan iku arep mangkat sekolah. Kaya biyasahe melaku teka Lateng liwat Temenggungan, ngampiri kancane, liwat kantor polisi wetane Taman Sritanjung aju ngetanaken liwat tokok-tokok sembarang kalir. Gadug Biskalan nyabrang sithik liwat ngarepe Gedung Juang, umahe pak Koramil aju nggadug sekolahe. Sakat rong ulan iki, lalare kelas 3 lan 4 keneng aplusan melebu bedhug.
Setemene ya rada aras-arasen. Wayahe lalare liyane turu mulih sekolah, iyane lan kanca-kancane kudu mikiri soal matematika. Taping ya kelendi maning.
Pamitan ambi emake, Ahim disangoni limang rupiah. "Mulihe aja mampir-mampir maning ya, paran maning ndeleng tukang sulap, engko peringsilanira ilang siji kadhung keneng sulap."
Picis limang rupiah, keneng dienggo tuku kerupuk seringgit, diakehi sambel petise. Pokoke tepak nugel kerupuke kudu ati-ati mergane tau pisan tepak nugel kerupuk, hang setengah melencat temebluk nong lemah. Kaya diabraki, kancane padha rebutan ngidek-idek kerupuke mau. Ngenes rasane ati. Kerupuk perecet hang rada manced iku mau kari magih katon kewela-wela. Utawa hang lebih bahaya maning kaya hang dirasakaken kancane hang aran Doni. Seru hing ati-atine, sambel petise hang cemeng taping akeh wiji loboke hang mencelat nong matane. Nana aran kerupuk sakkal dibuwang, iyane ngetepeng melayu nong cedhing sekolahan nggoleti ledheng. Aju matane digerojog banyu. Taping ya magih hing bisa sakkal aron. Matane abang metu iluhe kaya lare nangis, embuh perih embuh Doni mula gembeng. Pungkasane taping ya enak, Doni marek iku dikongkon mulih hing milu sekolah. Ambi nekepi matane hang keneng sambel petis, iyane njuwut tas-e aju mulih nunggang becak. Matane Doni kaya wong pethong. Sakat iku, Doni diceluki kancane Doni Pethong.
Picis limang rupiah ditukokaken kerupuk susuk seringgit, biyasahe ditukokaken es teh manis ulih sak gelas. Gorokan hang kesereden sakkal lega kaya marek adus-adusan nong Boom. Kadhung tepak apes kaya kapanane kerupuk hang magih setengah gedhi temebluk aju diidek-idek ambi kancane, hing ana pilihan maning, picis seringgit ditukokaken maning kerupuk, ngombene kari melayu nong cedhing ngokop banyu ledheng. Kurang patiya enak polae hing ana es wungkule.
Teka Lateng, Ahim melaku ngeliwati Kali Kajian panggonane cebur-ceburan bedhug-bedhug marek wong-wong tuwek sembahyang nong langgar. Hing bisa temencogan sedurunge bedhug. Polae marek sinyongan teka ndhuwur temboke, banyune ketuh. Wong-wong hang arep sembahyang hing bisa adus enak, banyune buthek. Kadhung using, nana kuping diciwing kaya kerupuk garing.
Ahim ngampiri kancane hang manggon ring Temenggungan hang aran Edi. Larene pinter merga emake dadi guru embuh nong SD Pengantigan tah endi. Enak kadhung ana kancane melaku ambi bisa gesah hing kerasa nggadug sekolahan. Paran maning ambi Edi, diliwataken lopongan-lompongan ciyut, ring antarane umah-umah gedheg. Aju milu ngerungokaken pisan omongan hang duwe umah.
Tau, tepak Edi liwat lompongan, ana lare wadon njaluk picis diuwel emake.
"Ambi gurune kongkon nyumbang, nggih Mak. Jare arep dienggo nyumbang wong hang keneng bencana kelaparan nong NTT," abane lare wadon.
"Nyumbang kelaparan kelendi? Kene dhewek hing weruh paran hang dipangan engkisuk," semaure emake.
Ahim aju rungu lare wadone mingsek-mingsek. "Isun isin diuwel pak guru nggih Mak..."
"Warahen gurune kongkon merene, kongkon nyumbang emak sulung sedurunge nyumbang wong adoh..."
Ahim ambi Edi hing wanen mandheg, wedi keneng uwel pisan.
Mulih sekolah biyasahe liwat Kampung Melayu. Ring pertelon kulone dokter Mulyadi kadhung wis soren-soren digi ana tukang sulap arane pak Mustapa. Wonge hebat. Iyane bisa nyiwing lare hang hing manut teka kadohan. Lare hang arep melayu aju mara marek maning ambi nyekeli kupinge.
Hang hebatan maning tepak iyane ngetokaken ula sawa teka tas-e. Ulane melingker-lingker nong tangane ambi ngetokaken ilate. Medeni. Taping ya nggarahi kepingin ngogrok milu ndeleng ula.
Ahim enget wekase emake hing ulih ndeleng tukang sulap, aju ngejak Edi gancang mulih.
Sak dawane dalan Ahim tangane melebu nong seruwale nyekeli peringsilane, wedi ilang siji.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)