
Anggitane: Satria Pujangga
(Minggu, 05 September 2021 11:06 WIB)
(Cerita Cendhek) Randha Kepus
Man Dolah, pirang-pirang dina iki katon metenggengen thok. Isuk soren kantru-kantru lungguh nang pelataran umahe. Katone ana hang dipikiraken, maklum bain wis telung ulan ditinggal mati rabine. Wangune iyane wis sing kuat urip dhewekan, mangan dhewek, turu dhewek lan umbah-umbah dhewek. Kadhang Man Dolah lungguh ambi gendhingan ngudang atine dhewek.
“Byek kari keranta-ranta gendhinganrika, Man.” abane Saderi nyapa Man Dolah ambi melaku nyang sawah arep nyingkal.
“Iyo Lik, Isun mula keranta-ranta sakat ditinggal wong wadon.”
“Ya rabiya maning Man, makene ana hang ngerumat lan ngeladeni Rika iku.”
“Iya endane Lik, ya goletena tah. Endane magih ana hang dhemen nang Isun, Lik?” semaure man Dolah ambi rada semangat.
Saderi mandheg milu lungguh gesah ambi Man Dolah. Weruh Saderi mandheg, Man Dolah ngetokaken selepi udhud gintiran. Gedhang goreng hang magih anget ambi kopi ring mentrong ya disuguhaken nyang Saderi. Saderi nyandhak selepi hang cemepak ring ndhuwur meja ngarep umahe Man Dolah. Saderi mangkat nggintir papir lan bako aju dicolok.
“Bakone enak man, sing kariya ampeg, sedhotane ya entheng.” Saderi nyedhot udud gintirane.
“Iya Lik buru mari tuku ring pasar reboan sore. Kelendi tah Lik, ndane temenan Isun magih payu rabi maning?”
“Jeh, Rika Man. Aran wong lanang iku masiya pudhot mesthi payune. Arep golet perawan ya magih bisa,” saure Saderi ngeyakinaken atine Man Dolah.
“Iya endane Lik?” Man Dolah rada sing percaya nyang omonge Saderi.
“Dhung jare Isun hing usah golet perawan wis Man, randha bain. Paran maning randha kepus Rika, wis tah bakale seneng urip Rika,” Saderi nggeredho Man Dolah.
Man Dolah ambi saderi gesah ring ngarepan ambi sedhotan udud. Kopi ring meja sampek anyeb sing diuthik ketungkul gesah. Wong loro gesahe mula kari enak sampek lali nyang sekabehane. Man Dolah lali nyang kopine, Saderi lali arep nyingkal ring sawah.
“Omongan Sira ana benere Lik, kadhung gedigu Isun nak golet randha kepus bain, jare Sira makene enak uripisun,” Man Dolah atine katon seneng.
“Iya Man, kadhung wis nemu ngomonga nang Isun. engko Isun wis hang nari," abane Saderi
“Iyo Lik, sak cepete. Isun sing serantan pingin urip enak.”
“Man, Isun nak melaku nyingkal wis padhang selak panas.”
Saderi pamitan nyang Man Dolah nak melaku nyang sawah. Saderi ngadeg nyandhak singkale aju dipikul melaku ngulonaken nyang sawahe Aji Hasanah. Man Dolah magih mangu-mangu lungguh ring ngarep umahe ambi mikiraken gesahe ambi Saderi mauka.
Ulih seminggu, Man Dolah gupuh-gupuh melaku nang umahe Saderi. Rupane katon girang, wangune kaya wis nemu bakal rabi. Gadug ngarepe umahe Saderi, sing kathik uluk salam langsung celuk-celuk rabine Saderi.
“Beng... Saderi ana?” takone Man Dolah
“Tasih nang banyu ya Man, tapi mantun niki dugi, Ndika melebet kerin.”
“Iya Beng,” Man Dolah lungguh ring pelanca.
“Abete kari penting Man," takone Maryati.
“Iya Beng penting temenan.”
Man Dolah lungguh nang pelanca wis sing serantan ngenteni Saderi. Maryati melebu nang pawon arep nyorotaken kopi kanggo Man Dolah. Sing suwi Saderi wis teka aju mara nang Man Dolah.
“Kari penting abete Man, enten napa?”
“ Ya jare Sira ika, Isun arep njaluk tulung nang Sira.”
“Nedhi tulung napa Man?”
“Nari randha, Isun wis nemu randha kepus hang jare Sira Isun kon golet ika yah," suwarane Man Dolah ngatonaken girange.
“Temenan tah Man, kari gelis. Wong endi Man, wong adoh tah?” Saderi seru kepingin weruh.
“Using Lik, wong kene bain.”
Maryati metu teka pawon nggawa wedang kopi ambi lempog sawi. Disuguhekan nyang wong loro hang gesah iku. Wong loro ngendhegaken gesahe sedhilut, nyorot kopi ambi mangan lempog sawi.
“Sapa Man randha hang Rika maksud?” Saderi takon.
“Mbah Lebuh Lik," saure Man Dolah entheng.
“Hang bener apuwa Man, wong wis tuwek kisut kabeh, untune entek iku?” Saderi kaget rungu semaure Man Dolah.
“Isun kan nurut omonganira Lik, kon golet randha kepus. Ya Mbah Lebuh iku Lik randha kepuse.”
“Gok Rika bisa ngarani Mbah Lebuh randha kepus kelendi Man?”
“Isun sore tepak melaku nang wakap kecaruk Mbah Lebuh mulih teka tandur. Awake kepus kabeh.”
“Huahahahaha.... iku masa randha kepus Man, iku arane randha geblesan keneng udan," Saderi ketheng gemuyune.
“Ya bener kan geblesan mari keneng udan makane awake kepus. Isun ngarani iku ya randha kepus Lik.”
Ring pawon, Maryati hang rungu gesahe lakine ambi Man Dolah ya gemuyu pisan sak anter-antere. Iyane sing leren ulihe ketheng rungu semaure Man Dolah nemu randha kepus hang arep dirabi.
“Randha kepus iku masa iku maksudisun Man," abane Saderi ambi sing bisa nahan guyune.
“Terus hang kelendi Lik?” takone Man Dolah.
“Randha kepus iku maksude randha hang sugih akeh sawah lan kebonane Man. Duwe sapi pitung pasang, dadi Rika sing repot golet pangan Man.”
“Yeeee... jare Isun ya randha hang awake kepus Lik. Kadhung gedigu wurung bain wis Lik," saure Man Dolah ambi ngadeg.
Sing kathik pamitan maning, Man Dolah metu teka umahe Saderi ambi getun sing mari-mari. Serang getune, iyane sing tulih-tulih melaku metu sampek ketampes lawangane Saderi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerpen Satria
Editor: Hani Z. Noor