Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 22 Maret 2020 09:31 WIB)

(Cerita Cendhek) Salah Donga


Kelas XII AK2. Tegese kelas 3 jurusan Akuntansi. Kelas hang mula nana lanange. Kemeriyek isine mung terembini. Sekelas kabehe ana telulikur—lare wadon.

Ana enak lan sing enake nduweni kelas hang isine wadon kabeh. Kadhung pas mari pelajaran olahraga, bisa langsung salin kelambi ring jero kelas. Taping kadhung pas urusan maku-maku lan masang pigora, nyolok LCD, kudu dibelani penekan nyang kursi lan meja.

Saben-saben lohor wayahe sembayang, kelas XII AK2 iki diurak-urak kaya manuk miber hang dieculaken teka kurungane

Ring kelas iki, ana murid hang dititeni ring guru hang aran Pak Kris. Merga larene sing aseli Banyuwangi. Larene kelairan Makassar, ngalih teka kana merene. Sing bisa basa Usingan. Sedina-dina basa Indonesiaan.

Arane Ghina, kelairan taun 1996. Mula paling enom ring kelas hang rata-rata kelairan sangalima. Kulitane rijig, lengo wangine sing tau ganti, bisa dititeni. Merga iyane mesti ambu minyak telon kaya bayi buru mari didusi terus diwedhaki. Omongane alus, sing kaya kanca-kanca liyane hang umume ceplas-ceplos sing ana erime. Taping bahasa Inggrise larene ngeciwis, dhung ning kelas dhemenane nyetel lagune Justin Bieber.

Ada yang berulang tahun ya?” Takone Pak Kris, ring tengah-tengahe mulang. Lare-lare sekelas terus pating tulih-tulihan lan takon-takonan.

Siapa Pak?” ketua kelasisun balik takon.

Itu yang duduk paling belakang...” Kabeh padha nulih memburi. Abete Nopi hang lungguh ambi Ghina wis nduding kanca ring sandhinge iku. Ghina munyik-munyik, raine abang. Lalare buyek pating nak nyalami Ghina.

Besok datang ya ke rumah, kalau kalian nggak ada acara...” indange Ghina, edheng-edheng mari disalami lare-lare.

Kadonya mana Pak Kris, buat Ghina?” ketua kelasisun mula dhemen sewo.

Nanti ada....” ucape Pak Kris, langsung dikauki lare sekelas. Buyeke ngalah-ngalahi kaya supportere tembung kala ana classmeeting.

Ya wis mula digu iku arane kelas isine mung babon.

***

Ngengeti dina laire Ghina, kabeh diundang teka nyang umahe kanggo selametan sega kuning.

“Sapa bain iki kesuk hang bisa teka?” Takone ketua kelasisun nyang lalare, mungkure Ghina. Lalare seja rembugan ring kelas, sak uwise abane bel mulih. Mesisan ambi ana hang piket.

“Jarisun, ya hang bisa bain wis. Biyasahe akeh hang mulih yara engko iki?” Jawabe Kadek, umahe ring Tukangkayu. Enget gok dina Sabtu, kanca-kanca hang ngekos—umahe ring kidul-kidulan—angger mulih kampung.

“Isun milu...” abane Fiyah, umahe Pondoknongko.

“Dungaren Rika! Sing pengajiyan maning tah?” Saute Lutfi hang umahe ring Dadapan kana, tangga desa. Dhemenane mula nggacah.

Fiyah iki larene kudungan, dhemenane kudung celokopan lan njelewer. Persis kaya Bu Aji. Mugi bain bisaa dadi Bu Aji temenan.  Lagotane Fiyah angger presentasi salame paling paseh, lalare dhemen nirokaken. Kadhung tepak Fiyah maju mengarep kelas, lalare seja meneng celakep. Polae ambi nggeredho larene. Uteke Fiyah encer seru kadhung wis pelajarane Pak Mukhlisin, pelajaran Matematika. Fiyah uga dadi andalan nurun PR Perpajakan, pelajarane Pak Razak.

“Hing Bik. Pengajiyan terus ndane. Refreshing tah sulung, milu nyelameti kanca...” Basane Fiyah, angger-angger nyang kancane nyeluk "bibik." Kadhung jaman saiki kaya basane bro, guys, sist, digu ika.

Gancang disauti nyang Lutfi, “E, Fiyah ning umahe Ghina ape ngising lare!” Sakkal lalare sekelas kekel. Fiyah hang digacah sing muring. Iyane milu gemuyu meringis—merinci, untune sampe kaya garing.  

***

Umahe Ghina ana ring Perumahan Villa Bukit Mas. Pareke Gentengan.

Fiyah temenanan teka. Larene ruwed ngujeti lemper. Ana Lutfi, Kadek, Windi lare Pendarungan, Mila hang umahe Lateng, Nila Kemiren, ketua kelasisun, kabehe hang teka ana sepuluh, sewelas ditambah isun.

“Kari tanek yuh, hang ngantem lemper...” Abanisun mara lungguh nyang sandhinge Lutfi, ambi ngabani Fiyah hang ngemplok lemper. Tekanisun mula rada kantil.

“Entek lima wis!” Ujare Windi, ambi nyesepi jeruk kari sakjuring.

“Iku hang katon. Hang sing katon?” Lutfi mangkat nggacah.

“Hang sing katon ya tuyul Bik...” Fiyah ngakak-ngakak. Lare-lare pisan.

“Deeeh hang umahe parek kari isuk ag gok teka!” Kadek mencepi isun, ambi menyod-menyodaken lambene hang tipis.

“Macet! Hahahaaa...” semaurisun.

“Makasih ya temen-temen, udah mau datang.” Ghina njumbul. Kaya biasahe, wangi minyak telon semelewet wanter. “Yuk ke belakang yuk. Makan!”

Firoh langsung nyegah. “Biar didoain dulu Ghin...”

“Ayo Fi, megawe. Aja badhogan bain!” Ucape Kadek, ambi mencep-mencep. Mula digu iku potongane larene.

“Kok isun?” Fiyah arep sing gelem.

“Enggo paran adoh-adoh Rika teka, apan sing manpaat?” jare Lutfi, rada serius.

“Uhuuuuuy” abane lalare emeh barengan kabeh. Antarane ngauki Lutfi, uga nyuraki Fiyah.

“Gaaaarussss...” Ucapisun. “Angkatana wis. Mane gage nyendhok...” Abanisun maning. Lutfi langsung nabok ugel-ugelan dengkulisun, isun mung merinci.

Fiyah terus hang ndungani, paceke mesti suwi. Dungane dawa. “A’udzubillaahiminas-syaithaaniraajiim.......”

Ambekana Fiyah kerep digudhani lalare, iyane sing tau muring sampe sing nyapa nyang kanca. Atine mula jembar.

Kabeh padha temungkul aamiin-aamiin. Ghina ya semunu uga, temungkul ambi merem. Tengah-tengahe ndunga, Fiyah mandeg. Ale durung mari gok ndungani.

“Allaahumma baariklanaa fiima rozaqtanaa wakinaa ‘adzaaban-Naar. Rabbanaa aatinaa fiddunya hasanah.......”

Isun hang maune temungkul wis khusyu’, rada buyar. Fiyah mungkasi dungane, terus nutupi raine nganggo delamakan tangane. Sakkal lalare, pada tulih-tulihan ambi gemuyu.

“Sing salah perungon ta iki mauka?” Isun takon-takonan nyang Lutfi hang wis sulungan gemuyu.

“Eh biyasahe dongane sing gedigu youh..”

“Sepurane.. Sepurane... Muka lali!” Fiyah mbelani awake dhewek.

“Fiyah gupuh lare...” Ucapisun.

“Ketang kari dhawa gok ndonga. Cendhek sing paran-paran, hang penting nggadug merana.” Abane Lutfi maning, serius ambi nduding mendhuwur.

“Byeeek, mariki Fiyah ana saingane saiki lareeee.” Ujare Windi mencepi Lutfi hang tomboy. Lalare terus kauk maning.


Cerita Cendhek iki tau ke-uwot ring Tabloid Bisnis Banyuwangi, edisi 14 Januari 2018
Kanggo ngengeti kanca-kancanisun, XII AK 2

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tabloid Bisnis Banyuwangi

Editor: Antariksawan Jusuf