Anggitane: Vika Varia Matovana
(Minggu, 23 April 2023 06:58 WIB)

Cerita Cendhek: Saripah


Isun nganteni nang kene sakat isuk. Surup mau wis melaku teka umah. Isun arep nagih janji nang Apak. Jare isun arep ditukokaken kelambi anyar. Kurang limang dina maning wis takbiran. Isun iri ambi Latipah hang pamer kelambi anyar werna abang. Sandhale werna kuning lan ana tas cilike, ngembari werna kuning pisan. Kadhung sun deleng, lebaran iki Latipah katon kemeromong. Berarti isun hing gelem dhung Apak nukokaken penganggo werna hang padha ambi Latipah.

Sore Apak janji arep teka isuk. Tapi isun emong nganteni nang umah. Emak sakat isuk wis muring-muring, mbantingi piring lan jembung. Emak ya kerep nyethut lengen lan pokangisun sampek biru. Arep nangis wis kesel kabeh. Dadi angger Emak muring, isun gemuyu.

“Nganu paran nang kono, Beng?” sapane Wak Jamil ambi nggawa tobos arep menyang pasar. Isun males njawab. Wak Jamil wonge gampang nggeridho.

“Kari sombong, ya!” suwarane Wak jamil nggarai kuping panas.

Sun deleng nang pertelon, magih sing ana kelerepane apak teka. Eh ndane apak dodol es kari garus  sampek jam semene durung mulih ngumah? Kadhung iya, berarti apak nggawa picis akeh. Pokoke isun arep njaluk kelambi anyar telu. Makene keneng dienggo salinan angger dina tepak lebaran.

Isun duwe karep, kadhung lebaran arep ngelencer nang umahe anang hang nang Sukojati lan adon hang nang Pasarejo. Anang lan adon wonge eloman. Kadhung isun teka, picis kenthingan hang disimpen nang celengan langsung dibedhah. Picise engko enggo sun tuku mercon litik lan kates.

“Muliha, Beng. Wis bedhug iki ak!”

Isun apal kadhung iku mesthi suwarane Kang Sapar. Kang sapar magih dulurisun, wonge apikan. Tapi isun magih males ngomong, dadi sing sun sauri wis sapane Kang sapar mau.

Bolak-balik isun ngadeg lan ndeleng pertelon. Apak magih hing katon. Panas kementhang gedigi, wis bisa sun pasthekaken dodolane apak garus. Kadhung dodolan, apak nganggo gula aseli. Iku hang nggarai wong dhemen tuku. Kadhung ana sisa dodolan, bagiyanisun hang ngentekaken. Tapi ya digu, emak muring maning. Kadhung isun kakehan ngombe es, jare emak isun gampang kadheman. Isun sing perduli, tetep bain nyerot es. Pungkasane Emak nyetholi isun lan mbantingi piring maning. Hm, isun wis tuwuk ndeleng emak muring-muring digu.

Godhong randhu wis hing bisa nggarai silir. Kerungu suwara adan, tapi embuh adan paran iku. Jare Kang Sapar mau wis bedhug. Berarti iki wis jam rolasan. Isun sing perduli. Pokoke isun kudu ngadhang apak aju sun ejak nang pasar.

Kelambine Latipah sakat sore wis nganggu pikiran. Isun sing gelem dhung nganggo kelambi lawas. Merga kelambi lawas wernane abang. Dhuh, gulakane padha ambi Latipah. Pokoke isun sing gelem!

“Magih nang kene lareki, ya! Emeh surup iki ak. nawi ana dulit utawa gandaruwo kelendi aju?”

Wak Jamil liwat maning. Suket segunung ngisi tobose. Isun magih sungkan njawab, geningena wis Wak Jamil bolak-balik. Apak gubab maning. Isun wis kesel nganteni. Apak nggedobos maning. Isun arep muring kadhung apak teka.

Isun Saripah. Saiki isun nganggo kelambi werna eh werna paran iki ya? Werna sokelat langsung nempel nang belung. Isun magih ayu masiya untunisun wis ilang loro. Rambutisun dawa werna tembaga. Kadhung weruh isun nang kene, tulung aja disapa wis. Isun arep muring. Akeh hang wis ngapusi isun. Apak, sun enteni rika sak tekane nang kene.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Vika Varia Matovana

Editor: Hani Z. Noor