(Cerita Cendhek) Sate Welek
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 28 Januari 2024 06:06 WIB)
- Kolom Bahasa Using
_Sate_Welek-54935.jpg)
Isuk kerasa adhem, lebih adhem timbang biyasahe. Malah kerasa njelu kanggone Ahim. Iyane saya melungker. Emake wis ping pindho nyeluk ngengetaken.
"Lik, gancanga tangi, selak bedhug. Kasep engko subuhane," jare emake ambi tandang ring pawon.
"Enggih, Mak," Ahim ngerasa gorokane ya abot dienggo ngetokaken suwara.
Setemene dina iki Ahim magih aras-arasen melaku sekolah. Sore iyane ditakoni gurune kapan mbayar SPP lan buku LKS. Sak kelas ana lare loro hang ditakoni merga kasep mbayar. Tapi kelendi maning merga emake durung duwe picis. Emake mung buruh umbah-umbah, nerima bayaran seminggu sepisan. Naming mung cukup dienggo mangan sedina-dina. Kanggo kebutuhan liya kaya kebutuhan sekolahe Ahim, emake nyageraken ana tangga hang njaluk tulung, kadhang mbebeg kopi, kadhang nulungi nong pawon dienggo selametan. Pokoke paran bain dilakoni sukur anake bisa nerusaken sekolah.
"Gancang tangi, sembayang aju siyap mangkat sekolah. Emake wis ulih picis dienggo bayar SPP ambi LKS."
Atine Ahim kerasa adhem rungu emake wis ulih picis. Taping awake magih kerasa abot arep tangi.
"Maaak...," Ahim nyeluk emake. "Isun kok kerasa adhem seru. Iki rada gemigil."
Emake hing kathik semaur, marani anak siji endhil hang wis ditinggal apake sakat bayi. Apake Ahim milu juragan perahu njaring iwak segara. Kadhung melaku megawe bisa telung dina sampek seminggu hing mulih. Emake wis biyasah ditinggal keloron ambi Ahim. Saben mulih, apake Ahim nggawa picis bayarane taping ya hing mesthi pira ulihe. Kala-kala ulih akeh, kadhangane ya hing sepira. Sipat nggawa iwak seger, hing kabeh diolah. Malah lebih akeh hang dirijigi aju diuyahi lan dipepe. Tepak hing ana picis, paling using ana sega ambi iwak gerang wis rada ayem atine.
Sewijine dina, subuh hang adhem marek udan sewengian, ana rombongan juragane apake Ahim lan kanca-kancane, nggotong apake Ahim hang wis dadi mayit. Jare dalu-dalu ring tengah segara udan deres, lampu ring perahu hing patiya terang. Apake Ahim kebelandur, endhase ngantem kayune perahu. Kanca-kancane weruhe wis kaku ngarepaken subuh. Emake Ahim metenggengen kaya ndeleng cuba wayah raina.
Mangkane subuh-subuh gedigi rungu anake gemigil, atine rada kemesud. Nubengi mula iyane rungu anake ngelindur ambi ngomong "sate welek...sate welek." Emake weruh teka kancane, gok saben mulih sekolah Ahim lan kanca-kancane liwat nong ngarepe warung sate Pak Saleh, wong dodol sate kambing lan kaldu kikil kacang ijo. Dadiya hing mangan satene, sukur bisa ngambus weleke bain lalare wis girang.
Emake Ahim nyekel bathuke anake, mula rada anget. Taping anake kerasa kadhemen. Mesthi sore udan-udanan lare iki, batine emake.
Emake gancang melayu menjaba, njuwut godhong suruh, dibebeg diuled ambi lenga kelentik aju diborehaken nyang bathuke Ahim.
"Wis turuwa maning," jare emake. "Mangkane tah, rungokena omonge Emake. Dipenging udan-udanan ya aja cengkal."
Ahim turu maning. Rada koled. Sing kerasa sampek bedhug. Marek iku bacote ngambus-ambus kaya ana ambune sate welek.
"Yee...wis melek?" takone emake. "Kelendi awake, wis enak?"
"Empun, Mak."
"Nyak...sate welek hang ana daginge, entekena."
Ahim sakkal njenggirat. Kok emake bisa weruh iyane ngimpi mangan sate welek nubengi?
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.