Anggitane: Andi Sep Kurniawan
(Minggu, 17 Januari 2021 08:39 WIB)
(Cerita Cendhek) Setuhune Welas
Thok... thok... thok!
"Assalamualaikum."
"Waalaikumsalam. Eh, Mbok Fiyah. Nggih kepundi?"
"Adon Mus lan Anang Noh, ana tah Dhik?"
****
Sapa uwonge hang sing weruh ring Anang Noh lan Adon Mus, uwong tuwek hang diajeni ring Pondoknongko. Lanang wadon hang patheng ring kegiyatan, paran maning hang mambu-mambu agama mesthi ana ring barisan ngarep. Uwong loro iku uga patheng silaturrahim ring umahe anak, putu, lan tanggane, masiyatah wis Iyane hang paling tuwek kudune ya hang enom hang marani naming Iyane sing mikir kaya gedigu. Penting makene anak, putu, lan tanggane sing gampang ngelali ring awake.
Enget kala ring jaman 2017, langgar ngarepe umahe iku sepi sing ana kegiyatan. Ahire Adon Mus hang aktif ring kegiyatan agama Iyane ngusulaken dianakaken kegiyatan pengajian istigosah saban dina minggu mari sembayang subuh.
“Yah, Kupingisun seru gatele hing tau ngerungokaken uwong istigosah. Uga lambenisun hang kecut sing tau kecap dikir bareng-bareng. Hing gelem tah ngaronaken?" abane Adon Mus nong Wak Qoyyah pengasuh TPQ AL-Hidayah.
“Dhuh, Rika Mbok Mus kathikan ngomong gedigu paran. Langsung menga bain apuwa, Ayok dianakaken pengajian istigosah. Kathikan basanan kuping gatel, lambe kecut. Dhasare Rika yuh, seru dhemene ring kegiyatan agama.”
Pengajian istigosah kawitan uwong-uwong parek umahe padha akeh hang milu, semembur padha akeh hang teka. Mula seja diumumaken, tujuwan liyane makene Adon Mus bisa shodaqoh lan ater-ater jajan kanggo tanggane. Sing mandheg hang kawitan, istigosah terus melaku saban dina minggu isuk ring musholla Al-Hidayah sampek seprene. Hang nggawa jajan ya sing Adon Mus bain saikine, tangga liyane hang teka wis sithik hang tayongan tangan.
Adon Mus uwonge dhemen olah-olah. Sedina kadhung sing olah panganan, awake kerumetan. Anang Noh hang wis weruh kebiyasaane hang wadon, kadhung wis kerumetan mesthine ana hang dikarepi hang wadon. Mulane Anang Noh saban isuk njuwut godhong lan golet uwoh-uwohan kayatah gedhang, sabrang, sawi lan sakliyane. Ambi Adon digawe bungkuk, dikukus, uga kadhang digawe cenil lempog. Kadhung sing ana, kepaksa nggawe lonthong. Saklipruk-lipruke awake, Iyane kudu tandang, hing tandang malah lara kabeh. Putune sampek bingung ngetakaken.
***
“Mus, rungu-rungu Wahid arep mbecikaken umahe. Bener tah?” Pitakone Anang.
“Iya Kang Noh, mauka Jameah selabar arep mbecikaken pawone. Iku ring pawon ana godhong, diolahaken lepet bain wis yuh, Kang? Eman-eman godhonge kadhung sing dienggo.”
“Ya wis, makene Isun kesuk prei megawe arep nulungi Wahid, Mus.”
Lanang Wadon hang sing tau abot tangan lan sikile dienggo nulung uwong liya. Ale ya wis umur, dipenging pungkasane nggawe ngersulane awake. Anang Noh, kadhung ana tanggane becik-becik, masiya hing diselabari ambi tanggane tetep bakale mara ring umahe. Semono uga, dipenging ya bakal gamprong. Dudu gamprong elek, naming Iyane kepingin saben umahe tangga-tanggane ana asil karyane, masiya mung sithik. Alesane ya makene tangga-tanggane padha enget ana lan sing anane Anang Noh.
Meh saban anak lan putune ulih warisan asil karyane Anang Noh, jarene Anang barang kaya gedigu wajib. Anak-anake sampek bingung, kudu kelendi ngomongi apake. Kayatah Sakur, diweni pelanca jajang, ring umahe Ismulyati digawekaken pelanca lan panggonan umbah-umbahan masiya tah wis umahe ring Srono, ring umahe putune hang arane Novi Kebalenan uga diuweni kenang-kenangan arupa panggonan asah-asahan. Wajibe mauka, makene ana kenang-kenangan kadhung ditinggal Anang.
Hang sing tau ditinggal ambi Anang Noh, uwong hang seru kreatipe yaiku nggawe kembang lan judhange endhog. Dikira ulan mulud wis parek, Iyane wis cepak-cepak nggolet bahan lan alate, nggawe kembang endhog sepirang-pirang, kadhang diedumaken ring tanggane uga dititipaken ring tokok-tokok. Saban taun nggawe judhang, ya kadhang wayah dilombakaken mesthi nyanthole ring juwara. Semono kadhang ya saingan ambi anake hang aran Sakur, mula kreatipe Anang Noh nurun ring Sakur mulane dadi saingan kadhung wis dilomba kadhang uga kerjasama makene tambah katon mencereng.
**
Assholatu wassalamu ‘alaik, Ya Imamal mujahidin, Ya Rosulallah..
“Mus, wis siyap tah? Masjide wis muni.”
“Dhuh Kang, ya wis siyap tah yuh. Rabinrika iki mesthi tut mburi ambi hang lanang. Sulung ya nganteni Yani magih ngamet wudhu.”
“Hun anteni ring ngarepan.”
Keluwargane Anang Noh lan Adon Mus mula kenthel ring agama, sedurunge adzan kudu-kudu wis silah ring masjid. Yani, putune Anang hang manggon sakumah bareng tau diuwel merga teka ring masjid wayah adzan muni. Karepe ngomongi apik, makene belajar ngurmati masjid. Ahire Yani ya sing tau kasep maning, mesthi ngetut mburi ambi anang lan adone.
Aja kaget kadhung mari maghrib mertamu ring umahe Anang Noh cumpleng sing ana uwonge. Anang, Adon lan Yani biyasahe I’tikaf ana ring masjid sampe Isya. Mulih ring umah kadhung wis mari jamaah Isya. Meh saban dina kaya gedigu. Kadhung tangga-tanggane bain wis paham, uwong liya bakale kaget.
****
“Melebuwa Mbok Fi. Ana perlu paran ambi Anang lan Adon?”
“Arep pesen kembang endhog ya Beng, bisa tah?”
“Sepurane Mbok, Anang lan Adon sing bisa nggawe kembang endhog maning merga wis tutug umur.”
“Innalillahi, kapan Beng?”
**
Kala udan ring wayah bengi, ngancani kembang kenanga hang ana ring ngarep umah. Meh kaya sintru, merga udan nambahi peteng, uwong sing ana hang liwat. Suguhan bungkuk gedhang hang magih anget ngangetaken awak uga ngangetaken kahanan. Cekakakan bebarengan, naming tanggane sing bakal rungu kerana suwarane udan deres. Kahanan hang anget sedhilutan sakkal uwah merga omongane adon hang sing kaya biyasahe.
“Kang Noh, kadhung bisa Isun njaluk melaku sulung madhep ring Gusti Allah. Isun emong ngenes ditinggal mati Rika Kang Noh. Isun sing gelem milu ambi anak, makene wis Isun sulung hang melaku.”
“Masiya Isun ya hing gelem Mus Rika tinggal. Makene bangur Isun sulung hang dijuwut, uwong lanang iku mesthi luntang-lantung ditinggal wong wadon.”
“Ya wis kadhung gedigu bangur mati bareng bain wis Kang,” jawabe adon.
“Hem, kari enak kadhung ngomong. Rasakena tah hang ditinggal iki yara, lebih ngenes Don, Nang,” abane Novi nyelamber kaya geludhug.
Bungkuke entek, udane saya deres mungkasi gesah. Kabeh padha manggon ring kasure dhewek-dhewek.”
****
Adon Musripah lan Anang Nohan cumpu dongane padha diijabah ring Gusti Allah, Mbok Fiyah. Sing percaya kadhung kari cepet gedigi. Anang lan Adon, sing mung sepisan nggesahaken kepingin mati bareng ring Isun, ring anak lan putune pisan. Adon larane wis suwi, hing bisa tandang paran-paran, ngadeg bain ya sing kuwat. Anang hang magih seger. Nepaki nulung ngapikaken umahe tangga, mara-mara Anang wadul lara. Digawa ring rumah sakit, jarene sesek hing nginep merga Anang wis kerasa enakan. Temakena magrib Anang saya lara, Isya langsung ninggal ana ring umahe Wak Untung. Akeh hang sing nyangka kadhung Anang hang melaku sulung, soale Adon hang wis suwi larane ana ring umah iki. Uwong-uwong padha takjiyah. Elet petang dina, Adon nututi Anang. Kahanan kaya saya semerawud, durung garing lemahe Anang, Adon nututi. Kabeh hang ditinggal geruh-geruh. Temenan, dongane Anang lan Adon diijabah. Anang pemimpine, Adon mesthine mbuntuti ring mburi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Cerita Nyata
Editor: Antariksawan Jusuf-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)