Anggitane: Hasan Sentot
(Minggu, 24 Mei 2020 07:43 WIB)
Cerita Cendhek Sindhet Wangsul
Wayah soren serngenge lingsir ring bucu kulon. Werna abang kuning mberanang, semburat kaya arep ngabari kadhung iki wis arep bengi. Man Surip wis ngelebokaken rajakayane nyang kandhang, sak uwise diedusi ring Banyu Mengarang. Suket garing ring ngisor palungan, aju dipuputi kanggo obor ring kandhang lan weleke mane bisa ngusir rengit. Suket kepus wis ngebeki palungan, kanggo sapi hang nggayemi wayah dalu.
“Kang, iku wis Sun tata ring meja nawi Rika gage kepingin mangan”, gedigu sapane Supiatun, rabine Kang Surip nyapa mapag tekane hang lanang.
“Engko bain Dhik marek sembayang magrib. Iki nak langsung nyang langgar, ika puji-pujian wis arep mari. Nawi selak kasep jamaahe”, gedigu jawabe Man Surip ambi gage telikas berangkat nang langgar hang sing adoh teka umahe.
Bik Supiatun hang sing sembayang, merga alangan ulanan hang diterima wong wadon, aju nerusaken pegaweyan ring pawon. Damar ring bale wis diuripi, lawang hang mau mingis aju ditutup rapet. Ambi ngenteni hang lanang mudun teka langgar, Supiyatun nata uba rampene hang lanang teka sawah mau. Pacul, arit lan ana sayuran hang ulihe methik teka sawah, uga dibecikaken nang panggonane.
“Assalamualaikum...”, ana suwara teka ngarep mbarengi suwara mbukake lawang hang mau ditutup.
“Waalaikumsalam...” gedigu saute Supiyatun ambi telikas ngampiri nyang lakine hang buru mudhun teka langgar.
“Kari sepi? Anak wadon nang endi, kok sing katon sakat mau?”, takone Man Surip nyang hang wadon.
“Gage mangan sulung, iku wis cemawis sakat mau. Pelasan doyananrika, ambi kerawu legedan”, jare Supiyatun ambi ngerum-erum atine hang lanang.
Man Surip nurut karepe hang wadon, gage melebu pawon gage mangan kaya hang dicawisi rabine. Pelasan putihan, kerawu legedan mula panganan hang disenengi Man Surip. Kadhung kurang pedhes, Man Surip biyasahe njaluk sambel korek, terima lobok, uyah , gula lan jelantah, sonder nganggo terasi. Gedigu mangane Man Surip, sing tau cerewet nyang olah-olahane hang wadon.
Bik Supiatun milu ngancani mangan, ambi terus njuwutaken paran bain hang dikarepaken hang lanang.
Bengi iku, Man Surip sing kaya adate. Mangan seru cepete, kaya ana hang ngganjel ring pikirane. Serta marek njaluk ngombe, ambi njuwut udud kretek hang ana ring sandhinge.
Sak durunge Man Surip mbuka omongan, disulungi hang wadon takon kok kari cepet mangane.
“Ana hang kurang enak tah, Kang, kari cepet Rika mangane?”, gedigu pitakone.
“Uwis enak kaya biyasahe, taping Isun kok sing enak pikiran. Biyasahe ana anak wadon nong umah wayah mene iki”, jawabe Man Surip ambi mesisan takon nyang hang wadon.
“Iya Kang sepurane sak durunge, Hotimah mau marek Asar disusul kancane. Lare hang umahe pinggir dalan gedhe iku, anake Aji Padelan. Jare diajak belajar bareng, mula wis semayanan ambi Isun. Engko jare marek Isak arep dieteraken. Iku kanca apik sakat magih nang SD."
“Oh digu, kadhung jelas bain sing paran-paran. Tapi aja kerep-kerep memengan nyang umahe wong sugih, nawi ngerepoti”.
“Using Kang, wong iku penjaluke Risa, kancane mau. Malah jare diwekasi wong tuweke, kon nyusul jebeng. Aji Padelan mula lebih seneng anake nyang umah, timbang metu sing kakaruwan. Embuh paran alasane, mesti hang diajak iku jebeng.”
Enak-enak Man Surip lan Bik Supiyatun omong-omongan ring meja mangan, teka bale kaya rungu suwarane wong uluk salam ambi nothok lawang.
“Assalamu’alaikum..” suwara wong lanang hang durung dikenal.
“Waalaikumsalam..” sahute Bik Supiyatun gupuh.
“Sepuntene Mbok, enten tiyang jalerndika?”
“Oh, enggih pinarak. Kerin kula celuk teng lebet”.
Sing suwi serta dhayohe lungguh, Man Surip gage ngampiri ambi salaman ngenalaken arane lan takon nyang keperluwane dhayoh mau.
“Ngeten Pak, Kula dugi kantor Pulisi. Empun rame-rame nggih”, jare Pulisi mau ambi nduduhaken surat tugas.
“Ya Alloh, anakkula salah napa? Sampek urusan kalih Pulisi niku?” takone Man Surip hang katon gementer lan pucet peraupane. Bik Supiyatun sing kalah gementer, ngerti hang lanang gemigil marek maca surat tugase Polisi mau.
“Ngeten, Ndika kalih tiyang setri mboten usah kuwatir. Yugandika nggih dereng karuwan salah, tapi kula minangka penyidik kudu nyatakaken kerin, nami niki bener napa mboten lan alamat cocok napa mboten. Mangke kadhung kula tanglet, Ndika jawab sak benere nggih?”, gedigu ujare Pulisi kanggon ngedhem-ngedhem atine Man Surip ambi Bik Supiyatun.
“Sak niki Hotimah teng pundi?, pitakone Pulisi.
“Teng nggeriyane kancane teng Kampung Sebelah, sakat Asar wau”, jawabe Bik Supiyatun.
“Nggih empun mboten napa-napa”, jare Pulisine ambi nduduhaken potrek ning handphone nyang wong tuweke Hotimah mau.
“Nggih leres, niku yugankula. Niku potrek teng Facebooke”, jare Bik Supiyatun hang weruh akeh nyang memengane anake. Man Surip rumangsa sing paham, milih meneng ambi gemetere sing ilang-ilang.
“Kapan pungkasan Hotimah memengan Facebook?”, takone pulisi.
"Empun suwe mboten memengan, enten sak ulan lebih. Niku Handphone rusak, ditinggal teng kamar”, jare Mbik Supiyatun ambi telikas njuwut hape anake hang rusak diduduhaken Pulisi.
Merga pitakon Polisi akeh dijawab Bik Supiyantun, Man Surip meneng-meneng njaluk tulung nyang keponakane aran Handoko, sak perlu dikongkon nyusul Hotimah ring umahe Aji Padelan. Mbarengi Man Surip hang melbu metu teka bale yang lawang pawon, rungu suwara adan wis manjing waktu isak.
“Sepuntene Pak Pulisi, kula tilar teng Masjid kerin nggih. Kula giliran ngimami sembayang Isak. Niki enten keponakan kula, magih nyusul Hotimah. Mengke kersane jelas kadhung enten larene”, pamite Man Surip.
Pulisi terus takon masalah-masalah Hotimah nyang Bik Supiyatun, mergane hang weruh nyang memengan anak wadon mau mung emake. Man Surip sing tau takon lan sing ngerti, mung terima golet picis kadhung anake kepingin duwe handphone. Paran maning alasane dienggo nunjang belajar ring sekolahe, Man Surip sing ana alasan arep nulak penjaluke anak.
Handoko hang dijaluki tulung nyusul Hotimah wis teka, tapi nggawa kabar kadhung Hotimah diajak menyang ambi keluargane Aji Padelan.
“Sampek jam pira Lik tekane adhikira iku?”, pitakone Bik Supyatun nyang Handoko.
“Diajak pengajian nyang Kalibaru, jare jam 9 teka Bik”, ujare Handoko hang ditemoni dulure Aji Padelan.
Rungu jawabane Handoko, Bik Supiyatun ambekan dhawa. Ambi nerusaken gesah nyang pulisi, Handoko uga milu nambahi keterangan hang dibutuhaken pulisi. Ditegesaken maning, kadhung Hotimah adhike wis sak ulan sing memengan hanphone merga rusak. Paran maning, akun Facebooke jare sing keneng.
“Kelendi Lik, adhikira sing diajak mulih pisan?”, pitakone Man Surip hang wis mudhun teka sembayang Isak ring langgar.
Man Surip tambah lemes, ngerti anake malah diajak menyang. Paran maning Pulisi sanggup ngenteni tekane anake, iyane wedi kadhung tekane Pulisi hang sing kanggo seragam dinas iki diweruhi tanggane.
“Mboten napa-napa Pak, kula nggih kalih ngentosi kancankula teng kampung sebelah”, jare Pulisi hang katon sabar lan semanak mau.
Wong-wong ring bale umahe Man Surip mau rada kaget, serta ana suwara montor roda papat mandhek persis ngarep umahe. Handoko hang ditugasi ndeleng sapa hang teka.
“Assalamu’alaikum..” uluk salame lare wadon hang diaten-anteni.
“Waalaikumsalam,..” jawabe wong sak umah bareng.
Kaya adate, Hotimah gage ngelungaken tangan nyang Apake, Emake lan dayoh hang ana ring umahe. Ambi rada bingung, Hotimah ngewanekaken takon.
“Enten napa niki Pak, kok sami kempal teng ngeriki”, pitakone Hotimah.
Pak pulisi telikas njawab lan njelaskaen nyang Hotimah, karep lan tujuane teka nyang umahe mau. Serta dijawab ambi Hotimah, padha ambi jawabane Bik Supiyatun lan Handoko. Pulisi terima kabeh keterangan jujur teka Hotimah lan emak serta pamane.
Polisi ambi telaten, mangkat takon-takon nyang Hotimah. Sapa bain kancane nyang facebook, uga tau ngomong paran bain ring In-box. Apa tau ana kancane hang sing seneng aju ngancam-ngancam. Hotimah negesaken maning, kadhung iyane sing dhemen memengan suwe. Kejaba ana tugas sekolah, kudu nyapa kanca lan dulure hang ana ring Kalimantan. Hotimah uga njelasaken, serta sak ulan kepungkur akune sing keneng dibukak, aju ditinggalaken lan sing tau memengan facebook.
Suwara montor roda papat teka maning nyang umahe Man Surip, Handoko mbalik mberejak metu ambi nyatakaken sapa hang teka.
“Assalamu’alaikum.. Selamat Malam Ndan..!!” jare jawabe dayoh lanang ambi nggandeng lare lancing tanggung.
“Waalaikumsalam..” jawabe Pulisi enom mau ambi ngajak dhayoh anyar hang kaya wis tau dikenal.
“Sudah ada titik terang Ndan”, jare dhayoh mau ambi nuntun lare cilik hang uga diweruhi ambi keluwargane Man Surip.
Bik Supiyatun, Man Surip lan Hotimah omong idhing ambi bisik-bisik, kadhung lare lanang iku kakak kelase hang saiki wis sekolah nyang SMK. Iyane sing kewetu, arep takon nyang Pak Pulisi hang nggawa lare mau.
“Hotimah kenal ambi lare iki?”, pitakone pulisi kaya ngagetaken iyane hang magih bingung.
“Enggih Kula kenal, niku Kang Holik sengen kakak kelaskula”, jawebe Hotimah.
“Enggih Pak, Niku Holik lare kampung sebelah. Sengen kerep memengan teng meriki kalih kanca-kanca lintune, magih sekolah SMP”, tambahe Bik Supiyatun kaya sing serantan kepingin weruh ana paran ambi Holik iki.
“Ngeten nggih Pak Surip kalih Bu Supiyatun, Holik niki temekaken hang ngeretas utawa malsu akune Hotimah. Embuh enten masalah napa, niki dereng disidik”, jare Polisi cekak.
Man Surip, Bik Bupiyatun, Hotimah lan Handoko kaget bareng, serta arane Holik disebut ambi Polisi. Sak weruhe keluarga Man Surip, Holik iku lare penter lan enthengan tangane, marahi nyang adhik-adhik kelase kadhung ana masalah ambi pelajaran. Serta melbu SMK ring Banyuwangi, iyane wis arang memengan maning nyang umahe Hotimah.
“Serehne niki empun cekap, kula nak pamitan. Niki Holik kula beta teng kantor Polisi. Mbijing kula nedi tulung kalih Bapak napa Ibu, ngeteraken Hotimah teng Kantor Pulisi, damel disuwuni keterangan tambahan”, ujare Pulisi aju pamit ninggalaken umahe Man Surip.
Sak pungkure Pulisi metu teka bale, aran Man Surip kaya sing kuwat ngempet tangis. Gage dikutahaken nyang anak wadon siji-sijine. Iyane sakat magrib mau rasa dhadhane sesek, kaya ditaleni dhadhung sak awak. Saiki wis longgar, serta wis ana hang dadi tersangka ring kasus penyebaran kabar gubab mau.
“Alhamdulillah Beng, apak lega rasane. Sakat mau sesek, campur bingung. Naming sing weruh kudu kelendi.. Alhamdulillah, Gusti Allah ngerungokaken donganisun”, jare Man Surip nyang anake wadon.
Hotimah ya sing bisa nahan eluh hang gemantung ring pipine, ambi njaluk sepura nyang wong tuweke sekeloron. Merga iyane wis nggawe susahe wong tuweke.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)