Anggitane: Nur Holipah
(Minggu, 12 September 2021 06:24 WIB)

(Cerita Cendhek) Surat Kuwalik


Merga abane adzan Asar wis muni, rabine Man Selamet mangkat singkrih. Nyandhak sapu kerek, nak nyaponi latar ngarepan umahe. Timba cilik pecake cet, ditadahaken ring banyu ledheng kanggone nyirami tanduran lan kembange hang jejer dhirik dietap ngetanaken. Sing lali, latar muka dikesoki banyu makene lebune sing mobal-mabul tepak disapu.

Kadhung wis gedigu, tengere pisan dhak sithik engkas lalare melaku ngetanaken nyang langgare Man Karim, ngaji.

Anisah hang muka nggentheng nyang angka-angka, saiki wis katon unyike. Rasane wis mari, PR Matematikane. Iyane aju ngetap buku-bukune hang semelengkrah. Bik Is, emake Anisah magih ngentasi kumbahan nung mburitan. Rada ambi melung, celuk-celuk anake.

“Beng Nis! Anis!” Ketungkul ringkes-ringkes buku, Anisah sing rungu, magih keluthekan ngeroti patelute.

Bik Is mbaleni maning. “Beng, celuken adhikira. Anggere wis, leren diabani. Njaluk diciwing lare kau!” Abane Bik Is kaya ngeruweng.

“Nggih Mak, kerin...” semaure Anisah serta rungu perintahe emake.

Adhike Anisah hang aran Agil mula lali wayah, kadhung wis memengan. Paran maning iki usume layangan, ya nana wis. Wayahe ngaji ya diterak. Mulane magih iqra bain. Sing munggah-munggah nyang Qur’an. Hurup Fa’ diwaca Qa’. Magih bingung mbidakaken, kadhung Fa’ titike mung siji. Kadhung Qa’ titike ana loro. Ana maning liyane, benere Min Khoiri dadi Min Jairi. Bidha titik, bidha cara macane.

Sakmarine ringkes kabeh, Anisah aju nganggo sandhal, melaku ngetanaken nyang lapangan. Ya sing luput, Agil ambi kanca-kancane enak ngular-ulari layangane.

“Dhiiiik, Giiiil! Asaaaaaar!” Anis melung-melung nyeluk adhine. Agil magih tanek ambi layangane. Kadhung sing musuh Bik Is ya sing kira makan. Ping pira-pira-a ya sing mandheg memengane. Kadhung durung keneng ciwing kupinge.

***

“Aja ngepos wis!!”

Agil minthik-minthik liwat lompongan kulone umah. Cumpune keteluthukan emake. Iyane munyik aju ngetepeng nyandhak andhuk. Agage melebu nyang cedhing. Abane gok adus, jebar-jebur kaya ana wong nguras. Sampek gejeg aran kesed ngarepe cedhing.

“Hang rijig Lik. Sikatan! Wuwunga tah!” Abane Bik Is, ambi ngelepiti kumbahane.

Sak marine adhus, sabunan, sikatan, wuwung, nggosok sikil nganggo sepet—Agil metu teka cedhing abete kaya melekeren, polahe adhem banyune. Awake tangkeban andhuk. Agil njujug nyang lemari, nggolet penganggo ngaji.

“Mak kethu abrit setelane niki pundi?” Agil nyekel kelambi muslim kelir abang bata, setelan celana ambi ndhuwurane.

“Goletana tah sulung. Ring lepitan pinggir kulon pareke seragamira sekolah iku using tah?” Semaure Bik Is, ambi ngetap kumbahan nyang lemari.

“Nganggo kethune apake kok!” Abane Anisah nggacah.

“Emong!” Jawabe Agil. Mesti bain, kethune bapake kelidhaken nyang endhase Agil.

Kelambi sak setel wis dienggo, kethune ya dienggo pisan. Iqra’e dilebokaken tas ngajine. Sak marine solat Asar, Agil pamitan. Masiya rada kasep, melaku bain yang langgar. Agil salim nyang emake, terus beruwat ngaji. “Melampah Mak, Assalamu’alaikum.”

“Aja ngetobos bain. Rungu!” Wekase Bik Is ambi nyalimi anake.

***

Nung langgar wis rame. Lare-lare wis padha teka. Kabeh wis lungguh minggir nyang tembok. Man Karim lungguh ring tengah, papan paimaman madhep ngetan. Dadi kadhung ana hang rame, katon. Mauka wis diangkati ngajine, maca fatihah barengan. Agil melebu langgar ambi sing lali ngucap salam, terus lungguh parekan ambi Ujik. Kabeh wis padha mbuka gaduge ngaji. Hang iqra ya iqra, hang Qur’an ya Qur’an.

Rada kaget Agil weruh Ujik, mondhong Quran.

“Jik, wis gadug Quran Sira? Jeh, kari akesi!” Takone Agil nulih Ujik mbiyak-mbiyak Quran nung surat-surat cendhek. Ujik semaur semunu engkrese, “Eh ya marinee!”

“Alah?” Agil sing nggugu.

“Isun apalan! Surat At Tiin iki kek. Wis menenga sulung,” ujare Ujik ambi madhepaken awake, madhep nyang tembok. Makene sing dijak gesah nyang Agil. Ambi merem-merem gok apalan.

Engkrese Agil metu, “Yeeeh ikau? Isun apal iku wis. Engko Suntiti.” Angger jamaahan ambi bapake, mula Agil angger niteni surat paran hang digawa. Sak marine solat, aju ditakokaken. Liya dina maning dadi wis weruh, lan bisa milu-milu. Sukur, kadhung apal.

Agil mbiyak-mbiyak iqra-e, magih gadug iqra telu. Kari sak lembar bain terus munggah nyang iqra papat. Kadhung maca iqra-e sing pati lancar, ya sing bisa munggah sulung.

Laqod kholaqnal in saana fii ahsanai taqwiim.

Tsumma rodadnaa hu asfala saafiliin.

Illalladzii na aamanu wa’amilusshaalihaati...

Abane Ujik apalan rada anter. Agil rungu. Nyandhet nung ayat pira iku muka. Ujik mbaleni maning.

Tsumma rodadnaa hu asfala saafiliin.

Illalladzii na aamanu wa’amilusshaalihaati...

Ujik mandheg, rada lali. Agil langsung nyaut. Kaya hang wis apal temenanan ika wis.

Illalladzii na aamanu wa’amilusshaalihaati...

Watawaa saubil haqqi watawaa saubish shabr.

“Iya tah Gil?” Abane Ujik rada sing percaya. Ambi cemit-cemit mbaleni apalane mauka. Kaya bener kaya salah, batine Ujik.

Ujik kerasa kaya salah, “Using, dudu iku Gil.”

Agil mempeng, “Diwarah sing percaya! Eh isun apal ya wis Jik! Kawitana maning tah!”  Agil metentheng.

“Apalan surat paran Jik?” Man Karim nengahi. Sing ana putuse gulakane cengkal-cengkalan.

Ujik nyauri, “Surat At Tiin. Niki tah Man, kula waos malih!”

Bismillaahirrahmaaniraahiim.—Laqod kholaqnal in saana fii ahsanai taqwiim.

Tsumma rodadna hu asfala saafiliin.

Illalladzii na aamanu wa’amilusshaalihaati...

Merga rumangsa bener, Agil nyauti maning, teges lan wanter. “Illalladzii na aamanu wa’amilusshaalihaati. Watawaa saubil haqqi watawaa saubish shabr..”

Man Karim munyik.

“Iku surat Al Ashr, Lik. Hang diwaca Ujik mauka surat At Tiin...” Abane Man Karim nerangaken lan nduduhi. Ujik wis nyangka gok salah. “Koooooou. Ketang kemeruh Sira Gil. Semunu jare apal!” Agil hang maune ngotot, saiki munyik-munyik. Rada isin.

Maulana, kancane Agil sekolah milu nggacahi. “Kadhung hang rika waca muka arane Surat Al-Quwaaaliik Gil!” abane Maulana seru pasehe. Lalare kabeh gemuyu.

“Huss, wis uwis. Ayo gancang diwaca gadug ngajine dhewek-dhewek. Ujik, tutugena apalane Lik. Engko dicacak. Agil mariki uruk! Sing ulih sewo!” abane Man Karim. Agil balik mbiyak iqra-e maning ambi merinci rada meringis nulih nyang Ujik hang mbiyak Qurane nutugaken apalane mauka.#
 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Sumber Ilustrasi: Google

Editor: Antariksawan Jusuf