Anggitane: Iskak Basuki
(Minggu, 11 Oktober 2020 07:34 WIB)
(Cerita Cendhek) Tas
Pirang taun kepungkur isun milu acarane kantor, 'outbound', 'refreshing' ring Batu, Malang. Acarane ring hotel paran, isun sing enget, jelase 'berbintang'; apik, latare wera, bangunan utamane tingkat, katon dhuwur; terang ana 'lift'e enggo munggah mudhun sakliyane timplikan biyasah alias ambal-ambalan.
Rombongan kantor, nyarter rong bis, gadug hotel iku wis dalu. Mudhun teka bis kabeh padha nyangking tase dhewek-dhewek. Ana hang taker menthek-menthek, kabotan kerana kakehan gawan. Hawane aja takon. Adhem! Disebul angin, jaket kaya sing ana kanggone. Adheme tembus nang kaos aju ngeresep nang awak. Hmm..... Emane ring lobi wis disedhiyani panganan lan ombenan hang nong awak nggarahi langsung anget: ana wedang jahe, sekoteng lan liyane hang isun sing pati tau rungu arane. Ana hang wis kenal temenanan. Isun kenal lawas ambi iyane, iyane ya kenal apik ambi isun, yaiku kopi!
Mari ngeluk boyok sedhela ana 'pengarahan', kumpul ring aula. Tase kabeh kon ndeleh nong ngarepe lawang. Sing perlu digawa melebu. Ngandohe ana hang sukur ditumpuk-tumpuk. Yong arane wong akeh ya gedigu iku. 'Pengarahan' ditutup aju dum-duman serege kamar. Kamar siji kanggo jak keloron. Isun sak kamar ambi kanca sakpantaran, ketepakan ya sak angkatan. Celukane Badil. Dudu aran aseli ulihe emak bapake nyelameti jenang abang. Mbuh apuwa kok bisa duwe celukan gedigu? Wonge dhemen siwuh, biyasah poyokan, gojlok-gojlokan ambi awak.
Metu teka aula, seliyane adhem rasane mata rada pedhes, rada ngantuk wis. Mari ngamet tas, wong sak kantor semembur padha nggoleti elenge, kamare, nurut nomer hang ana ring serege. Isun lan Badil ulih kamar ring tingkat telu. Nyuud..... Nganggo lift sedhilutan mara-mara wis gadug ndhuwur. Serta wis ketemu lan melebu kamar, isun langsung nggelebag nong peturon, ngeluk boyok. Boyok rasane persis nong mburi, dienggo jelalatan mehmehi wenak. Hotel larang kasure enak empuk, enak anget.
Badil katon gupuh mbukaki tase. Lambene nggeremeng mbuh ngomong paran. Terus ngomong rada anter, "Iki kok ana kelambi wadon yuh? Yee..... kelambine wong wadon katut kegawa. Isun mula ngongkon wong wadon ngelebokaken kelambi-kelambi hang perlu digawa."
Isun nyauri ambi kilah-kilah, cangkem selongoban, "Haaemm..... Ya, nawi maksude gena Rika enget terus ambi mama". Gok nyeluk hang wadon 'mama'." Isun biyasah rungu bangete nilpun. Hang wadon ya nyeluk papa. "Nawi kangen, nawi Rika katon-katonen ya enggonen. Boro anget kaya..."
"Woo.... kok iki ana kotang?" Badil kelunjuk. Ambi ngomong gedigu tangane nyengkiwing kotang teka jero tase. "Aja-aja iki dudu tasisun.. Alaakk.... nagud! Kesiluran temenan! Ketang tase persis padha. Tase sapa endane iki yuh?"
"Hhuaahahaa!", isun sak kal kepingkel-pingkel weruh tase Badil kesiluran temenan ambi tase kanca wadon. Embuh kesiluran ambi sapa. Embuh ring kamar endi wonge saiki? Wong satus lebih mesthine wis padha melebu kamar hang lokasine semebar. Isun tambah ketheng mbayangaken kanca wadon hang ulih tase Badil. Pantese serta dibukak, diudhal-udhal metu melencung cawete Badil. Byek! Aja gemiblag bain..
"Cereeett..... Ana bain yakk! Kelendi iki gok nggoleti? Alaaakk..... kudu mudhun maning iki! Naguud!" Kotang lan kelambi wadon mau sukur dibeselaken melebu tas terus diseleregaken maning. Ambi aju ngomel, tas misterius iku mara dicangking metu. Isun sing mandheg gok kepingkel taker kaku rasane weteng. Langsung ilang ngantukisun, dadi lali nang hawa adhem, ketungkul ngetakaken rupane Badil. Sing tau-tauwa weruh peraupane kari serius gedigu. Pantese, pikire kaya ngipi. Ngipi nemu kotang.
"Huaahahaaa....." guyunisun kaya digas maning rungu sepatune Badil pak! pok! pak! pok! keposong-posong mudhun, sing liwat lip, liwat ambal-ambalan. Dil.....dil..... Ngipi paran endane rika unibengi?
Sampek 'outbound'-ne wis mari, sampek saiki, efek 'refreshing'-e sing entek-entek. Saben enget kedadeyan tas iku, sing kerasa isun mesem-mesem dhewek.
(Bwi,1219.2.ib)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Pengalaman
Editor: Hani Z. Noor-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)