Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 06 Maret 2022 08:57 WIB)
(Cerita Cendhek) Thulik, Asu Korengen lan Topeng Monyet
Mari sembayang bengi Thulik kaya adate melaku-melaku ring njaba sak ubenge pondhok. Ambi cemit-cemit maca Quran, Thulik nulih kiwa tengen nawi ana paran-paran hang sing pantes.
“Assalamualaikum Kang Thulik,” mara-mara ana suwara teka mburi nyapa Thulik.
“Waalaikumsalam warohmatullohi wabarokatuh," Thulik nulih memburi lan weruh Kang Ahmad rada akas melakune nyusul awake.
“Ye... Rika Kang Ahmad, wayahe jaga bengi tah Rika Kang?” Thulik ambi mesem nyapa Kang Ahmad.
“Iya Kang wayahe Isun, taping kanca-kanca liyane durung ana teka, pantese magih enak turu nawi ya?” jawab Kang Ahmad.
Thulik jawab, ”Ye kadhung gedigu ayo Sun kancani Kang."
Wong loro melaku bareng ambi gesah. Nalika liwat ring kuburan, abete Kang Ahmad ana rasa wedi, jithoke kemesar, suwara-suwara kewan bengi nambahi angker hawa adhem hang nggeget kulit, paran maning lamat-lamat ring kadohan suwarane asu mbaung saut-sautan. Kang Ahmad tambah mepet nyang Thulik, nggandheng tangane, Thulik munyik ngerasakaken tingkahe Kang Ahmad.
“Apuwa Kang Ahmad?”
Ambi tetep nggandheng tangane Thulik, Kang Ahmad jawab, ”Jithokisun kemesar Kang, kaya ana wong nginthil ring mburinisun, jare wong-wong kadhung ana suwarane asu iku tandhane ana setan utawa jin bangsa alus."
Ambi mesem Thulik ngomong, ”Ya mesthi bain Kang, iki ring kuburan sepi lan peteng adoh ambi panggone menungsa, mula senengane barang alus utawa jim. Dadi kadhung ana hang nggudha Rika, hang jare jerangkong, pocong, gandaruwo lan liya-liyane, saktemene iku kabeh jim hang bisa mencala paran bain, dudu wong hang wis mati dadi jerangkong, wong mati iku jasade wis dikubur, sakwetara rohe ana ring alam barjah, dadi wong hang wis mati sing bisa paran-paran, sing bisa medeni menungsa, hang medeni uwong iku jim. Kadhung Rika liwat ring dalan sepi gedigi, aja lali maca Ayat Kursi, kerana sapa-sapane uwong hang maca Ayat Kursi, mangka Gusti Allah ngutus malaikat loro supaya njaga ring uwong hang maca Ayat Kursi iku."
Sing kesuwen Kang Ahmad sakkal maca Ayat Kursi sak anter-antere. Thulik mung gemuyu ngerasaken kelakuane Kang Ahmad.
Gadug ring perapatan, wong loro iku kecaruk asu hang kulite korengen. Kang Ahmad kerasa suker weruh wujude asu iku. Asu iku mareki Thulik, aju Thulik nyincing sarunge supaya sing keneng awake asu iku kerana wedi najis. Kang Ahmad hang weruh asu mareki Thulik sakkal nyekel penthung arep menthung asu iku. Asu pasrah njegugug ring ngarepe Thulik, aju Thulik nyekeli tangane Kang Ahmad hang arep menthung asu iku. “Aja Kang, aja dipenthung, iki ya mahluke Gusti Allah,”
Kang Ahmad magih nyerendhel bain, "Sun anggari penthung makene melayu Kang, maninga Isun suker ndileng awake hang korengen iku Kang,”
Thulik magih nyekeli tangane Kang Ahmad, supaya sing menthung asu iku, “Aja Kang, wong sing nyalah bain, makene kayane arep ana hang disampekaken Kang."
Thulik nyawang asu hang njegugug ring ngarepe. Asu ndhangak nulihi Thulik kaya-kaya arep ana hang disampekaken. Thulik mendhek ambi nulihi matane asu hang terus mendelik, kaya-kaya asu iku bisa ngomong, lan omongane asu iku melebu ring jero pikirane Thulik. “Ngomongo nyang kancanira, Isun ketiban penyakit gedigi iki ya sing njaluk ring Gusti Allah, iki wis pastenisun, lila sing lila kudu Sun terima, Rodhiitu Billaahi Robbaa, Isun lila Allah dadi Pengeran, lan uga lila hang ditakdiraken paran. Kari gedigu sukere, turneya menungsane, akeh hang berek atine, damak sukere, kadhung weruh nyatane, bereke awak sing dadi balak, bereke ati bisa dadi bekasak lan bingkak."
“Sira uga Lik, cincing-cincing sarung wedi keneng najisiun hang jare najis mugholadoh utawa najise gedhe, turneya najisisun iki cukup disiram banyu ping pitu lan salahsijine dicampur lebu, sarungira wis suci maning, taping kala Sira nyincing sarung kerana nganggep Isun ina, Sira kerasa lebih mulya, mangka najis hang temepel ring atinira iku lebih abot timbang najisisun, lan sing bisa disucikaken masiya nganggo pitung samudera lan lebu sak donya,”
Thulik ngembung iluhe, kerasa getun atine, sing sadhar kelakuwane, nggawe gela mahluk liyane. "Dhuh Gusti, mugi paring ngapura Kula niki, menawi Ndhika mboten melasi, Kula bakal dadi tiyang hang rugi." Thulik mbukak matane, asu hang mau njegugug ring ngarepe, saikine ilang hing weruh ring endi parane.
“Kang, asu mau endi?" Thulik Takon ring Kang Ahmad.
“Embuh Kang, Isun ya heran, weruh asu iku ilang Kang," jawabe Kang Ahmad.
“Apuwa Rika nangis ring ngarepe asu mau Kang?" Kang Ahmad nakoni Thulik.
“Asu hang njegugug ring ngarepisun mau Kang, kaya-kaya nasihati lan mulangisun, hang Sun rasakena ring pikiran, ilmu hakekat mahluke Pengeran, Isun lan Rika iki mung wayang, hang diubah-ubahena Sang Maha Dalang. Rika suker ring asu mau kerana korengen, damak sukere kadhung Rika weruh menungsa hang berek atine, untunge ketutup omongan manis lan kelambi kelimis, sing weruha atine amis."
Kang Ahmad magih sing terima, "Taping asu mau kurang ajar Kang, sak enake njegugug ring ngareprika."
Thulik munyik rungu omonge Kang Ahmad,” Hehehehe, Rika iki aneh Kang, asu kurang ajar iku wajar, mergane sing duwe akal, sing ana hang ngajar, sing tau sekolah lan ngaji, hang sekolah dhuwur, hang ngajine pinter kadhang magih bain kurang ajar, paran maning kewan ya kudu dimaklumi."
“Sun cincing sarung, wedi najis hang karuwan durung, turneya disiram banyu ping pitu, siji dicampur lebu, najise bakal metu. Ana rasa angkuh, ati iki wis betuh, najise sing bisa diwisuh, masiya pitung samudera lan lebu sak donya, sing bakal bisa, kadhung ati magih ana rumangsa mulya, nganggep liyane ina,”
Kang Ahmad manthuk-manthuk tandha ngerti paran hang diucapena Thulik.
***
Kira-kira jam sepuluh Thulik melaku-melaku ring pasar, kaya biyasahe Thulik munyik aju nyapa sapa bain hang ditemoni ring dalan. Serehne paran hang diperlokaken wis dituku, Thulik aju mulih melaku dipayungi panase serngenge, lan dikancani lebu hang padha muluk sing karuwan. Lamat-lamat tabuhane topeng monyet ngungkung ring kadohan. Lakune Thulik saya akas rebut bucung ambi panase serngenge hang emeh mujeg. Sing kerasa lakune Thulik mareki panggon topeng monyet nggelar tontonan. Kala iku bojog hang nganggo topeng kaya menungsa, nyangking temba cilik kanggo njaluki picis ring wong-wong hang nonton. Ana kerenteg ring jero atine Thulik, ”Iya Sira mung bojog, kewan, pantes sing duwe isin, sing duwe akal dadi dienggo memengan menungsa, dikongkon paran bain nurut, pokoke dipakani sampek wareg,”
Kuwasane Allah mari kerenteg gedigu, bojog ana ring ngarepe Thulik, aju Thulik ngelebokena picis ring temba hang dicangking bojog iku. Biyasahe kadhung wis mari diweni picis bojoge aju ngalih, taping saiki bojog iku magih ana ring ngarepe Thulik ambi mandengi Thulik, kaya-kaya arep ana hang disampekaken.
Maning-maning ring jero atine Thulik, bojog iku kaya ngomong, "Lik Thulik, mula Isun iki mung bojog, kewan hang sing duwe akal, dikongkon paran bain Isun kudu nurut. Rainisun ditutupi topeng wujud menungsa, merana-merene dikongkon jugedan nanjegi unine tabuhan, aju dikongkon ngemis njaluki picis. Isun pantes sing duwe isin, Isun ngemis, Isun sing nyolong, turneya kadhung Isun nyolong ya sing paran-paran kerana Isun iki mung kewan hang sing duwe akal. Lik Thulik, sawangen tingkahe donya, akeh menungsa hang lali dadi menungsa, atine kerahang ngalah-ngalahi kewan garang, akale ilang merga nggerangsang. Ambekane wujud menungsa, taping tingkah lakune sing mupakat. Duwe akal taping rasa isin ditinggal, ngemis nganggo bandha bathuk kelimis, nyolong nganggo bandha omong. Rupa menungsa iku mung topenge, kaya Isun nganggo topeng iki, ati lan tingkahe ngelebihi Isun, rasa isin lan imane musna keurug donya.Tulih-tuliha Lik hang ati-ati, katone alim temakena dolim, golet donya kedhok agama, rebutan pelungguhan adol ayat-ayate Pengeran. Hang bener dadi salah, hang salah dadi bener, akeh menungsa hang padha kebelinger”.
Thulik njingkat kaya ana hang ngagetaken, disawang sak ubenge wis sepi uwong, bojog hang ring ngarepe mau uga wis ilang. "Dina iki Isun ulih ilmune Gusti Allah hang diwuruki bojog,"
Thulik mulih melaku gancang, merga wis emeh waktune sembayang. Sing leren-leren Thulik ulihe nyukuri nikmate Pengeran hang dina iki rupa ilmu diwulang kewan.
Bumi sholawat badar
Banyuwangi, 23-1-2022
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
-38829.jpg)
_Dhayoh!-84715.jpg)