Anggitane: NURHARIRI
(Minggu, 05 Desember 2021 09:08 WIB)

(Cerita Cendhek) Thulik lan Widadari Dalu


Thulik larene gantheng, perawakane dhuwur, rambute dawa sak pundhak, masiya anake kyai lan nguwasani ilmu agama, naming iyane tampil belaka suta, paran anane. Sing lali iyane milu nguri-uri budaya Using, saben dinane sing lali nganggo udheng hang diuweni Kik Madun nalika magih mondhok nggolet ilmu. Saben dinane kadhung omong-omongan ambi wong liya uga nganggo basa Using. Ngajari santri-santrine uga nganggo budaya Using. Kadhung sedheng sing ana digawe, iyana nganggit gurit basa Using, ana wangsalane, basanan, lan liyane. 

Sak liyane ngajar ring pondhoke dhewek, Thulik uga ngajar ring endi-endi, teka ring langgar sijine aju ring langgar liyane. Sing jarang dikongkon ceramah muludan, mi’rodan, yatiman, lan liyane. Kadhung panggone parek Thulik melaku bain, kadhung adoh, Thulik nggawa sepidhah montore. Thulik sing tau gelem kadhung dipapag nganggo montor. Kadhung wis nunggang sepidhah montore Thulik katon gagah, ambi nganggo udheng hang nutupi rambut ndhuwure, rambute hang dawa mubal-mubal keterak angin. Wong wadon hang nyawang sapa hang sing kebimbang, paran maning unyike nggawe ati kesangsang.

Thulik nyirami kembange hang ana ring latar umahe. Lambene Thulik cemat-cemit nderes Quran, tangane telikas nyirami kembang nganggo gembor. Ana sak pasang mata hang meneng-meneng ngewasi tingkah polahe Thulik. Lare hang ngewasi iku arane Aisyah, hang dadi santri emake Thulik. Aisyah larene ayu magih umur limalas taun, iyane sedheng ngapalaken Quran, lan wis apal rongpuluh juz. Meneng-meneng Aisyah nyidhem rasa, Aisyah sing rumangsa gok buru mucil, mangsa ngarep magih dawa. “Kembang pucil dirumat aja sampek cicir, impene magih dawa durung ngelilir, durung wayah ngumbar welas lan ngesir, jodho wis ditulis aja kuwatir. Kuwajiban hang disangga aja disiya-siya, luru ilmu nggugu ring guru, urip mukti ring Pengeran mituhu”.

Aisyah melayu ngecir kerasa isin atine, welase hang disidhem ditanggapi Thulik nganggo rasa hang adhem. Ana rasa maneka rupa ring jero dhadha, rasa cuwa, gela, kedhuhung, ati kadhung kekurung. Thulik wis weruh gok ana hang nyidhem rasa, naming Thulik hang alim iku dudu wong hang nganggo aji mumpung, wis akeh wong hang ngarepaken Thulik kanggo anak wadone hang disampekaken ring Kyai Zarqoni, naming Thulik ngomong durung ana kekarepan umah-umah.

Kira-kira jam sewelas, Thulik mari ceramah ring Rogojampi, Thulik mulih nunggang sepidhah montor melaku edheng-edheng, rambute hang dawa dipuket nganggo udheng, hang nggarai peraenane tambah gantheng. Thulik kerasa ngantuk, gadug Dadapan Thulik mandheg ring salah sijine warung kopi hang jejer ring pinggir lurung. Thulik pesen kopi pait sak cingkir, sing lali gedhang goreng anget-angetan dadi kancane ngopi. Sedurunge melebu warung mau Thulik kecaruk ambi lare wadon ayu hang nguweni esem. Lare wadon iku meneng-meneng teka njaba warung mandengi Thulik terus. Thulik sing bisa tingkah kerana ana hang mandengi, Thulik sing betah, aju ngomong, "Aja mung mandeng kadhung seneng. Rasa hang ana aja dibebeng. Cekelen rawaten talenana hang kengkeng. Kerana rasa welas sing mung ndeleng,”

Lare wadon iku kerasa ambi paran hang diucapaken Thulik, iyane nyander melebu warung sing sungkan-sungkan lungguh ring sandhinge Thulik.

"Isun ulih lungguh ring kene Kang?” Lare wadon iku abang-abang lambe takon ring Thulik. Thulik mesem ambi jawab, "Ulih bain, iki yara warung umum, Dhik”.

Lare wadon iku mesem-mesem rungu jawabe Thulik. "Kenalaken aranisun Wirdu Kang. Rika sapa Kang, kari gantheng ya,” lare wadon iku sing sungkan maning nakoni Thulik.

“Aranisun Thulik, Dhik. Rika wong ayu magih enom, wong tuwekrika sing bingung tah nganteni ring umahe, maning arane kari apik ya, Wirdu ana artine tah Dhik?” Thulik balik takon nyang Wirdu.

Wirdu rada kemisinen ulihe semaur, "Kelendi maning Kang, kahanan hang maksa Isun kudu melek bengi. Isun megawe nggolet rejeki kanggo penguripan emakisun hang wis tuwek. Wirdu iku widadari ring wayah dalu, ubete ring bengi sintru, ngancani adhem hang njelu, akeh wong lanang hang kepilu, sing jarang akeh hang padha kelayu, welase melebu metu, omonge sing ana hang nggugu. Saben bengi mung ngarep-ngarep mudhune ndaru,”

Thulik seru pahame paran hang dadi undharasane Wirdu, kerana Thulik sak liyane paham agama uga penyair hang milu nguri-uri budaya Using.

Thulik njawab nganggo gurit Using, "Widadari dalu. Eseme manis rupane ayu. Ati hang tipis bisa kelayu. Kedanan sing bisa turu. Kaya kembang hang mekar. Sebrang-sebrung gandane ambar semebar. Kembang pethetan ring pinggir dalan. Mekar mung sak bengian. Isuk alum ngelepruk gandane ilang. Angles ngenes sing ana hang nyawang..”

Wirdu mesem-mesem rungu guritane Thulik. Thulik mangan gedhang goreng, ”Ayo, Dhik gedhang gorenge mumpung panas, ambi nganteni kopine,” Wirdu hang sing ngerti sapa setemene Thulik ngalem njaluk dulang gedhang goreng, "Isun kepingin Rika dulang, Kang." 

Thulik sing duwe risih enak bain ndulang Wirdu hang nyacak ngerumrum iyane. Wirdu saya wani mepet Thulik, aju mbisiki Thulik,  "Sing kepingin ngajak Isun turutah kang?”

Thulik njawab, ”Ya wis gampang engko bain. Ngopi sulung, aju madhang. Rika kepingin madhang sega paran?”

Wirdu njawab sing duwe sungkan, "Isun ngelawang banyu Sega Tempong, Kang,"

Sing kalah Thulik njawab wangsalane Wirdu, "Ana jajang kembang-kembang ring segara, Dhik, aja kuwatir Sun sembadani penjalukrika..”

Thulik pesen Sega Tempong rong piring. Sing suwi Sega Tempong lan kopi wis ana ring ngarepe Thulik lan Wirdu, sing kathikan ditawani Wirdu aju muluk segane laplep kaya wong durung mangan sakat isuk. Thulik ngengetaken Wirdu, "Elom ya elom, naming aja napsu, aja lali ‘Bismillah’ makene selamet sak suwine madhang, berkah lan sing dikembuli setan,”

Wirdu kerasa isin aju maca Bismillah lirih. Sing suwi sega sak piring gemet, Thulik ngelirik Wirdu ambi mesem, ”Hemm, imbaltah Dhik?”

Wirdu semaur,  "Alhamdulillah, emong Kang wis wareg,”

Thulik muluk segane edheng-edheng, ngerasakaken pedhese Sega Tempong, mula bener lambene kaya ditempongi. Piringe Thulik wis kosong, Thulik ngombe sak gelas banyu putih sampek entek. Wirdu hang wis suwi nganteni sing serantan aju mbisiki Thulik, "Ayok Kang hang gancang, jare arep turu ambi Isun. Nawi ana wong lanang maning hang ngarepaken Isun.."

Thulik gemuyu, "Hahaha, wis ning kene bain ngancani Isun sewengi, Sunbayar lebih teka biyasahe Rika ulih pira,"

Kaya sapi hang dicocok bacote, Wirdu nuruti kekarepane Thulik. Wong loro iku gesah sing kerasa sampek jam telu, Thulik ngajak Wirdu mulih, "Ayok mulih wis emeh subuh, Sun ateraken sampek ring umahrika, engko nggadug umah, Rika Sun bayar, saiki nawi Rika kepingin nggawa paran njuwuta digawa mulih."

Sing kathik sungkan Wirdu njuwut Sega Bungkus loro. "Isun njuwut sega bungkus loro Kang, kanggo sarapanisun lan Emak,” Thulik mbayar paran bain hang dipangan lan diombe.

Thulik lan Wirdu metu teka warung aju nyetater sepidhah montore, Wirdu gonceng ring mburi. Sepidhah montor melaku ring lurung hang sepi, mung dikancani suwarane kewan dalu lan adheme hawa hang nggarai njelu. Wirdu meneng celakep, ana rasa hang sing bisa dirasa, rasa hang gemulak ring ati, paran anane sing ngarti, rasa iku nggawe banyu mata ngepusi pipi. Lambene gemuyu naming batine palsu. Widadari dalu bisane mung kantru-kantru. Thulik mandheg ring ngarep umah pager jajang, Wirdu mudhun teka sepidhah montor, pipine kepus banyu mata. Thulik hang mari ceramah ulih amplopan, sing kathik diiling-ilingi pira ulihe, aju bain amplop iku dielungaken nyang Wirdu, "Iki bayaranrika ngancani Isun sewengian, muga bisa nulung Rika,”

Wirdu nampani amplop iku, aju nangis ring ngarepe Thulik, "Setemene Rika iki sapa Kang, menungsa tah malaikat, kok ana wong apike kaya gedigi. Isun isin Kang. Rika sing ngapak-apakaken Isun taping Rika magih mbayar Isun.. terima hang gedhj ya Kang,”

Thulik mung mesem rungu omonge Wirdu. "Isun Iki menungsa biyasah Dhik, dudu malaikat, Isun kawulane Gusti Allah, hang duwe kewajiban nulung sak padha-padha. Isin aja ring menungsa, isin iku nyang Gusti Allah, isin ngelakoni dosa, isin iku kadhung ninggalaken paran hang dadi kewajiban,”

Wirdu tambah mesesegen tangise, "Isun kudu kelendi Kang, Isun ngerumat Emak hang wis tuwek, sing duwe kepinteran, bisanisun mung dodol welas, dhonge puwas Isun dikiplas. Isun kepingin tobat, taping awak iki wis cacat, lakunisun bejat, dosane sak jagat, ndane magih bisa tah diterima tobate awak hang wis mesakat?”

Thulik mudhun teka sepidhah montore, "Sapa-sapane wong hang ngelakoni ala lan dhurhaka, nganiyaya ring awake dhewek, aju njaluk sepura ring Gusti Allah, mangka wong iku weruh Gusti Allah Dat Hang Maha Ngapura lan Welas Asih. Aja tatas ring rahmate Pengeran hang luwas, kerana Welase iku nyulungi Amuke. Sak akeh-akehe dosa sing mbandhingi Welase Hang Kuwasa. Tobat iku bisa diterima sedurunge ilang nyawa teka raga. Sun jaluk ayok tobata, lakonrika magih dawa,”

Wirdu magih nangis, "Isun kepingin tobat Kang, taping Isun kudu kelendi, bisanisun mung gedigi,”

Thulik nerusaken nasihate, "Insya Allah picis ring njero amplop iku cukup kanggo bandha ihtiyarika, kaya dodol goreng-gorengan lan ombenan, aja kuwatir rejekine Gusti Allah wis pasthi. Isun sing bisa ngajak Rika ring suwarga, taping sak using-usinge aja sampek narik Rika ring neraka,”

Wirdu hang magih nangis bener-bener ngerasa kesuwun nyang Thulik, ”Alhamdulillah Kang, terima temenan.. muga paran hang Rika lakoni iki ulih balesan teka Gusti Allah, Insya Allah Isun bisa ihtiyar nganggo bandha teka Rika iki..”

Thulik nerusajen wekase, ”Alhamdulillah, muga-muga berkah Dhik.. wis saiki gancang muliha, mumpung subuh magih suwi, Rika adus tobat aju sembayang tobat, temenanan njaluka sepura ring Gusti Allah. Akeh-akehana maca istighfar Astaghfirullahal ‘adzim, rumangsa getun ring dosa-dosa hang wis dilakoni."

Saiki Wirdu nangis ambi watuk-watuk, iyane pamitan ring Thulik. Wirdu mbukak pager umahe, iyane kaget ring njero pager ana kucing gering lan anake loro, kucing telu iku keang-keong ngerasakaken elom kaya sedina mau durung madhang, Wirdu njuwut sega bungkusan hang digawa, aju dibukak bungkusane dideleh ring ngarepe kucing iku. Wirdu mesem weruh kucing telu iku kerahang, ambi melayu Wirdu melebu umahe, sing suwi iyane metu maning nggawa wadhah isi banyu kanggo ngombeni kucing-kucing iku. Ambi watuk-watuk Wirdu nyelehaken wadhah isi banyu iku ring pareke sega, aju kucing-kucing iku padha ngombe.

Thulik hang nyawang polahe Wirdu mesem, ”Ya Robb, Panjenengan ngapura dosa-dosane, keranten panjenengan Maha Ngapura lan Maha Welas Asih. Aamiin..”

Thulik nyetater sepidhah montore melayu anter mulih nyang umahe.

Kira-kira jam 11, Thulik turu sedhela nganteni sembayang lohor, sakjerone turu iku Thulik ngipi ketemu wong ayu hang lungguh ring kursi endah lan direngga watu permata, kelambine teka kain sutra, tajuge teka emas kuning lan emas putih digebyahi inten berlian. Thulik nyawang lare ayu iku kaya-kaya tau kenal, lare wadon iku mesem ring Thulik, ”Kang, Isun ngucap kesuwun nyang Rika kerana wis nduduhi Isun dalan hang apik, dalan hang diridhoi Pengeran. Isun Wirdu Kang, lare hang Rika tulung uni bengi,” 

Thulik heran, ”Ya Allah Dhik, Isun pangling ring Rika, kok Rika ring kene Dhik, ring panggon hang mulya, amalan paran hang Rika lakoni sampek Gusti Allah ridha lan manggonaken Rika ring panggon hang mulya Iki?”

Wirdu ambi mesem semaur, ”Alhamdulillah Kang, Isun ulih hidayahe Gusti Allah, mari makani kucing lan anake Isun melebu umah aju adus terus sembayang tobat Kang, Isun sing mingser-mingser teka sajadah, nangis nggetuni polahisun iki, ambi maca istigfar Isun njaluk sepura ring Pengeran, kaya-kaya Isun adus banyu mata serang keseron ulihisun nangis, tepak adan Subuh Isun sing kuwat ngadek, kepaksa Isun sembayang Subuh ambi lungguh, nalika Isun sujud hang pungkasan serang senenge Isun bisa munajat ring Gusti Allah, sampek Isun lali paran-paran, cumpune Isun wis ana ring kene. Ana suwara hang nguweni weruh gok Gusti Allah wis nerima tobatisun lan nyepura dosa-dosanisun lan Gusti Allah ridha nalika Isun makani kucing lan anake hang emeh mati kerana elom. Kerana Isun melasi mahluk hang ana ring bumi, Isun diwelasi wong-wong hang ana ring langit..”

Thulik kaget ngelilir teka turune kerana rungu adan lohor, aju Thulik njenggirat tangi melaku ring padasan kanggo wuduk arep sembayang lohor. Mari jamaah sembayang lohor Thulik gancang-gancang nyetater sepidhah montore nuju umahe Wirdu arep nyatakaken paran hang ana ring ngipine. Thulik nunggang sepidhah montore ngebut ngalah-ngalahi Valentino Rossi, sampek ring ngarep umahe Wirdu atine kemesud, paran hang dadi ngipine kedadeyan temenan. Magih sing percaya Thulik arep takon ring wong hang ana ring kono. Ketepakan ana wong lanang tuwek hang arep melebu ring pager umahe Wirdu, Thulik uluk salam, ”Assalamualaikum Pak, enten napa kok rame niku pak?”

Wong tuwek iku semaur, ”Keponakanisun Winda mau mari subuh ninggal donya, Alhamdulillah ninggale apik nalika magih sujud sembayang Subuh, iyane sakat magih cilik wis duwe lara jerohan sangking bain sing dirasa..”

Thulik heran aju takon maning, "Iki yara umahe Wirdu Pak, Winda iku adhike Wirdu tah?  Sak weruhisun Wirdu sing duwe dulur, mung jakloron manggon ring kene,”

Pamane Wirdu njawab, "Wirdu iku aran celukane, aran aseline Winda. Iyane megawe bengi ring warung, jare kanca-kancane unibengi mulih diateraken Thulik anake Kyai Zarqoni, endane lare iki ulih nasehate Thulik? Lare iki memeruh gelem sembayang Subuh, emake arep sembayang Subuh kaget ana Winda gelem sembayang lan sedheng sujud. Emake nganteni Winda sampek mari sembayang, dianteni sampek suwi Winda sing tangi- tangi teka sujude. Emake mareki Winda lan nyawang ring sajadah ngembung banyu mata lan ring ngisor cangkeme ana getih hang wis kenthel, ambekane wis mandheg, awake wis anyep. Emake bencah tangise, Winda dipeluk singset ambi nangis sak anter-antere, tanggane hang rungu padha mara kepingin weruh kedadeyan ring njero umah iku. Weruh emake Winda hang meluk singset anake, wong-wong padha nulung emake hang gulung kuming nangisi anake hang wis ninggal donya. Ring kamare Winda ditemokaken siji sega bungkus lan amplop isi picis ana tulisane Thulik, pantese picis iku diuweni Thulik unidalu tepak ngateraken Winda. Alhamdulillah picis iku keneng dienggo bandha ngurus mayite Winda,”

Thulik manthuk-manthuk tandha paham,  "Enggih pun, Pak, kesuwun,” 

Thulik nyetater sepidhah montore mulih ring umahe. Pamane Winda buru sadhar, ”Sapa lare iki mau, rambute dawa lan nganggo udheng, Thulik iku jare wong-wong rambute dawa lan nganggo udheng, Subhanallah lare iki mau cumpune Thulik..”

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor